Candhi Laras
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Candhi Laras inggih punika salah satunggaling situs candhi ingkang dumunung wonten ing désa Candhi Laras, Candhi Laras Selatan, Tapin, Provinsi Kalimantan Selatan, ingkang pinanggih wonten ing papan ingkang déning warga dipunsebat Tanah Tinggi ingkang dumunung ing koordinat 2°52',6" LS saha 114°56'0,7" BT. Wonten ing situs candhi punika pinanggih pérangan saking arca Bathara Guru ingkang nyepeng cupu, lembu Nandini, sarta lingga. Sadaya punika kasimpen wonten ing Museum Lambung Mangkurat, Banjarbaru. Papaning candhi punika dumunung wewengkon ingkang strategis, saéngga dipunprakirakaken candhi punika dipunyasa kanthi ancas tartamtu saha dipunprakirakaken minangka candhi kanagaran. Wonten ing kiwa tengenipun candhi punika, inggih punika ing laladan aliran Kali Amas, pinanggih ugi arca Buddha Dīpankara saha kethokan kayu ingkang sinerat aksara Pallawa ingkang sesambetan kaliyan agama Buddha, kaserat "siddha" (prayoginipun ingkang jangkep kaserat "jaya siddha yatra" tegesipun "lampahan ziarah ingkang angsal berkat"). Ukara kasebat ngémutaken kaliyan baris kadasa wonten ing prasasti Kedukan Bukit tetinggalanipun Karajan Sriwijaya abad kaping 7 M "Sriwijaya jaya siddha yatra subhiksa". Kamiripan ukara wonten ing prasasti punika nedahaken wontenipun gegayutan ing antawisipun Karajan Sriwijaya kaliyan Tapin. Miturut panemon barang arkéologi ingkang tinemu ing situs punika saking abad ke-8 utawi ke-9.[1]. Situs purbakala Candhi Laras punika dipunprakirakaken dipunyasa nalika taun 1300 Masèhi déning Jimutawahana, keturunan Dapunta Hyang saking Karajan Sriwijaya. Jimutawahana punika ingkang dipunprakirakaken ingkang dados nènèk moyang warga Tapin.[2]
Pranala njaba
besutCathetan suku
besut- ↑ (ing basa Inggris) Francis, Peter (2002). Asia's maritime bead trade: 300 B.C. to the present. University of Hawaii Press. kc. 139. ISBN 9780824823320. ISBN 0-8248-2332-X(dipunundhuh tanggal 25 Oktober 2012)
- ↑ PENELITIAN AWAL TEMUAN PERAHU KUNA[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 25 Oktober 2012)
Artikel arkéologi iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |