Wit ngantèn (Carakan: ꦮꦶꦠ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀; basa Indhonésia: Pohon pengantin) ya iku wit ijèn ing tengah sawah kang ana ing Dalan Siranda Raya, Désa Bancaan, Kalurahan Pulutan, Kacamatan Sidareja, Kutha Salatiga, Propinsi Jawa Tengah. Wit iki kondhang ing Kutha Salatiga amarga asring ditekani déning para mudha lan juru poto, malah uga calon ngantèn kang nindakaké acara poto pre-wedding. Paling ora nganti taun 2020, kahanan wit kasebut isih cukup apik.

Wit ngantèn
ꦮꦶꦠ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀
JinisPapan wisata alam
PapanDalan Siranda Raya, Désa Bancaan, Kalurahan Pulutan, Kacamatan Sidareja, Kutha Salatiga, Propinsi Jawa Tengah
Koordinat7°18′44″S 110°29′17″E / 7.312237°S 110.488045°E / -7.312237; 110.488045
Dibuka2019 (wiwitan kondhang)
Kang ngrumatPapréntahan Désa Bancaan
StatusDibukak (saben dina)

Kahanan besut

Wit iki ana ing cedhak SMP Al-Azhar 18 Salatiga, prenahé ing Dalan Siranda Raya, Désa Bancaan, Kalurahan Pulutan, Kacamatan Sidareja, Kutha Salatiga.[1][2] Dalan menyang wit kasebut wis bisa didelok lumantar perabot Google Maps lan bisa ditekani kanthi nganggo tunggangan rodha papat utawa loro.[3] Galengan sawah tumuju wit iki saiki wis diowahi dadi dalan beton kang dawané 50 meter saka dalan gedhé lan digawé kreteg kang dawané 70 mèter lan ambané 150 sèntimèter. Lurah Pulutan, Chomsatun, mratélakaké yèn bab kasebut minangka pamrayoga saka warga liwat kadang tumaruna kang nganggo ardana désa kurang luwih Rp 150.000.000,00.[4]

Akèh-akèhé bebrayan kang teka mréné kepéngin moto kanthi latar swasana surup lan sawah kang ijo.[4] Miturut bebrayan sakiwa-tengené, uga ana calon ngantèn kang nindakaké acara poto pre-wedding ing papan kasebut.[5] Wondéné iku, ora ana kang bisa ngerti wiwitan tuwuhé wit iki. Puryanti, salah siji warga Desa Pulutan, njlèntrèhaké yèn dhisik ing papan iku ana wit loro, nanging sing siji wis suwé ditegor. Wit kasebut tuwuh kanthi pang kang ménggok-ménggok kayata bonsé lan katon thengukan alami.[6] Yèn dideleng saka jinisé, wit kasebut kalebu kulawarga bringin. Wujudé pancèn kayata bonsé, nanging ukurané luwih gedhé.[1][7] Senajan diarani wit ngantèn, wit kasebut tuwuh ijèn ing tengah sawah lan adoh saka wit-witan liyané.[5][8]

Saliyané dadi papan kanggo njupuk wimban, uga ana gugon tuhon saka wit iki. Miturut masarakat saubengané, wit kasebut minangka salah siji tetenger katresnan.[6] Dicritakaké yèn ana kang dolan mréné karo pasangané, sesambungané bakal langgeng.[7][8] Nanging, uga ana kang ngandharaké yèn wit kuwi diarani wit ngantèn amarga mapan ing tengah sawah lan asring didadekaké papan poto pre-wedding.[1][9]

Uga delengen besut

Rujukan besut

  1. a b c Redaksi Indonesia Keren. "Ada Sebuah Pohon yang Unik di Salatiga Namanya Adalah Pohon Pengantin". Indonesia Keren (ing basa Indonesia). Dibukak ing 19 April 2020.[pranala mati permanèn]
  2. Pemerintah Kelurahan Pulutan. "Pohon Pengantin Pulutan". Pemerintah Kota Salatiga Kantor Kelurahan Pulutan (ing basa Indonesia). Diarsip saka sing asli ing 2022-01-21. Dibukak ing 21 Januari 2022.
  3. Kusuma, Aji. "Kisah Pohon Pengantin di Salatiga". Detik.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 21 Januari 2022.
  4. a b Sasongko, Dhinar. "Akses ke Pohon Pengantin Salatiga Dipoles". Jawa Pos (ing basa Indonesia). Dibukak ing 21 Januari 2022.
  5. a b Redaksi Traveling Yuk. "Kisah Pohon Pengantin di Salatiga yang Tumbuh Sebatang Kara". Traveling Yuk (ing basa Indonesia). Dibukak ing 8 Maret 2020.
  6. a b Sholikhawan, Fajri Digit. "4 Destinasi Instagramable di Salatiga-Ambarawa, Ada Benteng Pendem hingga Pohon Pengantin". Tribunnews.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 8 Maret 2020.
  7. a b Riyani, Utami Evi. "Share Loc: Berburu Foto Mitos Pohon Pengantin Salatiga, Spot Indah Para Juru Kamera". Okezone.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 8 Maret 2020.
  8. a b Prayitno, Gigih. "Pohon Pengantin, Pohon Cantik yang Menjadi Simbol Cinta Abadi di Salatiga, Jawa Tengah". Tribunnews.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 8 Maret 2020.
  9. Indrajaya, Dimas Wahyu. "Pohon Pengantin Salatiga, Pohon Kesepian Penyatu Dua Insan". Good News from Indonesia (ing basa Indonesia). Dibukak ing 21 Januari 2022.

Pranala jaba besut