Panembahan Cakraningrat IV, utawa jeneng enomé Abdul Kharim Diningrat,[1] ya iku salah sijiné adipati Madura Kulon (1718-1746) katurunan trah Cakraningrat,[2] kang dadi panguwasa laladané (vasal) Kasultanan Mataram.[3][4]

Ing mangsa papréntahané, dhèwèké nyoba nggedhèkaké kakuwasané supoyo nyakup kabèh Pulo Madura lan Jawa Wétan.[2][4] Dhèwèké gonta-ganti kanca karo Mataram lan Kumpeni Walanda (VOC), sabanjuré malah mungsuhi leloroné pasukan, kanthi upaya kanggo ngawujudaké panujuné kasebut.[2][3] Nanging, ing taun 1746 Cakraningrat IV kalah nalika perang pungkasan nglawan Mataram kang banjur nggabung karo Kumpeni, lan dhèwèké banjur dibuwang Kumpeni menyang Tanjung Harapan nganti sédané.[3][4]

Wiwit saiku, wilayah Madura Kulon ditampa déning Mataram menyang Kumpeni, minangka ijol-ijolan kanggo biaya perang.[3][4] Putrané, Cakraningrat V, dilantik dadi panguwasa gentiné, nanging kakuwasané wis ana ing sangisoré Kumpeni.[3]

Uga pirsaniBesut

RéferènsiBesut

  1. Setiyanto, Agus (2001). Elite pribumi Bengkulu: perspektif sejarah abad ke-19. Balai Pustaka. k. 68. ISBN 9789796666102. 
  2. a b c Ricklefs, Merle (2018). Soul Catcher: Java’s Fiery Prince Mangkunagara I, 1726-95 (ing basa Inggris). NUS Press. ISBN 9789814722841. 
  3. a b c d e Ricklefs, M. C. (2008). A History of Modern Indonesia since c.1200 (ing basa Inggris). Macmillan International Higher Education. ISBN 9781137149183. 
  4. a b c d Choy, Lee Khoon (1999-06-02). Fragile Nation, A: The Indonesian Crisis (ing basa Inggris). World Scientific. ISBN 9789814494526.