Dat wesi utawa zat besi ing basa Indonésia (Fe) ya iku salah sawijiné zat ing jero awak manungsa kang ana gegayutané karo anané getih kang diprelokaké awak.[1] Zat Besi kalebu mineral mikro kang paling akèh ana ing jero awak manungsa, ya iku gunggungé 3-5 gram ing jero awak manungsa diwasa.[2] Zat besi duwé sawatara mupangat kang wigati kanggo awak, ya iku dadi piranti angkut oksigèn saka paru-paru tumuju jaringan awak, dadi piranti angkut èlèktron ing jero sèl, lan dadi péranganing manéka réaksi enzim ing jero jaringan awak.[2]

Zat besi

Kabutuhan

besut

Wong diwasa kang boboté 75 kg ngandhut kurang luwih 4000 mg zat besi, déne wong wadon diwasa kang boboté 55 kg ngandhut zat besi kurang luwih 2100 mg.[3] Wong lanang nduwé sèrepan zat besi ing jero limpa lan sungsum balaung.[3] Suwaliké, wong wadon mung nduwé sèrepan zat besi 0–300 mg saéngga gampang kena anemia, apamanèh nalika umur subur menstruasi.[3]

 
Bahan panganan kang ngandhut zat besi

Kabutuhan zat besi gumantung jinis kelamin lan umur.[1] Kacukupan kang apik kanggo bocah umur 2-6 taun ya iku 4,7 mg/dina, mumur 6-12 taun 7,8 mg/dina, wong lanang umur 12-16 taun 12,1 mg/dina, perawan 12-16 taun 21,4 mg/dina, lan wong wadon kang isih nyusoni ya iku 8,7 mg/dina.[1] Gunggungé kacukupan zat besi iki diitung adhédhasar sumadyané hayati saka sumber nabati kanthi kasedyan hayati 2-3% lan sumber hewani kanthi kasdyan hayati 20-23%.[4] Kanggo ngundhakaké kasedyan hayati, zat besi kang asalé saka tetuwuhan bisa ditambah karo vitamin C lan asem organik liyané.[4]

Mupangat Zat Besi

besut

Ing jero awak, fungsi utama zat besi ya iku ing prodhuksi komponèn kang nggawa oksigèn ya iku hemoglobin lan mioglobin.[5] Hemoglobin ana ing jero sèl getih abang (eritrosit) lan minangka protéin kang fungsiné ngangkud oksigèn tumuju manéka jaringan-jaringan awak, déné mioglobin ana ing sèl otot kang fungsiné kanggo nyimpen lan nyebaraké oksigèn tumuju sèl-sèl otot.[5] Kajaba kanggo ngasilaké hemoglobin lan mioglobin, zat besi uga bisa kasimpen ing protéin feritin, hemosidirin ing jero ati, lan ing jero sungsum balung buri.[5]

Zat Besi ing Panganan

besut

Zat besi akèh kaandhut ing jero bahan panganan saka kéwan mligi daging, endhog, lan iwak.[5] Zat besi uga ana ing jinis kacang-kacangan kaya kedhelé lan kacang ijo, manéka jinis sayuran lan woh-wohan.[5] Zat besi kang asalé saka kéwan diarani besi-hem lan gampang diserep awak. Déné zat besi kang asalé saka tetuwuhan diarani besi-nonhem lan luwih angèl diserep déning awak.[5]

Sumber zat besi (saben 100 gr)

  • Daging 2,2-5
  • Iwak 1,2-4
  • Telur 1.2-1,5
  • Kacang ijo 6
  • Kacang Kedhelé 15.7

Cathetan suku

besut
  1. a b c Garrow JS dan James WPT. 1993. Human Nutrition and Dietetics, Ninth Edition. Edinburgh: Churchill Livingstone. Page 174-180.
  2. a b Pengertian Zat Besi Archived 2012-05-02 at the Wayback Machine.(diundhuh 23 Oktober 2012)
  3. a b c Kegunaan Zat Besi Archived 2012-10-17 at the Wayback Machine.(diundhuh 23 Oktober 2012)
  4. a b Drummond KE dan Brefere LM. Nutrition for Foodservice and Culinary Professional’s, Seventh Edition. New Jersey: John Wiley & Sons. Page 241-244.
  5. a b c d e f Fungsi dan Kandungan Zat Besi[pranala mati permanèn](diundhuh 24 Oktober 2012)