Basa Cia-Cia utawi Basa Buton Kidul inggih punika kalebet jinising Basa Austronesia ingkang dipuntutur ing sakiwa tengenipun kutha Bau-Bau ing kidul Pulo Buton ingkang mapan wonten ing sisih lor-wetan Pulo Sulawesi wonten ing Indonesia.

Bahasa Cia-Cia
바하사 찌아찌아
Dituturaké ing Pulau Buton, Sulawesi
Gunggung panutur 80,000 (pada 2005)[1]
Rumpun basa
Sistem tulisan Hangul (pada 2009), asalnya Gundul
Kodhe basa
ISO 639-1 None
ISO 639-2
ISO 639-3 cia

Peta


Cithakan:Infobox Language/IPA notice

Wonten ing taun 2009, basa punika narik kawigatosanipun donya nalika kutha Bau-bau nampi seratan Hangul Korea kanthi ancas dipundadosaken sistem seratan basa Cia-Cia.[2]

Demografi

besut

Wonten ing taun 2005 wonten 80.000 tiyang ingkang nurutaken basa Cia-Cia,[1] 95% ing antawisipun punika agami Islam,[3] ingkang ugi ngendikan wonten ing basa Wolio. Basa Wolio punika sansaya dipunlalekaken minangka basa panyeratan kaum Cia-Cia, amargi basa Indonesia samenika dipunwulang kanthi abjad Latin wonten ing sekolah.[4]

Panyebaran

besut

Basa Cia-Cia dipuntutur wonten ing Sulawesi Lor Wetan, Pulo Buton wonten ing sisih kidul Pulo Binongko lan Pulo Batu Atas.[1] Miturut kisah lawas, panutur basa Cia-Cia wonten ing Binongko kanthi keturunan bala bala Buton ingkang dipunpimpin déning Sultan Buton.[5]

Nama basa punika asalipun saking Cia ingkang atefes boten.[1] Cia-Cia punika ugi sinebat basa Buton, Butung utawi Boetoneezen (saking Basa Belanda) sareng kaliyan basa Wolio, lan basa Buton (utawi Butung) Kidul.[1]

Logat

besut

Kawontenan basa wonten ing pulo Buton punika awrat sanget lan kirang dipunmangertosi kanthi premati.[6] Antawisipun logat-logat Cia-Cia kalebet Kaesabu, Sampolawa (Mambulu-Laporo), Wabula lan Masiri.[1][7] Logat Masiri punika ingkang kathah piyambak kawruh tembungipun tinimbang kaliyan logat baku.[1]

Seratan

besut

Rumiyin, basa Cia-Cia punika ngginakaken jinising abjad Arab ingkang asmanipun "Gundul" ingkang boten ngginakaken tandha kanggé swara vokal. Ing taun 2009, basa Cia-Cia punika narik kawigatosanipun donya amargi kutha Bau-Bau punika badhe ngginakaken seratan Hangeul saking Koréa punika dipunginakaken kanggé nyerat basa Cia-Cia lan paring piwulang supads paring piwulang dhumateng para lare babagan sistem seratan enggal punika kanthi ngginakaken panduan buku teks ingkang dipundamel déning Persatuan Hunminjeongeum.[2][8][9][10] Institut kasebat sampun mapinten-pinten tau nyebaraken panganggenipun abjad Koréa dhateng kaum-kaum minoritas ingkang boten wonten sistem seratan piyambak ing rata Asia.[2]

Referensi

besut
  1. a b c d e f g Basa Cia-cia ing Ethnologue
  2. a b c Agence France-Presse, "Southeast Sulawesi Tribe Using Korean Alphabet to Preserve Native Tongue Archived 2009-08-10 at the Wayback Machine.", Jakarta Globe, 6 Agustus 2009
  3. Joshua Project - Cia-Cia
  4. Butonese - Introduction
  5. Noorduyn, J. 1991. "A critical survey of studies on the languages of Sulawesi" p. 131.
  6. Noorduyn, J. 1991. "A critical survey of studies on the languages of Sulawesi" p. 130.
  7. Donohue, Mark. 1999. "A grammar of Tukang Besi". p. 6.
  8. Korea Times, 2009-08-06 [1]
  9. "Indonesian tribe to use Korean alphabet". Diarsip saka asliné ing 2009-08-12. Dibukak ing 2009-08-12.
  10. (LEAD) Indonesian tribe picks Korean alphabet as official writing system

Pustaka

besut
  • van den Berg, René. 1991. "Preliminary notes on the Cia-Cia language (South Buton)." In Harry A. Poeze and Pim Schoorl (eds.), Excursies in Celebes: Een bundel bijdragen bij het afscheid van J. Noorduyn als directeur-secretaris van het KITLV, 305-24. Leiden: KITLV.
  • Mustafa Abdullah. 1985. Struktur bahasa Cia-Cia. Proyek Penelitian Bahasa dan Sastra Indonesia dan Daerah Sulawesi Selatan, Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.

Pranala njawi

besut

Cithakan:Incubator

Cithakan:Basa daerah ing Indonesia