Wayang bèbèr Remeng Mangunjaya
Wayang bèbèr Remeng Mangunjaya inggih punika ringgit bèbèr ingkang nglakonaken lakon Kyai Remeng utawi Remeng Mangunjaya. Ringgit punika sampun wonten wiwit jamanipun Pakubuwana II ingkang ngewrat cariyos-cariyos Panji. Sapréné, ringgit bèbèr Remeng Mangunjaya ingkang asli sinimpen ing Dhusun Gelaran, Désa Bèjiharja, Kacamatan Karangmaja, Kabupatèn Gunungkidul.[1][2]
Sajarah
besutRinggit bèbèr Remeng Mangunjaya karéka ing warsa 1735 nalika jaman papréntahan Pakubuwana II ing Kartasura, Kasunanan Surakarta. Nalika wonten kadadosan Gègèr Pacinan ing warsa 1740-an, ringgit punika dipun pindhahaken dhumateng Gunungkidul, Ngayogyakarta tuwin Karangtalun, Pacitan. Sapréné, ringgit bèbèr Remeng Mangunjaya ingkang asli dipun kagungi kulawarga Ki Sapar Kramasentana (putu Ki Gunakarya) saking Dhusun Gelaran, Désa Bèjiharja, Kacamatan Karangmaja, Kabupatèn Gunungkidul.[3][4][5] Wondéné Mangkunegara VII naté tumbas ringgitipun, nanging ingkang nggadhahi boten kersa nyéda ringgitipun. Pramila, Mangkunegara VII ndhawuhi abdinipun nyalin ringgit bèbèr Remeng Mangunjaya nalika 1941.[6] Ringgit bèbèr Remeng Mangunjaya nggadhahi wolung gulungan ingkang kapérang dados sekawan babak tur dumados saking 16 adegan. Separo gulungan wonten lakonipun Remeng Mangunjaya, kalih gulungan wonten lakonipun Jaka Tarub, sisanipun boten kasumerepi isi cariyosipun.[7][8]
Ringgit ingkang sampun kalebet dangu punika nalika dipun bèbèr kedah ngati-ati. Dhalang ingkang kapéngin nggelar ringgit bèbèr Remeng Mangunjaya, piyambakipun kedah ngawontenaken upacara ngginakaken sajèn kaliyan ubarampé among-among.[9]
Isi cariyos
besutCariyos ing ringgit punika landhesanipun saking cariyos Panji.[5] Radèn Panji Asmarabangun saking Karajan Jenggala caturan kaliyan garwanipun–Dèwi Galuh Candra Kirana–ngenani sapinten tresnaning Candra Kirana dhumateng piyambakipun. Candra Kirana mangsuli mawi suraos pepindhan (perumpamaan) lamun tresnanipun kados ta kuku driji ingkang tansah tuwuh sinaosa dipun kethok makaping-kaping. Mireng wangsulanipun Candra Kirana ingkang kebak suraos ingkang luhung, njalari Panji kapéngin madosi ngèlmu luhung kados garwanipun, nanging piyambakipun boten pamit anggènipun késah.[10]
Candra Kirana ingkang dados randha lajeng wangsul dhumateng ramanipun, ratu saking Karajan Kadhiri. Bab punika dipun rembag déning Prabu Klana Séwandana saking Karajan Bantarangin kaliyan Patih Gajah Gurita, Resi Puyangaking, saha punggawanipun ing pasamuwan ageng. Ratu saking Kadhiri kapéngin madosi garwa énggal tumrap putrinipun, pramila panjenenganipun ngadani sayembara lumampah ing tali penjalin ing Seminang. Prabu Klana Séwandana kapéngin tumut sayembara punika, nanging wonten raos sumelang manawi Panji ugi tumut ing sayembaranipun. Salajengipun, Prabu Klana Séwandana mréntah Resi Puyangaking matèni Panji.[10]
Sasampunipun Panji rumaos cekap anggènipun tapa madosi ngèlmu, piyambakipun nggantos naminipun dados Remeng Mangunjaya. Tumuli Panji dipun tekani Bathara Naradha[11]–déwa saking Kahyangan–ingkang ngendika manawi wonten sayembara saking ratu Kadhiri ngenani pamadosan garwa énggal tumrap Candra Kirana. Panji tindak dhumateng Seminang saperlu mimpangaken sayembaranipun tur mimpangaken panggalihing Candra Kirana. Wohing sayembara punika dipun mimpangaken déning Panji, nanging njalari Prabu Klana Séwandana kuciwa.[10] Panji dipun èngetaken Dèwi Kilisuci manawi Klana Séwandana taksih ngincer piyambakipun.[11]
Prabu Klana Séwandana lajeng nyerang Kadhiri. Resi Puyangaking kaliyan Patih Gajah Gurita ugi tumut nyerang Kadhiri mawi ajian Wéwé Putih (bangsaning dhedhemit). Ananging, katiganipun kalah saking Panji Asmarabangun, Ratu Kadhiri, kaliyan wadyabalanipun. Namung Prabu Klana Séwandana kémawon ingkang slamet lajeng mundur dhumateng Bantarangin, wondéné Gajah Gurita séda ing paperangan punika. Ing pungkasanipun, Panji Asmarabangun kaliyan Dèwi Galuh Candra Kirana kondur bali dhumateng Jenggala.[10]
Paraga
besut- Radèn Panji Asmarabangun, minangka paraga protagonis mawi nami sanès Remeng Mangunjaya
- Dèwi Galuh Candra Kirana, minangka paraga protagonis kaliyan garwanipun Panji Asmarabangun
- Prabu Klana Séwandana, minangka paraga antagonis utami
- Resi Puyangaking, minangka paraga panjurung antagonis
- Patih Gajah Gurita, minangka paraga panjurung antagonis
- Bathara Naradha, minangka paraga tritagonis
- Ragil Kuning, minangka paraga panjurung kaliyan rayinipun Dèwi Galuh Candra Kirana
- Dèwi Kilisuci, minangka paraga tritagonis[12]
Rujukan
besutCathetan suku
besut- ↑ Ahmadi 2020, kc. 53.
- ↑ "Wayang Beber Remeng Mangunjoyo". Warisan Budaya Takbenda. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-26. Dibukak ing 15 Fèbruari 2023.
- ↑ Widharta 2020, kc. 58–59.
- ↑ Sunarto 2012, kc. 249.
- ↑ a b Subandi 2011, kc. 4–5.
- ↑ Ahmadi 2020, kc. 57.
- ↑ Widharta 2020, kc. 56.
- ↑ Mahany, Andry Trisandy (22 Agustus 2022). "Omah Wayang Diresmikan: Pakem Terjaga, Kreativitas dan Ruang Dialog Makin Terbuka". Portal Berita Pemerintah Daerah Istimewa Yogyakarta (ing basa Inggris). Dibukak ing 15 Fèbruari 2023.
- ↑ Ahmadi 2021, kc. 381.
- ↑ a b c d Ahmadi 2020, kc. 57–58.
- ↑ a b Widharta 2020, kc. 57.
- ↑ Widharta 2020, kc. 59-60.
Kapustakan
besut- Widharta, Elyandra (Oktober 2020). "Semiotika Lakon Wayang Beber Remeng Mangunjaya". Tonil. 17 (2). doi:10.24821/tnl.v17i2.4354. ISSN 2685-8274.
- Subandi (2011). Wayang beber Remeng Mangunjaya gelaran Wonosari dan wayang beber Jaka Kembang Kuning Karangtalun Pacitan serta persebarannya di seputar Surakarta (édhisi ka-1). Surakarta: ISI Press Solo. ISBN 978-602-8755-63-4.
- Ahmadi, Yusuf; Pamadhi, Hadjar; Kasiyan, Kasiyan (Maret 2021). "The Sacrality of Wayang Beber Remeng Mangunjaya: Roland Barthes's Semiotics Study". KnE Social Sciences. doi:10.18502/kss.v5i3.8560. ISSN 2518-668X.
- Ahmadi, Yusuf (Mèi 2020). "Wayang Beber Remeng Mangunjaya di Gelaran, Gunungkidul dalam Kajian Hermeneutika". Imaji. 18 (1). doi:10.21831/imaji.v18i1.31644. ISSN 2580-0175.
- Sunarto (Sèptèmber 2012). "Panakawan Wayang Kulit Purwa: Asal-usul dan Konsep Perwujudannya". Panggung. 22 (3).
Pranala njawi
besut- Pagelaran wayang bèbèr Remeng Mangunjaya ing YouTube