Abu Hanifah
Nu’man bin Tsabit bin Zuta bin Mahan at-Taymi (Arab: النعمان بن ثابت), luwing kondhang kanthi sebutan Abu Hanifah, (Arab: بو حنيفة) (miyos ing Kufah, Irak, 80 H / 699 M — séda ing Baghdad, Irak, 148 H / 767 M) minangka tokoh sing madeg Madahab Yurisprudensi Islam Hanafi.
Abu Hanifah | |
---|---|
Kala | Jaman Moncèr Islam |
Tlatah | Yuris Muslim |
Aliran | Hanafi |
Karsa pokok | Hukum Islam |
Gantha misuwur | Evolusi Yurisprudensi Islam |
Maribawani
| |
Pinaribawan
|
Abu Hanifah uga minangka sawijining Tabi'in (génerasi langsung sawisé Sahabat Nabi) amarga naté sapatemon karo Anas bin Malik (sahabat Muhammad) lan ngriwayataké hadits saka Anas lan sahabat liyané.[3]
Imam Hanafi mau tokoh pisanan sing nyusun kitab fiqih alandhesan kategorisasi, umpamané kasucèn (thoharoh), sholat, lan liya-liyané. Kategorisasi iki banjur ditiru déning ulama-ulama sing ana sabanjuré, kaya ta Malik bin Anas, Imam Syafi'i, Abu Dawud, Bukhari, Muslim lan liya-liyané.
Rujukan
besut- ↑ Imaam Abu Hanifa (R.A.), Biography of One of The Four Great Imaams- I
- ↑ The Conclusive Argument from God:Shah Wali Allah of Delhi's Hujjat Allah Al-baligha, pg 425
- ↑ Imam-ul-A’zam Abu Hanifa, The Theologian