Tomesode
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Tomesode (留袖?) inggih punika kimono paling formal kanggé wanita ingkang sampun mantèn [1]. Tomesode saking kain krep kanthi warna ireng ingkang dipunwastani kurotomesode (tomesode ireng), lajeng tomesode ingkang saking kain krep mawi warna dipunwastani irotomesode (tomesode warna). Miturut urutan tingkang formalitas, tomesode punika busana ingkang paling formal sejajar kaliyan busana wengi. Istilah tomesode asalipun saking tradisi wanita ingkang sampun mantèn utawi sampun nglampahi genbuku kanggé damel cendhak lengen furisode ingkang dipun-ginakaken nalika taksih enèm [2].
Kurotomesode namung dipunagem minangka busana formal dhateng pista mantènan sanak sadulur, pista-pista, sarta upacara ingkang resmi sanget. Kimono jinis punika kalebet busana ingkang dipunagem garwa nakōdo nalika dugi ing pista mantènan. Bahan kanggé kurotomesode inggih punika kain krep ireng tanpa motif tenun. Corak minangka tandha kabegjan kados manuk jenjang utawi seruni ing pérangan ngandhap kimono. Posisi corak kain punika trep kaliyan umur ingkang ngginakaken, sansaya inggil yuswanipun lajeng corak kain ingkang dipunagem punika mapanipun sansaya mangandhap. Lambang kulawarga kanthi jumlah gangsal: satunggal wonten ing punggung, satunggal pasang wonten ing wingkingipun lengen, lan sepasang malih wonten ing dhadha pérangan nginggil.
Benten kaliyan kurotomesode, irotomesode boten kedah dipunhiasi kaliyan gangsal lambang kulawarga. Gumantung kaliyan formalitas adicaranipun, irotomesode cekap dipunjangkepim tiga lambang kulawarga (satunggal wonten ing punggung, satunggal pasang wonten ing pérangan lengen) utawi cekap satunggal ing pérangan punggung. Irotomesode dipunagem minangka busana formal nalika dipunulemi dhateng adicara mantenan sanak sadulur, ugi upacara resmi. Kain kanggé irotomesode saged wujud kain krep tanpa motif tenun utawi kain krep mawi motif tenun kados monishō, rinzu, lan shusuji. Wanita dèrèng manten ugi kénging ngginakaken irotomesode, nanging manawi sampun sepuh utawi boten purun ngginakaken homongi. Upacara resmi ing astana kaisar para tamunipun ngginakaken. Ireng punika minangka warni dhuka kalebet alesan kénging menapa kurotomesode boten dipunagem.
Sajarah
besutMiturut tradisi jaman Edo, wanita ingkang sampun manten ngewahi furisode ingkang naté dipun-ginakaken nalika taksih enèm. Tradisi ingkang sami kanggé wanita enèm ing nginggilipun 18 taun ingkang sampun genbuku, nanging dèrèng mantèn.[3] Lengen furisode ingkang dawa dipungunting, lan bikakan ing lengen furisode (furiyatsuguchi) dipunjait. Ing kala punika, wanita enem ingkang melambaikan lengen furisode minangka pratandha nalika wonten jaka ingkang dipunremeni. Bibar manten, lengen furisode ingkang dawa boten dipunagem malih lan dipungunting. Tradisi mau dipunwastani tomesode amargi sode (lengen kimono) dipundamel mandeg (tomeru).[3] Saking tradisi mau, kimono formal kanggé wanita ingkang sampun manten dipunsebat tomesode.
Kimono ingkang wonten sapunika minangka tomesode inggih punika kimono mawi corak edozuma (江戸褄?) wonten ing suso (pérangan ngandhap kimono). Saking ngandhaping gulon (kerah) dumugi pérangan ngandhap kimono dipunhiasi mawi corak minangka tandha kabegjan. Corak ingkang sami kondhang wonten ing kalangan geisha ing Edo nalika 1804-1829. Corak mau saged ugi niru saking kimono ingkang dipunagem ing Ōoku saéngga dipunwastani edozuma.[4]
Cathetan suku
besut- ↑ Pakaian tradhisional Jepang[pranala mati permanèn], (dipunakses tanggal 16 Fèbruari 2013)
- ↑ Kimono[pranala mati permanèn], (dipunakses tanggal 16 Fèbruari 2013)
- ↑ a b "留袖". 日本文化いろは事典.
- ↑ Tanaka, Masako (1997). 着付けをマスターする (Kitsuke o master suru). Tokyo: 女性モード社. kc. 146. ISBN 4-9152-5955-2.
{{cite book}}
: Text "url" ignored (pitulung)