Hangeul
Hangeul (Aksara Jawa: ꦲꦤ꧀ꦒꦼꦸꦭ꧀ ) (IPA: [ˈhɑːŋɡʊl] rungokna (pitulung·info)), iku alfabèt utawa aksara kang dianggo nulis basa Koréa. Hangeul diripta déning Raja Séjong Agung (1397-1450) nalika taun 1443 mangsaning Dinasti Joseon. Sanadyan tulisan Hangeul katon kaya tulisan ideografik (tulis sajeroning wangun 'simbol' kaya aksara Cina), Hangeul sajatiné minangka abjad fonètik. Alfabèt Hangeul dumadi saka 24 aksara (jamo)— 14 aksara mati (konsonan) lan 10 aksara urip (vokal). Satemené Hangeul isih duwé 3 konsonan lan 1 aksara vokal, nanging diwurungaké. Saliyané kanggo nulisaké basa Koréa, Hangeul uga dianggo déning basa Cia-Cia, ing Sulawesi Kidul-wétan, Indonésia.
Hangeul | ||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Tembung "Hangeul" ditulis sajeroning aksara Hangeul. |
||||||||
Jeneng Koréa | ||||||||
|
Sajarah
besutHangeul diripta déning Raja Sejong kang Agung. Sabanjuré, ing taun 1446, Hangeul ditampilaké sajeroning wangun kapublikasi dipepaki nganggo pedoman wedharan rinci. Sejong mènèhi jeneng alfabet iku Hunminjeongeum ("Swara kang bener kanggo diajaraké marang rakyat"). Alfabet iki saiki dijenengaké Hangeul kang tegesé "alfabet Han" utawa "alfabet Agung". Saben tanggal 9 Oktober ing Koréa Kidul dipèngeti minangka Dina Hangeul.
Kaunggulan
besutSaka 6000 basa kang dituturaké ing donya wektu iki, mung 100 basa kang duwè aksara dhéwé, salah sawijiné ya iku Basa Koréa kang migunakaké sistem panulisan Hangeul. Hangeul iku siji-sijiné aksara kang diripta déning individu dhedhasar téyori lan maksud kang wis direncana kanthi apik.
Dibandhing aksara bangsa liya, Hangeul ora didhasaraké ing sawiji basa tulis utawa niru aksara liya, nanging unik khas Koréa. Luwih-luwih, Hangeul minangka sistem panulisan kang asipat èlmiah, didhasaraké ing kawruh basa kang jero lan asas-asas filosofis saéngga dadi praktis, gampang disinaoni, lan élok rupané.
Asas-asas Hangeul
besutSajeroning sapérangan gedhé sajarahé, rakyat Koréa nulis nganggo aksara Cina (Hanja). Amarga basa tutur bangsa iki asal saka kulawarga kang béda, basa Koréa ora bisa kanthi persis dituturaké sajeroning aksara Cina. Sajeroning basa Cina, kalimat ditandhani nganggo partikel, déné sajeroning basa Koréa, panambang dipigunakaké kanggo nambah utawa modifikasi makna. Sanadyan ora nyaman, kaum bangsawan Koréa (yangban) tetep nyengkuyung panganggoning hanja kanthi teguh.
Raja Sejong minangka pamimpin uga èlmuwan, lan pelopor budaya. Liwat upaya mataun-taun, dhèwèké nliti unit dhasar Basa Koréa migunakaké kawegigane dhéwé ing bab basa, lan wekasané kasil nganggit aksara kanthi wangun, Hunminjeongeum.
Tulisan ing Sejong Sillok, volume Joseon Wangjo Sillok (Babad Joseon) tanggal 30 Dhésèmber taun angka 25 masa Sejong kuwasa, uniné:
Sasi iki, Raja wis ngripta 28 aksara Onmun (aksara tutur) kanthi pribadi...Sanadyan prasaja lan ringkes, aksara iki bisa ngasilaké variasi-variasi ora kinira akèhé lan dijenengaké Hunmin Jeongeum. |
Adhedhasar "Wedharan lan Conto-conto Hunmin Jeongeum" (1446): lambang konsonan dhasar kaentuk kanthi sistematis dhedhasar organ cangkem manungsa nalika ngucapaké sawatara jinis swara, déné konsonan liya diwangun kanthi nambahaké guratan ka 5 wangun dhasar.