Tibèt Kuna iku tegesé mangsa uriping basa-basa Tibèt sing kacathet ana naskah-naskah Kraton Tibèt saka madyaning abad angka 7, nalika kraton nembé ngangkat aksara, nganti purwaning abad angka 11 M.

Tibèt Kuna
Turfan fragment tibt.jpg
Dituturaké ing Tibèt
Gunggung panutur
Rumpun basa Cithakan:Infobox Language/genetic2
Sistem tulisan Aksara Tibèt
Kodhe basa
ISO 639-1 None
ISO 639-2
ISO 639-3 otb



Cithakan:Infobox Language/IPA notice

Ana taun 816 M, sajeroning panguwasaning Sadnaleg, basa sastraning Tibèt menangi owah-owahan agung kanthi madhakaké basa lan tetembungan ana ing pertalan serat-serat saka India. Paugeran anyar iki banjur miwiti mangsa sing diarani mangsa Tibèt Klasik.[1]

Fonologi

besut

Fonologi Tibèt Kuna kaciri ing pirang-pirang cihna (fitur) sing banjur cicir ana ing mangsa Tibèt Klasik, ya iku uni my- (dadi m- ana ing basa Tibèt Klasik) sadurungé uni swara (uni vokal) -i- lan -e-, uni golongan sts- (dadi s-), lan wujud kawalikaning aksara swara "i" (gi-gu).[2]

Pranata kasus

besut

Morfologi kasus awujud sandhangan (afiks) tumrap kabèh frasa nomina, dudu tembung-tembung tunggal (Gruppenflexion). Basa Tibèt Kuna duwé sepuluh kasus padha kaya ta basa Tibèt Klasik:[3]

  • absolutif (legena, tanpa tetenger morfologis)
  • gènitif (གི་ -gi, གྱི་ -gyi, ཀྱི་ -kyi, འི་ - 'i, ཡི་ -yi)
  • agèntif (གིས་ -gis, གྱིས་ -gyis, ཀྱིས་ -kyis, ས་ -s, ཡིས་ -yis)
  • lokatif (ན་ -na)
  • alatif (ལ་ -la)
  • tèrminatif (རུ་ -ru, སུ་ -su, ཏུ་ -tu, དུ་ -du, ར་ -r)
  • komitatif (དང་ -dang)
  • ablatif (ནས་ -nas)
  • élatif (ལས་ -las)
  • komparatif (བས་ -bas)

Nanging mangkono, sanajan lokatif, alatif, lan terminatif alon-alon kaguwang saka basa Tibèt Klasik (lan kaanggep tradhisi tatabasa purwa la don bdun), saben kasus iki nduwé piguna dhéwé-dhéwé ana ing basa Tibèt Kuna.[4]

Juru tatabasa Tibèt Tradhisional ora mbédakaké tetenger kasus kaya ta mangkéné, nanging nggolongaké morfèm-morfèm kasus iki (kajaba -dang karo -bas) dadi wolung kasus miturut basa Sangskreta.

Tembung sesulih

besut

Ana telung tembung sesulih kapisan tunggal ana ing basa Tibèt Kuna: ང་ nga, བདག་ bdag, lan ཁོ་བོ་ kho-bo, lan telung tembung sesulih kapisan jamak: ངེད་ nged, བདག་ཅག་ bdag-cag, lan འོ་སྐོལ་ 'o-skol. Tembung sesulih kapindho ana rong tembung tunggal ཁྱོད་ khyod karo ཁྱོ(ན)་འདའ་ khyo(n)-'da' lan satembung jamak ཁྱེད་ khyed.[5]

Rujukan

besut

Cathetan sikil

besut

Karya sing dipethik

besut
  • Hill, Nathan W. (2010a), "Overview of Old Tibetan synchronic phonology" (PDF), Transactions of the Philological Society, 108 (2): 110–125, doi:10.1111/j.1467-968X.2010.01234.x, diarsip (PDF) saka asliné ing 2013-07-28, dibukak ing 2015-10-02.
  • —— (2010b), "Personal pronouns in Old Tibetan" (PDF), Journal Asiatique, 298 (2): 549–571, doi:10.2143/JA.298.2.2062444, diarsip (PDF) saka asliné ing 2013-08-01, dibukak ing 2015-10-02.
  • —— (2011), "The allative, locative, and terminative cases (la-don) in the Old Tibetan Annals", New Studies in the Old Tibetan Documents: Philology, History and Religion (PDF), Old Tibetan Documents Online Monograph Series, vol. 3, Tokyo: Research Institute for Languages and Cultures of Asia and Africa, Tokyo University of Foreign Studies, kc. 3–38, diarsip saka sing asli (PDF) ing 2020-11-05, dibukak ing 2015-10-02.
  • —— (2012), "Tibetan -las, -nas, and -bas" (PDF), Cahiers de Linguistique Asie Orientale, 41 (1): 3–38, diarsip (PDF) saka asliné ing 2014.
  • Hodge, Stephen (1993), An Introduction to Classical Tibetan (édhisi ka-revised), Warminster: Aris & Phillips, ISBN 978-0-85668-548-4.

Pranala njaba

besut