Tuduhaké menu pokok
Bas ing musik Jazz

Genre musik utawa ilèn musik, iku panglompokan musik miturut kamèmperan siji lan sijiné. Musik uga bisa diklompokaké miturut kriteria liya, upamané miturut géografi. Sawijining génré bisa didhefinisèkaké déning tèhnik musik, gaya, kontèks, lan téma musik.

PanglompokanBesut

Musik klasikBesut

Musik klasik lumrahé ngrujuk marang musik klasik Éropah, nanging kala-kala uga marang musik klasik Pèrsi, India, lan liya-liyané. Musik klasik Éropah dhéw dumadi saka sawatara kalamangsa, ing antarané barok, klasik, lan romantik.

GospelBesut

Gospel iku génré kang didominasi déning vokal lan lumrahé duwé téma Kristen. Sawetara subgenre-né ya iku contemporary gospel lan urban contemporary gospel. Ing Indonésia, musik gospel akèh dipopulèraké déning musisi kaya Franky Sihombing, Giving My Best, Nikita, True Worshippers lsp.

JazzBesut

Jazz iku jinis musik kang tuwuh saka panggabungan blues, ragtime, lan musik Éropah, mligi musik band. Sawetara subgénré jazz ya iku Dixieland, swing, bebop, hard bop, cool jazz, free jazz, jazz fusion, smooth jazz, lan CafJazz.

Amérika latinBesut

Musik Amérika latin kalebu musik saka Mèksiko, Amérika Tengah, Amérika Kidul, lan Karibia.

BluesBesut

Blues asalé saka masarakat Afro-Amérika sing tuwuh saka musik Afrika Kulon. Jinis iki banjur mengaruhi akèh génré musik pop wektu iki, kalebu ragtime, jazz, big band, rhythm and blues, rock and roll, country, lan musik pop.

Rhythm and bluesBesut

Rhythm and blues iku jeneng musik tradhisional masarakat Afro-Amérika, ya iku musik pop kulit ireng saka taun 1940-an nganti 1960-an sing dudu jazz utawa blues.

FunkBesut

Funk uga dipelopori déning musisi-musisi Afro-Amérika, upamané James Brown, Parliament-Funkadelic, lan Sly and the Family Stone.

RockBesut

Rock, sajeroning pangertèn sing paling ombèr, nyakup mèh kabèh musik pop wiwit awal 1950-an. Wangun sing paling wiwitan, rock and roll, iku gabungan saka warna-warna génré ing pungkasan taun 1940-an, kanthi musisi-musisi kaya Chuck Berry, Bill Haley, Buddy Holly, lan Elvis Presley. Bab iki sabanjuré disenengi déning wong ing saindhenging donya, lan ing tengahan taun 1960-an sawatara grup musik Inggris, kaya The Beatles, wiwit niru lan dadi populèr.

Musik rock sabanjuré tuwuh dadi psychedelic rock, banjur dadi progressive rock. Sawetara band Inggris kaya The Yardbirds lan The Who banjur tumuwuh dadi hard rock, lan banjur dadi heavy metal. Pungkasan taun 1970-an musik punk rock wiwit tuwuh, kanthi golongan-golongan kaya déné The Clash, The Ramones, lan Sex Pistols. Ing taun 1980-an, rock terus tumuwuh, mligi metal dadi thrash metal, glam metal, death metal, lan black metal.

PopBesut

Musik pop iku génré wigati nanging wates-watesné kerep kabur, amarga akèh musisi pop dilebokaké uga sajeroning kategori rock, hip hop, country, lsp.

CountryBesut

Country diprabawai déning blues, lan tuwuh saka budaya Amérika kulit putih, mligi ing kutha Nashville. Sawetara artis country wiwitan antarané Merle Haggard lan Buck Owens.

ElektronikBesut

Elektronik diwiwiti suwé sadurungé tinemu synthesizer, nganggo tapé loops lan piranti musik elektronik analog ing taun 1950-an lan 1960-an. Para peloporé ya iku John Cage, Pierre Schaeffer, dan Karlheinz Stockhausen.

Ska, Reggae, DubBesut

Saka gabungan musik R&B lan musik tradhisional mento saka Jamaika muncul ska, lan banjur tuwuh dadi reggae lan dub.

Hip hop / Rap / RapcoreBesut

Musik hip hop bisa dianggep subgénré R&B. Diwiwiti ing wiwitan taun 1970-an lan 1980-an, musik iki wiwitané tuwuh ing pasisir wétan AS, ingaran East Coast hip hop. Watara taun 1992, musik hip hop saka pasisir kulon uga wiwit misuwur kanthi sebutan West Coast hip hop. Jinis musik iki yèn dicampur karo heavy metal ngasilaké rapcore.

Uga delengenBesut