Andhong yaiku salah satunggiling titihan tradhisional ing Jawa, utaminipun ing Yogyakarta. Andhong menika awujud kréta ingkang dipuntarik déning kalih turangga. Andhong nggadhahi sekawan roda lan krétanipun didamel saking kajeng. Sejatosipun sejarah andhong mboten saged wiwal saking kawontenanipun raja-raja Mataram ingkang kagungan titihan mirunggan, inggih menika kréta ingkang dipuntarik déning turangga lan dipundhékor kanthi pèni ingkang dipunsebat kréta kencana. Wonten ing Kraton Yogyakarta, taksih kathah kréta kraton ingkang dipunsimpen wonten ing Museum Kréta Kraton Yogyakarta.

Andhong, titihan tradhisional ingkang kedah dipun lestantunaken.

Andhong dados titihan kanggé ngangkut tiyang lan barang ingkang dipun ginakaken déning rakyat. Andhong menika niru titihan utawi kréta kagungan raja ananging wujudpun naming samadyo kémawon, miturut kasagedanipun rakyat. Dados, andhong menika bènten saking kréta kencana. Éwasemanten, tiyang ingkang nitih andhong kalebet tiyang ingkang nggadhahi strata sosial inggil wonten ing satengahing masarakat.

Sejarah Andhong besut

Andhong menika dipun damel kanthi niru kréta kagungan Raja Mataram ingkang misuwur kanthi nama Kréta Roto Praloyo. Kréta menika katon kumingsun mawi dhékoran sekar ingkang kathah maknanipun. Kréta menika dipun agem kanggé titihan raja ingkang tindakan menapa déné layon raja dhateng pasaréan ing Imogiri Yogyakarta Kidul. Kréta Roto Praloyo werninipun kuning gading. Kréta menika dipun sebat reprikanipun kréta Kraton Inggris. Bagéan-bagéan kréta raja inggih menika: kursi, badan kréta, gebyog, jendela, kain klambu, payon, rodha, lampu, klinthing, pecut, dhékoran lawang, pancadan suku, lan saklajengipun.

Ing wekdal Kasultanan Sri Sultan GB VIII, andhong sampun wiwit dipun ginakaken déning masarakat senajan teksih dèrèng kathah lan teksih winates.

Andhong mboten naming dados titihan tradhisional, nanging ugi mratélakaken ajinipun lelabetan, prasaja, katulusan, lan kaèndahan.

Pérangan Andhong besut

Andhong nggadhahi sekawan rodha, kalih wonten ing ngajeng lan kalih wonten ing wingking. Ukuran rodha ngajeng langkung alit dipun bandhingaken kaliyan rodha wingking. Sowang-sowang rodha ngajeng nggadhahi 12 ruji lan rodha wingking 14 ruji. Penumpang lenggah wonten wingkingipun kusir (tiyang ingkang ngendalèkaken turangga ingkang narik andhong). Kursi kanggé lenggah penumpang dipun damel adhep-adhepan majeng ngajeng lan wingking. Penumpang saged lenggah wonten sisih tengen menapa kiwa. Cacahipun rodha menika ingkang mbèntenaken bendi, dhokar, utawi delman ingkang naming nggadhahi rodha kalih.

Nama-nama pérangan andhong inggih menika; buntutan, palangan, pér, as rodha, bos, mangkokan, gulungan, cincin, ruji, bengkok, pelah, ban karet, lan rodha. Bahan utami andhong inggih menika kajeng lan wesi. Kajeng ingkang dipun ginakaken menika saking kajeng jati utawi waru amargi kwalitasipun sampun saestu saé, serat kajengipun inggih alus. Kanggé ndamel setunggal andong mbetahaken kinten-kinten 3-4 wulan.

Supados andhong saged mlampah sae lan mboten mbebayani kita kedah teliti sanget anggenipun ndamel andhong awit kathah sanget péranganipun lan sedaya bagéanipun kedah dipun damel setunggal baka setunggal.

Ing ngandhap menika tataranipun ndamel andhong:

  • Ndamel bagéan sasis rumiyin
  • Ndamel rodha
  • Nyetel rodha
  • Ndamel payon

Sedaya tataran padamelan andhong dipun lampahi sacara manual. Déné proses pawérnian biyasanipun dipun wiwiti proses ndempul langkung rumiyin. Dempul menika kanggé nutup utawi ngratakaken pori-pori kajeng supados salajengipun warni ingkang kadamel saged langkung èndah. Bagéan ingkang sampun bibar dipuncet lajeng dipun pépé. Andhong ing Yogyakarta werninipun kuning, ijem, lan coklat sepuh. Salah setunggaling bagéan ingkang paling awrat dipundamel inggih menika bagéan ban. Sasampunipun sedaya ruji ban kapasang lajeng bengkok dipunpasang ngubengi ruji punika wau. Ban andhong kadamel saking kajeng menika lajeng dipun alusaken lan dipun damel rapi. Tatar salajengipun inggih menika nyiapaken pelah saking wesi ingkang dipunbentuk kanthi dipun thuthuki. Ukuran pelah dicocokaken kalih ukuran bengkok. Sasampunipun ukuran cocok, pelah dipunbakar ngantos wernanipun abrit. Samangke, kala werninipun teksih abrit, pelah menika kedah lajeng dipuntemplekaken wonten bagéan ban. Bibar sampun kelèt, nembe dipunsiram nganggé toya.

Proses nemplèkaken pelah saking wesi kaliyan bengkok saking kajeng kedah énggal-énggal. Wesi ingkang bibar dipunpanasaken dados melar lajeng dirakétaken wonten ing bengkok. Wesi menika kedah énggal dipunsiram toya supados wesi menika saged nyusut malih. Kanthi mekaten, wesi pelah saged nyengkerem bengkok kanthi kenceng. Proses menika kadang kala mboten saged langsung dados amargi wesi ingkang sampun nyusut malih menawi tekananipun ageng sanget saget damel bengkok mlethèk.

Éwah-éwahan Andhong besut

Andhong samenika sampun radi bènten paédahipun dibandingaken kala semanten. Kala mbiyèn, andhong menika titihan para bakul kanggé ngusung uwos, asil panenan saking sabin utawi griya dhateng peken. Samenika, andhong dados titihan kanggé tujuan wisata. Awit menika, kawigatosan andhong kala mbiyèn inggih menika kekiyatan lan andhong sakmenika migatosaken kaèndahan lan kasékècan. Andhong wekdal sakmenika saged kapanggihaken wonten ing sakcelakipun Malioboro, Peken Beringharjo, Kraton Yogyakarta, stasiyun, terminal, alun-alun Yogyakarta, lan papan wisata sanèsipun.

Rujukan besut

  Warisan Budaya Takbenda Archived 2023-09-07 at the Wayback Machine.
  Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2014). Buku Panduan Penetapan Warisan Budaya Takbenda Indonesia Tahun 2014 (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
  Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2018). Katalog Warisan Budaya Takbenda Indonesia 2018 (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
  Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2015). Panduan Pencatatan, Penetapan, dan Pengusulan Warisan Budaya Takbenda Indonesia (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
  Mancacaritadipura, Gaura; Wirakartakusumah, Daryl Neng (2019). Warisan Budaya Takbenda dan Pembangunan Berkelanjutan (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.

Pranala Njawi besut

  1. Transportasi Tradisional Andong Yogyakarta/ Archived 2023-02-17 at the Wayback Machine.
  2. 468 Transportasi Tradisional di Provinsi DIY
  3. Andong Transportasi Zaman Lampau yang Masih Eksis Hingga Kini
  4. Sejarah Singkat Andong Kendaraan Tradisional di Bumi Mataram Yogyakarta/
  5. 305 Andong Kendaraan Pribadi Raja-raja Mataram yang Tiruannya Jadi Angkutan Wisata di Malioboro Archived 2023-02-17 at the Wayback Machine.