Cin Mleng utawa Nok Nik ya iku salah siji kagunan kang asalé saka Kalurahan Kauman Kidul, Kacamatan Sidareja, Kutha Salatiga.[1][2][3][4] Ing jaman biyèn, kesenian iki digunakaké kanggo nglawan penjajah mliginé Walanda. Kesenian iki wujudé mèh padha karo Ludruk kang asalé saka Surabaya, Kethoprak saka Yogyakarta lan Surakarta, lan Lénong saka Jakarta. Kesenian iki umumé nyritakaké bab kahanan sosial kang ana ing jaman kasebut.[3]

Cin Mleng.

Sajarah besut

Ing jaman penjajahan Walanda, Cin Mleng digunakaké kanggo nglawan para penjajah kanthi cara nyritakaké kahanan sosial masarakat ing jaman semana lan ngandharaké dhawuh kanggo nglawan penjajah.[1][2][3]

Dasanama Nok Nik diwènèhaké déning masarakat amarga ing kesenian iki mesthi ana paraga noni Walanda. Ananging, ing pasugatan kasebut noni Walanda diparagakaké déning priya, supaya ora dicurigai minangka alat propagandha déning pamarèntah Walanda. Bab kasebut uga ditindakaké minangka upaya masarakat supaya oleh idin saka Walanda kanggo mentasaké kesenian Nok Nik ing désa-désa. Cin Mleng wiwit arang dipentasaké nalika jaman Orde Baru, amarga ana salah sawijining grup kesenian kang dicurigai ngenut paham Kumunismé, saéngga masarakat wedi yèn arep méntasaké Nok Nik utawa Cin Mleng. Ing jaman saiki kesenian Cin Mleng wis meh sirna, amung dipentasaké menawa ana acara-acara tinamtu.[4] Senadyan ta kaya mangkono, uga ora ana upaya saka para seniman ing Salatiga minangka dhaérah asal Cin Mleng kanggo nglestarèkaké kesenian iki.[1][2]

Yèn krungu jeneng Cin Mleng, masarakat mesthi mikir yèn kesenian iki ana sambet rapeté karo Tionghoa. Nanging, menawa dideleng seka sejarahé, jeneng Cin Mleng dijupuk saka swara jin-jin pleng kang diasilaké déning swara jédhor kang digunakaké ing pasugatan iki. Saengga, menawa ditlusur kesenian iki sajané luwih akeh gayutané karo budaya Wétan Tengah.[4]

Bebakal Kesenian besut

Kesenian iki biasané isiné pacelathon bab kahanan sosial masarakat ing jaman semana, para paraga uga ngajak wong kang ndeleng kanggo mèlu interaksi ing pasugatan kasebut. Saliyané diiringi jédhor, pasugatan iki uga diiringi déning gamelan jawa.[3] Titikané Cin Mleng, para paraga saben lumebu lan ninggalaké panggung mesthi mbeksa, bab iki kang ndadèkaké geguyon utawa dhagelan tumrapé wong kang nonton kesenian iki. Sanadyan akèh dhagelané, nanging kesenian iki tetep ngemot piweling kanggo nglawan para penjajah saka Walanda.

Uga delengen besut

Rujukan besut

  1. a b c Kundori, Mochamad (2019-09-10). "Mencari Kesenian Asli Salatiga yang Nyaris Punah". Suara Merdeka. Dibukak ing 2020-08-21.
  2. a b c Suara Merdeka (2019-09-11). "Seni: Nyaris Punah, Kesenian Cin Mleng Dipentaskan". Suara Merdeka. Dibukak ing 2020-08-21.
  3. a b c d Aprianto, Fandy (2020-08-21). "Cin Mleng". Perpustakaan Digital Budaya Indonesia. Dibukak ing 2020-08-21.
  4. a b c Kundori, Mochamad (2019-09-24). "Menghidupkan Kesenian Cin Mleng di Salatiga: Kembali Dipentaskan Setelah Setengah Abad". Suara Merdeka. Dibukak ing 2020-08-21.