Rakai Panangkaran

raja Mataram kaping pindo

Sri Maharaja Rakai Panangkaran Dyah Pancapana inggih punika raja angka kalih Karajan Medang periode Jawa Tengah (utawi asring dipunsebut Karajan Mataram Kuno). Piyambakipun jumeneng antawis taun 770-an. Amargi data-data sajarah Mataram Kuno namung sekedhk, saéngga njalari manéka penafsiran ing sadengahing para sejarawan ngéngini asal-usul Rakai Panangkaran. Wonten ingkang gadhah pamanggih, bilih Rakai Panangkaran asalipun saking Wangsa Sanjaya, wonten ugi pamanggih bilih Rakai Panangkaran punika saking Wangsa Sailendra.[1]

Candhi masa pamaréntahan Rakai Panangkaran

Pambangunan Candhi Kalasan besut

"Maharaja Rakai Panangkaran" mapan ing urutan kaping kalih wonten ing pratélan raja-raja Karajan Medang versi prasasti Mantyasih. Namanipun kaserat sabibaripun Sanjaya, ingkang dipunyakini minangka pendiri karajan mau. Prasasti punika dipundamel nalika jaman Maharaja Dyah Balitung nalika taun 907, utawi atusan taun kawit jaman Rakai Panangkaran.[2]

Déné, prasasti ingkang asalipun saking jaman Rakai Panangkaran inggih punika prasasti Kalasan taun 778. Prasasti punika minangka piagam peresmian pambangunan sawijining candhi Buda kanggé muja Dewi Tara. Pambangunan punika saking panyuwunan para guru raja Sailendra. Wonten ing prasasti punika Rakai Panangkaran kapuji minangka Sailendrawangsatilaka utawi “permata Wangsa Sailendra”.[2]

Candhi ingkang dipundirikaken déning Rakai Panangkaran mau sapunika dipunkenal kanthi nama Candhi Kalasan.[3]

Hubungan antawis Sanjaya kaliyan Dharanindra besut

Sanjaya minangka raja ingkang angka pisan Karajan Medang. Miturut prasasti Canggal (732), piyambakipun nganut agama Hindhu aliran Siwa. Déne, Rakai Panangkaran minangka raja ingkang angka kalih Karajan Medang. Miturut prasasti Kalasan (778), piyambakipun yasa sawijining candhi buddha aliran Mahayana. Gegayutan kaliyan pawartos mau, wonten manéka téyori babagan kekalih raja mau.[3]

Téyori ingkang angka pisan déning Van Naerssen, nyebataken bilih, Rakai Panangkaran inggih punika putra Sanjaya. Wangsa Sanjaya lajeng dipunawonaken déning Wangsa Sailendra ingkang nganut agama Buda. Pambangunan Candhi Kalasan minangka parentah saking raja Sailendra dhumateng Rakai Panangkaran ingkang sampun dados bawahanipun. Nama raja Sailendra mau dipunprakirakaken sami kaliyan Dharanindra ingkang pinanggih wonten ing prasasti Kelurak (782). Téyori punika kathah dipunkembangaken déning para sejarawan Barat, antawisipun George Cœdès, punapa déné Dr. F.D.K. Bosch.[3]

Téyori ingkang angka kalih dipunsamektakaken déning Prof. Poerbatjaraka ingkang nyebataken bilih, Rakai Panangkaran punika minangka Sanjaya nanging kekalihipun sami-sami saking Wangsa Sailendra, sanès Wangsa Sanjaya. Wonten ing mriki Poerbatjaraka boten ngakoni kawontenanipun Wangsa Sanjaya. Miturut pamanggihipun (ingkang dipunsengkuyung ugi déning sejarawan Marwati Pusponegoro saha Nugroho Notosutanto)[4], sadéréngipun séda, Sanjaya sempet nilar wasiat supados Rakai Panangkaran pindhah mlebet dhumateng agama Buda. Téyori punika dhedhasar cariyos wonten ing Cariyos Parahyangan babagan tokoh Rahyang Panaraban putra Sanjaya ingkang dipunkisahaken pindhah agama. Rahyang Panaraban punika miturut Poerbatjaraka identik kaliyan Rakai Panangkaran. Saéngga, ingkang winastan "para guru raja Sailendra" boten sanès inggih punika guru Rakai Panangkaran piyambak.[4]

Téyori ingkang angka tiga dipunsamektakaken déning Slamet Muljana bilih, Rakai Panangkaran sanès putra Sanjaya. Wonten ing pratélan para raja versi prasasti Mantyasih kaserat nama Sanjaya kanthi gelar Sang Ratu, déné Rakai Panangkaran kanthi gelar Sri Maharaja. Éwahaning gelar punika dados bukti gantosipun dinasti ingkang nguwaosi Karajan Medang. Saéngga, Rakai Panangkaran punika raja saking Wangsa Sailendra ingkang ngrebut tahta Medang sarta ngawonaken Wangsa Sanjaya. Miturut Slamet Muljana, Rakai Panangkaran boten badhé gadhah status minangka andhapanipun Wangsa Sailendra amargi wonten ing prasasti Kalasan piyambakipun dipunsembah minangka Sailendrawangsatilaka (permata Wangsa Sailendra).[4]

Wonten ing mriki, Slamet Muljana nampik téyori bilih Rakai Panangkaran punika andhapanipun Dharanindra. Miturutnipun, Rakai Panangkaran saha Dharanindra sami-sami saking Wangsa Sailendra. Éwadéné makaten, piyambakipun boten nganggep kekalihipun minangka tokoh ingkang sami. Miturutipun, Dharanindra boten sami kaliyan Rakai Panangkaran ingkang gadhah nama asli Dyah Pancapana (sami kaliyan ingkang pinanggih wonten ing prasasti Kalasan). Muljana gadhah pamanggih, Dharanindra inggih punika minangka nama asli saking Rakai Panunggalan, inggih punika raja ingkang angka tiga Karajan Medang ingkang namanipun dipunsebut sasampunipun Rakai Panangkaran wonten ing prasasti Mantyasih.[4]

Kapustakaan besut

  • Marwati Poesponegoro & Nugroho Notosusanto. 1990. Sajarah Nasional Indonesia Jilid II. Jakarta: Balai Pustaka
  • Purwadi. 2007. Sajarah Raja-Raja Jawa. Yogyakarta: Media Ilmu
  • Slamet Muljana. 2006. Sriwijaya (terbitan ulang 1960). Yogyakarta: LKIS

Cathetan suku besut

  1. [1](dipunundhuh tanggal 17 November 2012)
  2. a b [2](dipunundhuh tanggal 17 November 2012)
  3. a b c [3] Archived 2012-11-09 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 17 November 2012)
  4. a b c d [4](dipunundhuh tanggal 17 November 2012)


Didhisiki déning:
Sanjaya
{{{jabatan}}}
? – 778 – ?
Diganti déning:
Rakai Panunggalan