Malik bin Anas ya iku sawijining ahli fikih lan ahli hadits kang banget ngormati hadits-hadits Rasulullah Shallallahu 'alaihi wasalam. Para ulama uga ngakoni dhèwèké ahli hadits kang tangguh. Manawa dhèwèké mènèhi hadits marang sapa waé, dhèwèké wudhu dhisik banjur lungguh ing dhuwur klasa kanggo salat kanthi khusyu' lan tawadhu'. Dhèwèké ora seneng mènèhi hadits sinambi ngadeg, ing tengah dalan utawa kesusu. Dhèwèké ora tau telat salat jamaah, aktif niliki kanca-kancané kang lagi nandhang lara, lan nglakoni kuwajiban liya.[3]

Mālik bin Anas bin Malik bin 'Āmr al-Asbahi
Lair711
Madinah, Arab
Pati795
Madinah, Arab
KalaJaman keemasan Islam
TlatahAhli ukum Islam
AliranSunni Maliki
Karsa pokok
Fiqh
Gantha misuwur
Evolusi Fiqh

Dhèwèké kawentar amarga kapinteran, kashalihan, kaluhuran budine, lan kamulyan akhlake.[4]

Nasab

besut
  1. Al Ashbuhi; ya iku nisbah kanggo dzi ashbuh, saka Humair
  2. Al Madani; nisbah kanggo Madinah, nagari kang dipanggoni.[5]

Jeneng jangkepe dhèwèké ya iku al-Imam Abu Abdillah Malik bin Anas bin Malik bin Abu Amir bin Amr bin Harits bin Ghaiman bin Khutsail bin Amr bin Harits Dzu Ashbah bin Auf bin Ma-lik bin Zaid bin Syaddad bin Zur’ah Himyar al-Ashghar al-Himyari banjur al-Ashbahi al-Madani. Ibuke ya iku Aliyah bintu Syarik al-Azdiyyah.[4]


Dhèwèké dikandhut ibuke suwéné 3 taun lan silsilahe sarujuk marang Ya’rub bin Al Qaththan Al Asbahi. Mbahe ya iku Abu ‘Umar, sawijining sahabat kang asring mèlu perang kang ana ing jaman Rasulullah Shallallahu 'alaihi wa sallam kajaba perang Badar. Mbah kakunge ya iku sawijining tabi'in lan ahli fikih, lan salah siji saka 4 tabi'in kang jisime diusung dhéwé déning Khalifah Usman bin Affan menyang kuburan.[3]

Paman-pamanne ya iku Abu Suhail Nafi, Uwais, Ar Rabi, An Nadhar, kang sakabehane anaké Abu Amr.[6]

Malik bin Anas lair taun 93 H ing Madinah.[4]


Jeneng Putrane

besut
  • Yahya
  • Muhammad
  • Hammad.[3]

Gelar

besut

Sifat-sipat

besut

Malik bin Anas duwé praupan kang gagah,kulite putih semu abang, gedhé dhuwur, jenggote akèh, klambine resik lan seneng warna putih, manawa nganggo imamah sapérangan didokokake ing sangisore janggute lan pucuke ing antarané pundak.[4]


Dhèwèké asring nganggo lenga wangi saka misik lan liya-liyané.[4]


Pendhidhikan

besut

Dhèwèké ngangsu kawruh nalika isih umur welasan taun. Nalika umur 21 taun dhèwèké wis bisa mènèhi fatwa lan bermajelis. Akèh ulama kang njupuk ngèlmu riwayat saak dhèwèké nalika dhèwèké isih nom.[4]


Akeh kang ngangsu kawruh marang dhèwèké ing akir kekhalifahane Abu Ja’far al-Manshur lan tambah akèh nalika jaman khilafah Harun ar-Rasyid tekan dhèwèké sedo.[4]


Guru-guruné

besut


Murid-muride

besut

Kang ngangsu kawaruh marang dhèwèké antarané:


Murid-muride antarané:


Muride dhèwèké kang terakhir sedo ya iku perawi kitab al-Muwaththa’ Abu Hudzafah Ahmad bin Isma’i1 as-Sahmi, kang urip 80 taun sawisé al-Imam Malik.[4]


Hadits kang Nandhakake Kautamane Dhèwèké

besut


  • Abdurrazaq bin Hammam ngendika:"Aku ndeleng dhèwèké ya iku Malik bin Anas (ya iku sajeroning sabdane Rasulullah Sholallahu alaihi wasalam:... dhèwèké ora bakal ketemu wong alim kang luwih akèh ilmune dibandingake ulama Madinah.[4]





Fiqh lan Kailmuane Dhèwèké

besut


Al-Imam asy-Syafi’i uga ngendika: "Muhammad bin Hasan kancané Abu Hanifah:"Sapa kang luwih akèh ilmune sajeroning al-Qur’an, kanca kita (ya iku Abu Hanifah) utawa kancamu (ya iku Malik)?" Aku ngomong: Kanthi adil ? Dhèwèké ngendika: kancamu (ya iku Malik). Aku ngomong: Aku takon kanthi nyebut asma Alloh sapa kang luwih akèh ilmune sajeroning omongane para sahabat Rasulullah Sholallahu alaihi wasalam lan omongane para ulama mbiyen, sahabatku utawa sahabatmu? Dhèwèké ngomong: Sahabatmu (ya iku Malik):" Asy-Syafi’i ngendika: "Mula aku ngomong: Ora entek ilmune kajaba qiyas, qiyas ya iku analogi sajeroning pokok-pokok iki, wong kang ora mangerteni pokok-pokok iki, kanggo apa manawa arep dhèwèké ngiyasake?".[4]




Waspadhane marang mènèhi Fatwa

besut
  • Abu Mush’ab ngendika: "Aku krungu Malik ngomong: "Aku ora mènèhi fatwa tekan 70 wong mènèhi seksi manawa aku kang patut mènèhi fatwa."[4]


  • Abdurrahman bin Mahdi ngendika: "Kita ana ing sisihe al-Imam Malik bin Anas, ujug-ujug ana wong teka karo ngendika: Aku teka saka jarak 6 wulan perdalanan. Wong-wong negeriku mrentah supaya aku nakokake sawijining masalah marang kowe. Al-Imam Malik ngendika: "Takonono!" Mula wong mau takon sawijining masalah. Al-Imam Malik njawab: "Aku ora bisa njawab." Wong mau kaget, kaya-kaya dhèwèké mbayangake manawa wis teka marang wong kang ngerti sakabehane, wong mau ngendika: "Banjur apa kang bakal tak kandhakake marang wong-wong sabanjuré aku bali saka kéné?" Al-Imam Malik ngendika: "Ngomong waé manawa Malik ora bisa njawab."[4]


  • Khalid bin Khidasy ngendika: "Aku teka marang Malik kanthi nggawa 40 masalah, dhèwèké ora njawab kajaba mung 5 masalah."[4]


Malik bin Anas nggatekake marang Kitabullah

besut
  • Khalid al-Aili ngendika: "Aku durung naté weruh wong kang nggatekake Kitabullah luwih gedhé saka Malik bin Anas."[4]


  • Abdullah bin Wahb ngendika: "Aku takon marang dulur wadone Malik bin Anas: "Apa kasibukane Malik ing omahé?" Dhèwèké njawab: "Mushaf lan tilawah."[4]


Akal lan Adab

besut


  • Abu Mush’ab ngendika: "Aku durung naté weruh Malik akon wong-wong supaya ngadeg, dhèwèké mung ngendika: “Manawa kowe gelem, muliho”[4]



Ittiba’

besut


Ukara Hikmah

besut

Al-Imam Malik ngendika: "Aja njupuk ngèlmu saka wong papat iku:

  1. Wong budheg kang ngetokaké budhege sanajan dhèwèké paling akèh riwayate,
  2. Ahli bid’ah kang ngajak marang hawa nafsune,
  3. Wong kang biyasa ngapusi nalika ngomong sanajan aku ora nudhuh dhèwèké ngapusi sajeroning hadits,
  4. Wong shalih kang akèh ngibadahe manawa dhèwèké ora apal hadits kang diriwayatke."[4]


  • Al-Imam asy-Syafi’i ngendika: "al-Imam Malik manawa ditekani déning ahli bid’ah, dhèwèké ngendika: "Aku ana ing sakdhuwure kajelasan saka agamaku, nanging kowe wong kang isih ragu, lunga lan debatana marang wong kang ragu kaya kowe!”[4]


  • Ja’far bin Abdullah ngendika: "Kita ing sisihe Malik, ujug-ujug ana wong ngomong: "Abu Abdillah, Alloh ana ing dhuwur ’Arsy, kapiyé istiwa iku?" Malik nesu ngungkuli nesune marang pitakonan wong mau. Dhèwèké ndeleng lemah banjur dicocog nganggo kayu nganti kringete dleweran. Banjur dhèwèké njunjung sirahé lan mbuang kayu mau sinambi ngendika: "Kaifiyyat saka istiwa ora dimangerteni, istiwa dudu prakara kang majhul, iman marang istiwa hukume wajib, lan takon babagan kai-fiyyatnya hukume bid’ah, lan aku nduga kowe ahli bid’ah. "Mula wong mau ditokake saka majelis.[4]

Cobaan

besut
  • Ibnu Jarir ngendika: "Malik naté dicambuk."
  • Muhammad bin Umar ngendika: "Sawisé kadadéan iku, Malik sansaya munggah drajate ing ngarepe manungsa."
  • Adz-Dzahabi ngendika: "Iki woh saka ujian kang apik, bakal njunjung ing sisihe wong-wong kang ana imane."[4]


Pendhapat Ulama

besut

Dhèwèké uga kaloka ulama kang keras sajeroning nyekel pendhapate kang diyakini bener. Dhèwèké naté diadu marang Khalifah Ja’far bin Sulaiman déning pamane Khalifah dhéwé. Dhèwèké ditdhuh ora sarujuk pembaiatan marang Khalifah. Miturut Ibnu Al jauzi, dhèwèké disiksa kanthi diukum cambuk ping 70 nganti ros lengen kiwa dhuwur nggeser saka sendine. Siksa iki amarga fatwa dhèwèké ora pas karo kekarepane Khalifah. Siksa mau dlakoni déning Khalifah supaya dhèwèké sansaya dikurmati déning ahli ngèlmu.[3]

Al Muwaththa'

besut

Kitab iki ditulis taun 144 Hijriyah saran saka Khalifah Ja’far Al Manshur nalika ketemu ing munggah kaji. Miturut panilitene Abu Bakar Al Abhari, jumlahe atsar Rasulullah Shallallahu 'alaihi wa sallam, sahabat, lan tabi'in kang ana sajeroning Al Muwaththa' ana 1720, kanthi rincian: kang musnad ana 600, kang mursal 222, kang mauquf ana 613, lan kang maqthu’ ana 285.[7]


Tulisan-tulisan

besut

Tulisan-tulisané ya iku:


Madzhab Maliki

besut

Imam Malik uga marisi madahab fikih ing kalangan Islam Sunni, ya iku Madahab Maliki. Saliyané fatwa Imam Malik lan Al Muwatta', kitab-kitab kaya Al Mudawwanah al Kubra, Bidayatul Mujtahid wa Nihaayatul Muqtashid (karyané Ibnu Rusyd), Matan ar Risalah fi al Fiqh al Maliki (karyané Abu Muhammad Abdullah bin Zaid), Asl al Madarik Syarh Irsyad al Masalik fi Fiqh al Imam Malik (karyané Shihabuddin al Baghdadi), lan Bulgah as Salik li Aqrab al Masalik (karyané Syeikh Ahmad as Sawi), dadi rujukan utama madahab Maliki.[8]


Madahab iki uga kawentar amarga kemaslahatan sajeroning ngukuhaké ukum. Sumber ukum kang dikembangke sajeroning Madahab Maliki ya iku Al-Qur'an, Sunat Rasulullah SAW, amalane sahabat, tradisi masarakat Madinah (amal ahli al Madinah), qiyas (analogi), lan al maslahah al mursalah.[8]

Madahab Maliki naté dadi madahab resmi ing Mekah, Madinah, Irak, Mesir, Aljazair, Tunisia, Andalusia (Spanyol), Marokko, lan Sudan. Kejaba ing Andalusia (Spanyol), Marokko, lan Sudan madahab Maliki sansaya ngurangi.[8]

Wafat

besut

Al-Imam Malik sedo tanggal 14 Rabi’ul Awwal taun 179 H ing Madinah ing umur 89 taun.[4] Jisime dikubur ing kuburan Baqi.[6]

Cathetan suku

besut
  1. MuslimHeritage.com - Topics
  2. The Origins of Islamic Law: The Qurʼan, the Muwaṭṭaʼ dan Madinan ʻAmal, hal. 16
  3. a b c d [1] Malik bin Anas (diaksés tanggal 28 September 2011)
  4. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag ah ai [2] Archived 2010-12-31 at the Wayback Machine. Malik bin Anas (diaksés tanggal 28 September 2011)
  5. [3] Malik bin Anas (diaksés tanggal 28 September 2011)
  6. a b c [4] Archived 2011-09-17 at the Wayback Machine. Malik bin Anas (diaksés tanggal 28 September 2011)
  7. a b [5] Malik bin Anas (diaksés tanggal 28 September 2011)
  8. a b c [6] Archived 2011-09-06 at the Wayback Machine. Malik bin Anas (diaksés tanggal 28 September 2011)