Tri Rismaharini

Mantri Sosiyal Indhonésiya kaping 31

Dr. (H.C.) Ir. Tri Rismaharini, M.T. utawa sing akrab disapa Risma (lair ing Kediri, Jawa Timur, 20 Novèmber 1961; umur 62 taun)[3] yaiku Menteri Sosial Républik Indonésia ing Kabinét Indonésia Maju mulai 23 Dhésèmber 2020. Sadurungé, Risma njabat minangka Wali Kutha Surabaya ing 28 Sèptèmber 2010 nganti 28 Sèptèmber 2015 lan 17 Februari 2016 hingga 23 Dhésèmber 2020. Risma dadi wong wadon kapisan sing kapilih minangka Wali Kutha Surabaya sadawané sejarah. Risma uga kacatet minangka wong wadon kapisan sing dipilih langsung dadi wali kutha liwat pemilihan kepala dhaèrah sadawané sejarah demokrasi Indonesia ing jaman réformasi lan dadi kepala dhaèrah kapisan ing Indonésia sing bola-bali kalebu dhaptar pimpinan paling apik sadunya.[4]

Dr.(H.C.) Ir.
Tri Rismaharini
M.T.
Wali Kutha Surabaya 23
Wiwit linggih
17 Fèbruari 2016
PrésidhènJoko Widodo
GubernurSoekarwo
LitnanWisnu Sakti Buana
Kang sadurungéNurwiyatno
(Pejabat)
Kang sawiséEri Cahyadi
Linggih
28 Sèptèmber 2010 – 28 Sèptèmber 2015
PrésidhènSusilo Bambang Yudhoyono
Joko Widodo
GubernurSoekarwo
LitnanBambang Dwi Hartono (2010–13)
Wisnu Sakti Buana (2014–15)
Kang sadurungéBambang Dwi Hartono
Soekamto Hadi
(Pelaksana Tugas)[1]
Kang sawiséNurwiyatno
(Pejabat)[2]
Rerincèn dhiri
Lair (1961-11-20) Novèmber 20, 1961 (umur 62)
Indhonésia Kediri, Jawa Timur, Indonésia
Bangsa Indonésia
Parté pulitik30px Partai Demokrasi Indonesia Perjuangan
SisihanIr. Djoko Saptoadji
AnakFuad Bernardi
Tantri Gunarni
AlmamaterInstitut Teknologi Sepuluh Nopember
PanggaotaInsinyur
Politikus
AgamaIslam

Kanthi pemilihan langsung, Risma ngganti Bambang Dwi Hartono sing bakalé dadi wakilé. Gandèngan Risma-Bambang menang ing pilkada Surabaya 2010 kanthi cacah suwara nganti 358.187 suwara utawa 38,53 persen daka cacahé suwara total. Gandèngan iki dilanthik ing tanggal 28 Sèptèmber 2010 karo Gubernur Jawa Timur, Soekarwo, ing sidang paripurna DPRD Kutha Surabaya.[5] Nanging ing satengahing jabatan, Bambang D. H. mundur saka wakil wali kutha tanggal 14 Juni 2013 amarga melu dadi calon Gubernur Jawa Timur ing pilkada Jawa Timur 2013.[6] Sawisé kuwi, Risma direwangi karo Whisnu Sakti Buana, minangka wakil wali kutha Surabaya ing sidang paripurna DPRD Kota Surabaya tanggal 8 Novèmber 2013 lan dilanthik tanggal 24 Januari 2014.

Sadurungé dadi wali kutha, Risma njabat Kepala Dinas Kebersihan dan Pertamanan (DKP) Kutha Surabaya lan Kepala Badan Perencanaan Kota Surabaya (Bappeko) nganti taun 2010.[7] Risma ngawiti pagawéyané minangka pegawe negeri sipil (PNS) Kutha Surabaya awit taun 1990-an.

Tanggal 14 Sèptèmber 2018 ing Kongres UCLG-ASPAC 2018 (Kumpulan Pamarèntah Kutha lah Dhaèrah sak Asia Pasifik) ing Surabaya, Tri Rismaharini kapilih minangka Presiden UCLG-ASPAC kanggo taun 2018-2020 nggantèni Gubernur Provinsi Jeju, Korea Selatan, Won Hee-ryong.[8] Tri Rismaharini dilanthik Presiden Joko Widodo dadi Menteri Sosial tanggal 23 Dhesèmber 2020. Dhèwèké nggantèni Juliari Batubara sing katuduh korupsi bantuan sosial (bansos) COVID-19.[9]

Babad salira besut

Kaluwarga besut

Tri Rismaharini yaiku anak katelu saka lima saduluran saka bebojoan Mochammad Chuzaini dan Siti Mudjiatun. Risma dilairake ing Kediri, Jawa Timur ing tanggal 20 Novèmber 1961. Cilikané luwih akéh ing Kediri. Ing umur welasan, dhèwèké sakaluwarga kudu pindah nang Surabaya.

Tri Rismaharini omah-omah karo Djoko Saptoadji lan diparingi 2 putra, yaiku Fuad Bernardi lan Tantri Gunarni. Risma uga isih nduwéni prénah dulur karo Menteri Pendidikan dan Kebudayaan ing Kabinet Indonesia Bersatu II, Mohammad Nuh saka bapaké.[10]

Pendhidhikan besut

Riwayat pendhidhikané diwiwiti saka sekolah dhasar nagari ing Kabupatèn Kediri pungkas taun 1973. Lajeng nerusake ing sekolah lanjutan kaping pisan nagari 10 Surabaya lan sekolah lanjutan kaping ndhuwur nagari 5 Surabaya. Risma lajeng nerusake kuliyah ing Institut Sepuluh Novèmber Surabaya ing jurusan Arsitektur. Piyambake lajeng nerusaken S2 ing kampus ingkang sami nanging ing jurusan Manajemen Pembangunan. Liyane sekolah ing pendhidhikan formal piyambake nggih mundhut pendhidhikan nonformal kayata pelatihan lan kursus.

Pagawéyané besut

Ngagem gelar dados walikota piyambake lampahi saking dalan karir inggih punika[11]:

  • Kepala Seksi Tata Ruang dan Tata Guna Tanah Badan Perencanaan Pembangunan Kota Surabaya (1997)
  • Kepala Seksi Pendataan dan Penyuluhan Dinas Bangunan Kota Surabaya (2001)
  • Kepala Cabang Dinas Pertamanan Kota Surabaya (2001)
  • Kepala Bagian Bina Pembangunan (2002)
  • Kepala Bagian Penelitian dan Pengembangan (2005)
  • Kepala Badan Perencanaan Pembangunan Kota Surabaya (2008)
  • Kepala Dinas Kebersihan dan Pertamanan Kota Surabaya (2010)
  • Wali Kota Surabaya (2010—2015; 2016—2020)
  • Presiden United Cities and Local Governments Asia-Pacific (2018—2020)
  • Ketua DPP PDI Perjuangan Bidang Pendidikan dan Kebudayaan (2019—sekarang)
  • Menteri Sosial RI (2020—sekarang)

Cathetan suku besut

  1. Soekamto Hadi Plt Wali Kota Surabaya
  2. Dilantik Soekarwo, Nurwiyatno Gantikan Risma
  3. "Salinan arsip". Diarsip saka asliné ing 2014-02-24. Dibukak ing 2014-02-23.
  4. Media, JPNN.com (22 Dhésèmber 2020). "Profil Tri Rismaharini". JPNN.com. Dibukak ing 22 Dhésèmber 2020.
  5. "Tri Risma Harini, On Air Demi Warga". Diarsip saka sing asli ing 2010-12-11. Dibukak ing 31 Januari 2011.
  6. "Bambang DH Resmi Lengser sebagai Wakil Walikota Surabaya". SURYA.co.id. 14 Juni 2013. Diarsip saka asliné ing 2013-06-19. Dibukak ing 2013-07-26.
  7. "Salinan arsip". Diarsip saka asliné ing 2020-02-20. Dibukak ing 2020-02-20.
  8. "Risma Secara Aklamasi Terpilih Sebagai Presiden UCLG Aspac". Diarsip saka asliné ing 2018-09-15. Dibukak ing 2018-09-15.
  9. Tim detikcom (22 Dhésèmber 2020). "Jokowi Tunjuk Risma Jadi Menteri Sosial". detikNews. Diarsip saka asliné ing 2020-12-22. Dibukak ing 2020-12-22.
  10. "Risma, Cicit Pendiri NU dan Azimat Kekebalan Resolusi Jihad". Diarsip saka asliné ing 2020-01-11. Dibukak ing 2020-01-11.
  11. Jabatan saka Tri Rismaharini

Pranala njawi besut

Pranala buku besut

Rosyidin Iding, Gun Heryanto (2015). 10 Tokoh Transformatif Indonésia. Jakarta: Penerbit Erlangga. ISBN 978-602-298-280-7.