Areng watu
Areng watu (krama areng séla) utawa setingkul yaiku sawijining watu bahan bakar fosil.[1] Arti umum yaiku watu kang bisa kanggo bahan bakar, asalé saka endhapan organik, yaiku saka sisa tuwuhan lan kadhapur liwat prosès pembatubaraan.[1] Unsur-unsur mligi saka karbon, hidrogen lan oksigèn.[1]
Batu bara uga tunggalé watu organik kang duwé sipat-sipat fisika lan kimia kang komplèks kang bisa ditemoni ing manéka bentuk.[1]
Analisa unsur mènèhi cara formula empiris kaya C137H97O9NS kanggo bituminus lan C240H90O4NS kanggo antrasit.[1]
Pambentukan areng watu mbutuhaké kahanan-kahanan mirunggan lan mung bisa ing jaman-jaman kang ora mesthi saanané sajarah géologi.[2] Jaman Karbon, kira-kira 340 (yuta taun kapungkur), yaiku jaman pambentukan batu bara kang paling prodhuktif kang mèh kabèh dhéposit batu bara (black coal) kang ékonomis kadhapur ing bumi sisih lor.[2] Ing jaman Permian kira-kira 270 yuta taun kapungkur, uga kadhapur endhapan-endhapan batu bara kang ékonomis ing bumi sisih kidul, kaya ta Australia, lan maju terus nganti jaman Tersier (70 - 13 yuta taun kapungkur) ing bumi.[2]
Kabèh unsur pambentuk batu bara yaiku saka tetuwuhan. Jinis-jinis tuwuhan pambentuk batu bara lan umuré miturut Diessel (1981) yaiku:
- Alga, saka jaman Pre-kambrium nganti Ordovisium lan duwé sèl tunggal.[2] Ing période iki endhapan batu bara sithik banget.[2]
- Silofita, saka jaman Silur nganti Devon Tengah, yaiku turunan saka alga.[2] Ing période iki, endhapan batu bara uga sithik.[2]
- Pteridofita, saka jaman Devon dhuwur nganti Karbon dhuwur.[2] Matèri utama pambentuk batu bara ing jaman karbon ing Éropah lan Amérika Lor.[2] Tuwuhan tanpa kembang lan isi, uripé nganggo spora lan urip ing iklim anget.[2]
- Gimnospermae, wiwit saka jaman Permian nganti jaman Kapur Tengah.[2] Tuwuhan heteroseksual, isi keblongsong ing woh, kaya pinus, lan ana unsur tlutoh (resin) kang dhuwur.[2] Jinis Pteridospermae kaya gangamopteris lan glossopteris yaiku panyusun utama batu bara Permian kaya ing Australia, India lan Afrika.[2]
- Angiospermae, saka jaman Kapur dhuwur nganti saiki.[2] Jinis tuwuhan modhèren, woh kang nutupi isi, kurang tlutoh dibandhingaké karo gimnospermae, dadi rada angèl diawètaké.[2]
Pirsani uga
besutCathetan sikil
besut
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |