Basa Malayu Ambon
Basa Malayu Ambon atawa kang sok disebuté basa Ambon ya iku jinis dhialék basa Malayu kréol atawa Malayu Pasar kang dituturaké ing wewengkon Ambon Provinsi Maluku[1][2][3]. Basa iki kanggo basa komunikasi padinan ing kutha-kutha lan désa-désa ing Maluku, kalebu ing Pulo Séram, Lease, Buru, Kepuloan Kei, Tanimbar, lan pulo-pulo cilik liyané.
Basa Ambon | ||
---|---|---|
Bahasa Ambon Hari-Hari | ||
Dituturaké ing | Provinsi Maluku, Kampung Ambon Jakarta, Suriname lan Walanda | |
Wilayah | Maluku | |
Gunggung panutur | Panutur asli: 2 yuta wonggunggung antarané 2-2,5 yuta wong | |
Ranking | Ora kalebu ing 100 sing paling akèh | |
Rumpun basa | Cithakan:Infobox Language/genetic2
| |
Sistem tulisan | Latin | |
Kodhe basa | ||
ISO 639-1 | None | |
ISO 639-2 | Cithakan:Infobox Language/SIL14
| |
ISO 639-3 | abs
| |
|
Basa Ambon iki sujarahé muncul sebab mbiyéné ing abad kaping 16, akèh bangsa-bangsa Éropa dagang ing sekubengané Ambon. Ana uga bangsa liyané kayadéné Malayu, Jawa, Bugis, lan Makasar kang teka kanggo ngedagang ing Ambon. Khusus basa antara nalika jaman iku dienggo rupa basa Malayu kang ndhuwéni ciri lan pola dhéwék cécék karo wong ing kana. Basa Malayu sumebar banget ing Ambon nalika ana misionaris Éropah kanggo nerjemah kitab Injil lan basa antara nyebaraké agama Kristen[2].
Conto tembung
besutBakalai “Gelut”.
Balayar “Ngelayar”.
Taangka “Keangkat”.
Bamaki “Misuh”[2].
Barnang tu bai "Nglangi iku becik".
Rujukan
besut- ↑ COLLINS, JAMES T. (1992). "STUDYING SEVENTEENTH-CENTURY AMBONESE MALAY: EVIDENCE FROM F. CARON'S SERMONS (1693)". CAKALELE. VOL. 3: 99.
{{cite journal}}
:|volume=
has extra text (pitulung) - ↑ a b c Tetelepta, J. dkk (1984). Struktur Bahasa Melayu Ambon. Jakarta: Depdikbud.
- ↑ "Malay, Ambonese". Ethnologue. Dibukak ing September 27, 2017.