Areng
Areng iku residu ireng isi karbon ora murni kang diasilaké kanthi ngilangaké kandhutan banyu lan komponèn volatil saka kéwan utawa tetuwuhan. Areng lumrahé digawé kanthi manasaké kayu, bathok klapa, gula, balung, lan benda liya. Areng saka kayu bisané kagawé saka kayu jati, kayu mlandhing lan kayu liyané. Areng kang ireng, ènthèng, gampang remuk, lan mèmper batu bara iki kasusun saka 85% nganti 98% karbon, sisané ya iku awu utawa benda kimia liyané.
Kagunan
besutBahan bakar
besutKagunan mligi areng ya iku kanggo masak. Areng lumrahé migunani kanggo nggawé masakan kang dipanggang kaya ta saté, utawa masak ing sadhuwuré keren.
Areng iku uga piranti kanggo masak saliyané lenga gas, gas elpiji, kayu obong. Areng iku racaké kanggo masak ing désa-désa kang arang ana lenga gas lan gas elpiji. Ing sapérangan nagara Afrika, areng dipigunakaké déning sapérangan gedhé masarakat minangka piranti masak saben dina. Masak panganan nganggo areng ing njero ruangan duwé risiko mbebayani marang kaséhatan, amarga karbon monoksida kang diasilaké.[1]
Sadurungé Révolusi Indhustri, areng kanggo bahan bakar indhustri metalurgi.
Areng uga bisa kanggo bahan bakar kendharaan motor. Areng utawa kayu diobong ing njero generator gas kayu kanggo ngobahaké montor lan bis. Ing Prancis nalika Perang Donya II, prodhuksi kayu lan areng kanggo kendharaan motor mundhak saka 50.000 ton sadurungé perang dadi 500.000 ton nalika taun 1943.[2]
Kagunan rupa
besutAreng dipigunakaké sajeroning kagunan rupa kaya potlot utawa krayon. Médhia iki akèh dipigunakaké kanggo gawé skètsa sajeroning ukuran gedhé uawa médhia kang mbutuhaké garis skètsa kang kuwat, kaya déné kanvas. Minangka médhia kagunan rupa, charcoal didol ing wangun batangan.
Areng duwé sipat lembut, ènthèng, ireng, lan uga gampang tugel. Médhia iki banget disenengi déning pelukis sajeroning gawé sketsa amarga sketsa kang diasilaké cetha banget, malah uga sajeroning prosès pangecètan.
Carané gawé areng saka kayu
besut- Lemah digowaki nganti cukup kanggo ndèlèh kayu-kayu kang bakalan arep diobong.
- Sawisé wis digowaki, kayu-kayu iku dilebokaké ing gowakan lemah banjur diobong.
- Sawisé, diobong nganti geniné mburap-mburap lan kira-kira kayu iku wis kobong kabèh banjur disirami banyu kanggo matèni geniné kang mburap-mburap iku.
- Sawisé kapisah awuné, kang tilas kobong iku kari kayu kang wis wiwit gosong nanging durung dadi awu, isih awujud pecahan gosong-gosong.
- Kayu tilas obongan lan gosong iku kang diarani areng.
Réferènsi
besut- ↑ Smoke Detectors, Carbon Monoxide Detectors, and Charcoal
- ↑ "Chris Pearson "'The age of wood': FUEL AND FIGHTING IN FRENCH FORESTS, 1940–1944"". Diarsip saka asliné ing 2008-01-18. Dibukak ing 2008-01-18.