Aleppo (Arab: حلب‎‎ / ALA-LC: Ḥalab; [ˈħalab], jeneng liya) wujud kutha gedhé dhéwé kaloro ing Suriah, sawisé Damaskus, kutha krajan Suriah. Gunggung sing ndunungi 2.130.000 jiwa (2005). Kutha Aleppo kalebu kutha tuwa dhéwé ing donya, wis ana wiwit taun 2000 SM. Kutha iki biyèn jenengé Halab. Sajeroning naskah Babilonia Kuna (750 SM), jeneng Halab wis karan, mangkono uga jeneng Aleppo sajeroning inskripsi Mesir Kuna (abad angka 16 SM). Aleppo owah jenengé dadi Beroia déning Seleucus Niktator (312-64 SM) nalika mangsa Karajan Seleukus. Amarga papan Aleppo sing strategis banget minangka pusat padagangan, wis akèh bangsa sing asring nelukaké Aleppo. Wiwit saka bangsa, Hitit (2000 SM), Mesir lan Asiria (abad angka 8 SM), Pèrsi (abad angka 6 SM), Macedonia (332 SM), Romawi (64 SM), Arab (635 M), Tatar (1260), Mongol (1398), Kasultanan Utsmaniyah (1517 M), lan Prancis (1920 M). Kutha Aleppo dadi péranganing nagara Suriah wiwit taun 1944.

Kutha Aleppo tau diguncang lindhu nalika taun 1822 lan 1827 sing ngakibataké sapérangan karusakan ing yasan sajarah ing kutha Aleppo.

Panorama

besut

Réferènsi

besut

Pranala njaba

besut
 
Wiktionary
Pirsani informasi ngenani Aleppo ing KamusWiki.

Koordhinat: 36°13′N 37°10′E / 36.217°N 37.167°E / 36.217; 37.167


Cithakan:Suriah-geo-stub