Babu Indis ya iku sebutan kanggo para rewang wadon sing mapan ana ing omahé Pejabat Indis ing abad 18 nganti abad 20.[1] Babu iku sebutan sing lumrah ana ing tanah Jawa kanggo nyebut rewang-rewang sing netep ana ing Omah Indis.

Babu Indis

Babu Indis mau uga ana sing dipèk dadi bojoné para Pejabat Indis sing mapan ana ing Omah Indis utawa dadi kanca turu amarga bojoné resmi adoh ana ing Walanda. Ana sebutan liyané kanggo para Babu Indis iki ya iku Nyai. Nyai uga ateges garwane Kyai manawa kadeleng saka konteks agama Islam.

Omah Indis sing dibangun ana ing njaba kutha iku lumrahé dipanggoni atasan Jongos lan Nyai utawa Babu. Omah Indis duwé ciri-ciri sing cetha ya iku bangunané duwèni cendhèla sing jembar, omahé gedhé lan duwèni pekarangan omah sing amba. Mulané ana sing njenengi pasanggrahan utawa basa Walandané landhuizen. Wangunan omah Indis iki akèh dibangun ing wektu iku ana ing kutha Batavia.[2] Amarga bangunané gedhé mula dibutuhaké para pembantu sing akèh kanggo ngopèni warna-warna ana ing jero omah.

Para pejabat sing manggon ing Omah Indis bareng para Nyai uga dadi papan panggonan akulturasi budaya saka budaya Éropah ing budaya pribumi utawa sawaliké. Akèh amalgamasi sing ana ing omah Indis, para pejabat ngawini para babu utawa Jongos lan ngasilaké anak-anak campuran utawa bocah-bocah Indis sing duwé campuran getih Walanda lan Jawa.

Akèh-akèhé jongos utawa babu uga delengi posisi Pejabat Indis mau saka liyané apik lan gedhéné omah sing dibangun. Para pejabat sing kepèngin omahé duwé rerenggan unik sing tumèmplèk ana ing jero omah lan njaba omah. Ana rerenggan témbok sing kagawé saka kaca bening sing ditèmplèkaké potong per potong, ana papan penunjuk arah angin sing bisa muter nututi arah angin kagawé saka wesi, ana kandhang kéwan kaya déné jaran apa sapi utawa kéwan raja kaya liyané. Pokoké bisa dipameraké kanggo ngunggahaké gèngsi sosialé pejabat. Kabèh mau diopèni karo Jongos utawa babu.

Cathetan suku besut

  1. Djoko Soekiman. 1996. Kebudayaan Indis dan Gaya Hidup Masarakat Pendukungnya di Jawa (Abad XVIII sampai Medio Abad XX). Yogyakarta: Yayasan Bentang Budaya
  2. F. de Haan. Oud Batavia. Bandung: Firma A.C. Nix & Co. 1935. hlm. 109.