Garwa Pontius Pilatus

Garwa Pontius Pilatus (Grikenlan: Πιλᾶτος (Pilatus), γυνὴ αὐτοῦ (garwane); Latin: uxor Pilati; urip sekitar abad ka-1) yaiku wong sing ora duwe jeneng ing Prajanjian Anyar, ing ngendi dhèwèké muncul ing ayat tunggal saka Injil Matius. Ing tradhisi Kristen ing wektu sabanjure, dhèwèké dikenal minangka Santa Procula (uga kasebut Proculla utawa Procla), Santa Claudia, Claudia Procles utawa Claudia Procula. Legenda lan kesusastraan Kristen njupuk anekdot gedhe babagan garwa Pilatus ing Prajanjian Anyar.

Garwa Pontius Pilatus
Ikon Santa Claudia Procles
Garwa Gubernur Yudea
Santa, Randha lan Martir
Dipun urmati ingGreja Ortodoks Wetan
Greja Ortodoks Ethiopia
Dinten pèngetan27 Oktober (Ortodoks Wetan)
25 Juni (Ortodoks Ethiopia)

Cathetan ing Injil Matius

besut
 
Pesen Garwa Pilatus (1886–94) karya James Tissot (Brooklyn Museum)

Ing Prajanjian Anyar, siji-sijine rujukan saka garwa Pilatus muncul ing ukara tunggal gawean Matius. Miturut Matius 27:19, dhèwèké ngirimi pesen karo bojone supaya ora ngancilakake Yesus Kristus:

Nalika Sang Pilatus lagi lenggah ing kursi pangadilan, garwane utusan matur: “Sampun ngantos panjenengan tumut-tumut ing prakawisipun tiyang mursid punika, sabab margi saking Panjenenganipun punika salebeting ngimpi kala wau dalu, kula ngraosaken sisah.”

Pilatus ora nggubris paringatan saka garwane, sing orang ora kasebut jenenge ing Injil.

Legenda, tradhisi lan teologi Kristen

besut

Garwa Pilatus kasebut ing apokrifa Injil Nikodemus (dipercaya sing ditulis ing sekitar pertengahan abad ka-4, sanadyan kasebut karo Yustinus Martir),[1] sing nduweni versi luwih njero saka bagean mimpi kasebut tinimbang Matius.[2][3] Ia pisanan diarani minangka Claudia ing 1619, neng kronik Pseudo-Dexter.[4][5] Ing tradhisi Kristen sabanjure, ia dikenal karo sebutan Claudia Procula.[6]

Ing abad ka-3, Homili-homili babagan Matius sing digawe dening Origenes nyatakake yen garwa Pilatus wis dadi wong Kristen,[7][8] utawa paling ora wayahe Gusti ngirimake mimpi sing dikasebutake dening Matius, dhèwèké wis dadi wong pracaya.[9][10] Tafsiran iki terpecah ing teolog Zaman Kuna lan Abad Tengahan. Para teolog sing nentang nganggep mimpi kuwi dikirimi karo Setan ing upaya ngalangi keselamatan sing bakal datheng saka kemangkatan Yesus.[9][10]

Santa

besut

Procula diangkat dadi santa ing loro aliran greja tradhisi Kristen Wetan: Greja Ortodoks Wetan lan Greja Ortodoks Ethiopia. Ing Greja Ortodoks Wetan, ia dirayakake ing 27 Oktober. Greja Ortodoks Ethiopia merayakake Pilatus lan Procula bebarengan ing 25 Juni.[7][11]

Deleng uga

besut

Referensi

besut
  1.   "Acta Pilati". Catholic Encyclopedia. New York: Robert Appleton Company. 1913.
  2. The Acts of Pilate, Chapter 2, Paragraph 1, translated by M. R. James
  3. "The Gospel of Nicodemus, or Acts of Pilate", from The Apocryphal New Testament, M.R. James (translation and notes). Oxford: Clarendon Press, 1924
  4. Erwin Preuschen, Zeitschrift für die Neutestamentliche Wissenschaft und die Kunde der älteren Kirche, Volumes 86-87 (Berlin: W. de Gruyter, 1995).
  5. Katrina B. Olds, Forging The Past: Invented Histories in Counter-Reformation Spain, page 119 (Yale University Press, 2015. ISBN 978-0-300-18522-5).
  6. Francis Phillips. "A Christian genius and her inspired account of the life of Pilate’s wife" Archived 2019-09-04 at the Wayback Machine. in The Catholic Herald, 1 April 2015
  7. a b   "Pontius Pilate". Catholic Encyclopedia. New York: Robert Appleton Company. 1913.
  8. Paul L. Maier. Pontius Pilate: A Biographical Novel. Kregel Publications, 1995, ISBN 0-8254-3296-0, p. 370 (endnotes to Chapter 26)
  9. a b Sandro Sticca. The Latin Passion Play: Its Origins and Development. SUNY Press, 1970, ISBN 0-87395-045-3, p. 98
  10. a b Ulrich Luz, Helmut Koester (contributor), James E. Crouch (translator). Matthew 21-28: A Commentary. Fortress Press, Minneapolis, 2005, ISBN 0-8006-3770-4, p. 499
  11. "The Fate of Pontius Pilate," Hermes 99.3 (1971), p. 362.

Pranala jaba

besut

Cithakan:Prajanjian Anyar