Francisco Franco
Francisco Paulino Hermenegildo Teódulo Franco y Bahamonde Salgado Pardoutawa racaké disingkat karo Francisco Franco Bahamonde (lair ing Ferrol, Spanyol, 4 Dhésèmber 1892 – pati 20 Novèmber 1975 ing umur 82 taun) ya iku pempimpin de facto Spanyol saka taun 1939 nganti tekan taun 1975.[1]
Generalissimo Francisco Franco | |
---|---|
Kepala Nagara Spanyol | |
Linggih 1 April 1939 – 20 November 1974 | |
Kang sadurungé | Manuel Azaña (minangka Présidhèn) |
Kang sawisé | Alejandro Rodríguez de Valcárcel supaya diserahake marang Juan Carlos I (Raja Spanyol) |
Pemimpin Papréntahan Spanyol ke-68 | |
Linggih 5 Fèbruari 1939 – 8 Juni 1973 | |
Kang sadurungé | Juan Negrín |
Kang sawisé | Luis Carrero Blanco |
Rerincèn dhiri | |
Lair | Ferrol, Galicia, Spanyol | 4 Dhésèmber 1892
Pati | 20 Novèmber 1975 Madrid, Spanyol | (umur 82)
Pakuburan | Valley of the Fallen 40°38′31″N 4°09′19″W / 40.641944°N 4.155278°W |
Bangsa | http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Francisco_Franco&action=editSpanish |
Parté pulitik | FET y de las JONS |
Sisihan | Carmen Polo, 1st Lady of Meirás |
Pilungguh | El Pardo, Madrid |
Agama | Katolik |
Tandha tangan | |
Jasa militèr | |
Kasetyan | Krajan Spanyol (1907-1931) Republik Spanyol Kapindho (1931-1936) Nasionalis Spanyol (1936-1939) |
Taun leladi | 1907-1939 |
Pangkat | Kepala Staf Jenderal |
Perang | Perang Rif Perang Sipil Spanyol |
Biografi
besutDhèwèké ya iku putra nomer loro saka kulawarga angkatan laut kelas menengah kang lair nalika tanggal 4 Dhésèmber 1892.[1] Franco lumebu ana in akademi militèr ing Toledo nalika umuré nembé 14 taun.[1] Sawisé tamat 3 taun, dhèwèké banjur dadi sukarelawan dinas aktif ana ing koloni Spanyol ing Maroko.[1] Pangkate undak nalika dhèwèké dadi komandan Legiun Asing, banjur Brigadir Jenderal nalika umuré 34 lan pungkasane direputasikake dadi direktur Akademi Militer Umum kang nembé diwangun.[1]
Prastawa kang dramatis nalika taun 1931 ngubah cara uripé Franco, Raja Spanyol Alfonso XIII lengser keprabon lan diguwang menyang pengasingan.[2] Papréntahan républik anyar, didominasi déning kaum kiwa, kaum tengen kang ndelok militèr dadi ancaman banjur mbubarake Akademi, lan ngirimake jenderal enom menyang laladan terpencil ana ing Kepulowan Balearik.[2] Telung taun sawisé iku pulitik ana ing Spanyol dimajukake manèh ana ing panguwasane papréntahan konservatif kang singkat pya iku nalika taun 1933-1934) lan ana geger manèh sawisé sayap kiri /kiwa menang ana ing Popular Front nalika 1936.[2] Ana ing kana dhèwèké nemu awake dhéwé punjul nagara iki, ana ing kakuwasaan Gubernur Kapuloan Canary.[2] Nanging iki dudu yang pungkasan ana ing wektu kang suwé.[2] Revolusi kang dipikirake déning angkatan bersenjata lan nalika pemberontakan dibiwara marang Popular Front nalika Juli 1936 Franco ngerti yem dhèwèké kudu mbela sing ndi.[2] Dhèwèké lunga menyang Maroko kanthi numpak montor mabur kanggo ngontrol pasukane lan bali menyang Liberia. Junta militèr mbentuk papréntahan Nasionalis Spanyol (diakuni kanthi banter déning Fasis Italia kang dipandhegani déning Mussolini lan Jerman Nazi kang dipandhegani déning Adolf Hitler) lan Franco dinyatakake generalissimo. Telung taun sawisé iku ana internicine war kang kedadenyane nganti tekan perang bubar-kanthi kemenangan nasionalis kanthi rewangan gratis saka Nazi lan Italia marang kaum kiwaning Républikan kang sapérangan dijurung déning Ruslan, lan sukarelawan saka Ingrris, Perancis, lan Meksiko nalika tanggal 1 April 1939. Sasuwene jaman iki, dhèwèké lan pasukane wis matèni wong akèh. Minangka tandha matur nuwun menyang Hitler, Franco mènèhi bebungah wujud désa, kang digunakaké Hitler kanggo nguji sanjata-sanjatane.
Nuevo Estado diadegaké miturut jalur désa fasisme, sanadyan Spanyol tumindake nétral sajeroning Perang Dunia kang kelakon ing Éropa mung limang sasi. Sanadyan mangkono, Franco nglakoni balas jasa marang rewangane Nazi lan Fasis Italia, ing antarané ya iku kanthi ngirimake 47,000 wadyabala kang perang saliyané wadyabala Jerman Nazi ing Front Ruslan. Banjur Nazi-Italia wiwit kalah perang. Hitler lan Mussolini ora saguh mbujuk supaya mèlu mudhun ing perang. Kelihaian Franco iki ana apike ya iku Spanyol ora dirusuhi sekuthu.
Sanadyan pungkasane rusaking sakabehe saka laladan Spanyol nurahake nagara fasis banjur Perang Dunia kapindho lan sanadyan pisanane diadohi papréntahan anyar Franco kanthi bertahap ngatur rehabilitasi kerukunan karo Vatikan. Perjanjian bantuan karo Amérikah Sarékat kanthi kunjungan Présidhèn Eisenhower kanggo nggoleki sekuthu supaya nglawan Uni Soviet lan lumebu ing PBB keri ing taun 1955. Wong-wong fasis padha kelangan cekelan ing Spanyol, sanadyan telat banget sasuwéné taun 1950-an lan 1960-an, kanthi pernyataan ing taun 1969 saka Raja Juan Carlos, putune mantan raja minangka gantine Franco. Kaanan lelara kang meksa ngendhegake Franco minangka nayakotama ing taun 1973 (sanadyan dhèwèké isih dadi kepala nagara lan kepala angkatan bersenjata) sasuwéné taun 1974 weruh pemogokan ing sakabehing nagara lan protes universitas sansaya amba ing sakabehing nagara. Sedane ing tanggal 20 November 1975 ndadèkaké leganing para warga lan ananing owah-owahan radikal. Kanthi gantining raja kang anyar kanthi rikat kang mbalikake mesin nagara fasis lan sasuwéné telung taun Spanyol nganakake pamilian kang ndadèkaké periode sarat pluralitas.
Sasuwene mrentah, kauripan nagara Spanyol iki ayem tentrem, kaya antenge kauripan ing kunjara.
Cathetan suku
besutKang sadurungé Juan Negrín |
Présidhèn Pamaréntah Spanyol 1939—1973 |
Kang sawisé Luis Carrero Blanco |
Didhisiki déning: Manuel Azaña |
{{{jabatan}}} 1939—1947 |
Diganti déning: monarki ditegakkan kembali dengan tanpa penguasa, Franco menjadi penguasa de facto |
Didhisiki déning: Manuel Azana |
{{{jabatan}}} 1939—1975 |
Diganti déning: Juan Carlos I |