Ganesa (Sanskerta गणेश ; ganeṣa rungokna (pitulung·info)) iku salah siji déwa misuwur sajeroning agama Hindhu lan akèh dipuja déning umat Hindhu, sing nduwé gelar minangka Déwa kawruh lan kacerdasan, Déwa pelindhung, Déwa penolak bala utawa bencana lan Déwa kawicaksanan. Lukisan lan reca né akèh tinemu ing sadhéngah papan ing India; kalebu Nepal, Tibet lan Asia Kidul-wétan. Sajeroning relief, reca lan lukisan, Ganésa kerep digambaraké asirah gajah, lengen papat lan awak lemu. Ganésa dikenal uga kanthi jeneng Ganapati, Winayaka lan Pilleyar. Sajeroning tradhisi pewayangan, Ganésa karan Bathara Gana, lan dianggep salah siji putra Bathara Guru (Siwa). Sawetara sékté sajeroning agama Hindhu muja tanpa peduli golongan. Pamujanmarang Ganesa nganti sumrambah menyang umat Jaina, Buda, lan ing sajabané India.[2]
Ganésa |
---|
|
- ↑ "Ganesha getting ready to throw his lotus. Basohli miniature, circa 1730. National Museum, New Delhi. In the Mudgalapurāṇa (VII, 70), in order to kill the demon of egotism (Mamāsura) who had attacked him, Gaṇeśa Vighnarāja throws his lotus at him. Unable to bear the fragrance of the divine flower, the demon surrenders to Gaṇeśha. " For quotation of description of the work, see: Martin-Dubost (1997), p. 73.
- ↑ Martin-Dubost, hal. 311–320.
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Ganesha. |