Bersih désa iku upacara adat Jawa kang diselenggara'ake bubar panen pari dadi maksude kanggo ngucapake syukur tuwuhan pari brasil dipanen lan kasile apik.
Upacara adat iki kadhang uga diarani upacara mreti désa lan biyasa digabung karo upacara adat sedekah bumi utawa mreti bumi.

Masing-masing laladan nduwé tata cara lan prosesi upacara kang seje-seje miturut kabiasaan masing-masing ning tujuane padha baé.

Sajarah

besut

Ing jaman mbiyèn upacara adat iki dikaitake karo Dewi Sri kang dianggep sebagai dewi pari amarga kebrasilan panen iku kasil kemurahan saka Dewi Sri kang wajib disyukuri.

Tujuan

besut
  • Kanggo ngucapake syukur marang Tuhan kang wis awèh anugrah kasil panen pari kang melimpah
  • Kanggo njaga keslametan para warga désa saka gangguan hal-hal kang gaib, roh utawa arwah kang gentayangan uga saka gangguan-gangguan lelara, keamanan lan bencana.
  • Kanggo ngresi'ake désa lan wargane saka alangan utawa kesusahan supaya kaadaan désa dadi tentrem lan aman.

Prosesi

besut

Prosesi upacara racaké diwiwiti bubar panenan pertama utawa methik, lokasi upacarane pertama ing pesawahan kang wis dipirantèni ubo rampe antarané: janur kuning, kembang setaman, kemenyan, kaca, suri, banyu kendhi, jajan pasar, bungkusan sega lan gedhang. Bubar acara ndonga, pari kang wis dipetik digotong ing lumbung pari. Ing lumbung pari uga wis disiapake perangkat upacara lanjutane kang racaké digawé saka godhong antarané godhong kluwih, dhadhap serep, godhong mojo, godhong tebu, godhong jati uga godhong luh. Masing-masing godhong iku nduwé fungsi lan makna.