Candhi Kalasan
Candhi Kalasan utawa Candhi Tara iku candhi ing Daerah Istimewa Yogyakarta. Candhi iki diyasa watara pungkasan abad kaping 8 M utawa wiwitan abad kaping-9 M ing sadhuwuring yasan candhi kuna. Sawijining prasasti kuna kang digawé ing taun 778 M miturut préntah saka Raka i Panangkaran lan tinemu ora adoh saka candhi lan mènèhi katrangan yèn candhi diyasa kanggo ngurmati Bodhisattva wanita, Tara. Wiwitané, mung tinemu siji candhi ing situs mau, ya iku candhi Kalasan, nanging sawisé didhudhuk luwih jero tinemu luwih akèh manèh yasan yasan pendhukung ing saubengé candhi. Candhi iki duwé dhuwur 6 mèter lan 52 stupa
Candhi Kalasan | |
---|---|
Tetélan pokok | |
Cakrik yasan | Candhi Jawa Tengahan |
Kutha | Yogyakarta, Jawa Tengah. |
Nagara | Indonésia |
Koordhinat | 7°46′02″S 110°28′20″E / 7.767284°S 110.4723505°EKoordhinat: 7°46′02″S 110°28′20″E / 7.767284°S 110.4723505°E |
Rampung | Wiwit abad angka 9 |
Klièn | Sailendra |
Prasasti iki uga nyatakaké yèn candhi iki digawé déning rong raja kanthi bebarengan ya iku raja saka Wangsa Syailendra lan raja saka Mataram Hindhu kang ora diweruhi jenengé ing jaman Wangsa Syailendra.
Candhi kang dumunung ana ing kurang luwihé 2 km ing sisih kulon saka candhi Prambanan, ya iku ing sisih dalan antara kutha Yogyakarta lan Sala bisa dikategorikake déning candhi kang di bangun lan dimupanggatake déning upacara umat Buda. Candhi kang durung tinemu simbol utawa pralambang déwa kan ana ing panggonan utama candhi, nanging patung kang duwé dhuwur kurang luwih 6 mèter lan digawé saka bahan perunggu.
Candhi Kalasan uga duwé yasan - yasan pandukung lainé ana uga telu candhi cilik ing njaba yasan candhi utawa kang awujud stupa.
Ing kapisanan candhi Kalasan kang tinemu ing papan panemon, dilanjutake déning panggolekan kanthi cara di duduk uga tinemu yasan-yasan candhi ing saubengé candhi utama. Saliyané candhi Kalasan lan yasan - yasan pandukung lainé uga ana pandukung lainé ana uga telu candhi cilik ing njaba yasan candhi utawa kang awujud stupa.
Adidasar saka prasasti Kalasan kang tarikh 778 kang tinemu ora adoh saka candhi, nyebatake ing babagan pandirian yasan suci minangka ngormati Bodhisattva wanita, Tarabhawana lan salh sijiné wiyara kang duwé mupangat kanggo pendeta.[1][2] Panguasa kang mrintahake pambangunan candhi iki déning panjenengané Maharaja Tejapurnapana Panangkaran (Rakai Panangkaran) kaasal saka kulawarga Syailendra. Banjur kanthi bebanding saka manuskrip sajeroning prasasti Kelurak tokoh iki bisa diidentifikasikan déning Dharanindra[3] utawa prasasti Nalanda ya iku bapa saka Samaragrawira[4]. Saéngga candhi kalasan uga ddadi bukti anané Wangsa Syailendra, panguasa Sriwijaya ing Sumatra lan Jawa.[5]
Gladri
besut-
Salah siji relung ing Kalasan nggambaraké Kala lan sesawangan dewata ing swargaloka
-
Ukiran sirah raksasa Kala ing témbok candhi sisih kidul
-
Makara ana ing kori utama lumebu ing candhi Kalasan.
Uga delengen
besutLokasi
besutRéferènsi
besut- ↑ Soekmono, R. (1995). The Javanese Candhi: function and meaning. BRILL. ISBN 90-04-10215-9.
- ↑ Masalah sitiran: Tenger
<ref>
ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jenengWendoris
- ↑ Muljana, S. (2006). Sriwijaya. Jakarta: PT. LKiS Pelangi Aksara. ISBN 978-979-8451-62-1.
- ↑ Poesponegoro, M.D.; Notosusanto, N. (1992). Sajarah nasional Indonésia: Jaman kuna. Jakarta: PT Balai Pustaka. ISBN 979-407-408-X.
- ↑ Coomaraswamy, A.K. (2003). History of Indian and Indonésian Art. Kessinger Publishing. ISBN 0-7661-5801-2.
Artikel arkéologi iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |