Yustinus Martir
Flavius Yustinus (uga karan Yustinus saka Kaisarea utawa Yustinus sang filsuf; Inggris: Justin Martyr, 103-165) iku penulis Kristen paling misuwur lumantar karyané Liber Apologeticus-"Apologi Pisanan".[2] Dhèwèké dilairaké ing Samaria nalika taun 95.[2] Ing akir uripé dhèwèké mati sahid dadi martir saéngga jenengé sinebut Yustinus Martir.[3][4]
Yustinus Martir | |
---|---|
Martyr | |
Miyos | 100[1] Flavia Neapolis (modhèren-day Nablus, West Bank) |
Séda | 165 Roma, Kakaisaran Roma |
Dipun urmati ing | Gréja Katulik Roma Komuni Anglikan Gréja Ortodoks Wétan Lutheranisme Ortodoks Oriental |
Kanonisasi | Pre-Congregation for the Causes of Saints |
Dinten pèngetan | 1 Juni (Gréja Katulik Roma, Gréja Ortodoks Wétan, Komuni Anglikan) 14 April (Kalèndher Roma, 1882–1969) |
Babad slira
besutYustinus Martir uga salah sawijining filsuf sing aktif nyinaoni ajaran-ajaran Stoa, Aristoteles, lan Phytagoras, nanging saiki dhèwèké nganut sistem Plato.[3] Yustinus dadi wong Kristen nalika dhèwèké ngrenungaké tulisan-tulisan Torèt lan maca Injil sarta layang-layang Paulus.[3] Banjur Yustinus ketemu karo sawijining wong tuwa sing tapa ing ara-ara sepi ing Palestina.[2] Wong tuwa iki mulang dhèwèké ngenani Kitab Suci, ngenani para nabi sajeroning Prajanjian Lawas.[2] Yustinus nemu yèn saiki dhèwèké nemu kabeneran sajati sajeroning agama Kristen.[2] Mula dhèwèké matobat dadi Kristen nalika taun 130.[2] Sawisé pamartobaté, Yustinus mulang ing Efesus.[2] Dhèwèké ndeleng pamulangan Kristen minangka filsafat, sing pangajiné luwih dhuwur saka filsafat Yunani.[2]
Perjuwangan kanggo kakristenan
besutYustinus urip ing mangsa gréja lan wong Kristen ana ing kaanan sing ora nguntungaké.[5] Dhèwèké asring weruh yèn akèh wong Kristen sing dicandhet lan dianiaya.[5] Amarga rasa kaprihatinané, dhèwèké mbéla kakristenan saka serangan sing dilancaraké déning pameréntah sing dudu agama Kristen.[6]
Karya wigati
besutKarya tulis Yustinus, "Apologi Pisanan", ditujokaké marang Kaisar Antoninus Pius (sajeroning basa Yunani judhulé Apologia, ya iku tembung sing ngacu marang logika sing dadi dhasar kapercayan sawijining wong).[7] Sajeroning tulisané iki, Yustinus nélakaké yèn wong Kristen nuntut kaadilan.[5] Yèn wong Kristen luput, dhèwèké kudu diadili.[5] Dhèwèké nulak yèn wong Kristen diukum amarga wong-wong mau Kristen.[5] Dhèwèkéuga njlèntrèhaké ngenani ngibadah Kristen lan Bujana Suci, saéngga kacubriyan kakaisaran Roma marang wong Kristen minangka golongan subversif, amoral, lan kriminal kabusak.[5] Kayadéné Paulus, Yustinus ora ninggal wong-wong Yahudi nalika dhèwèké nolèh menyang wong-wong Yunani.[5] Sajeroning karya gedhé Yustinus liyané, "Dhialog karo Tryfo", dhèwèké nulis marang sawijining Yahudi tepungané, yèn Kristus iku panggenepan tradhisi Ibrani.[5]
Ora mung iku waé, Yustinus uga mènèhi informasi ngenani tata ngibadah, Baptisan, lan Bujana Suci sajeroning gréja nalika abad angka 2.[2] Ngenani tata ngibadah ditélakaké yèn ngibadah dilakokaké ing dina Minggu.[2] Iki amarga Allah lèrèn ing dina kapitu.[2] Kajaba iku, jemaat ngibadah ing dina minggu uga amarga Kristus wungu ing dina mau.[2] Ngenani praktèk baptisan, Yustinus nélakaké yèn wong-wong sing dibaptis iku wong sing wis percaya marang pangajaran Kristen lan sing wis janji urip mèlu ajaran-ajaran mau.[2]
Karya-karya wigati Yustinus ora mung winates sajeroning babagan nulis waé, Yustinus uga nganakaké lelaku sing cukup adoh.[2] Sajeroning lelakuné dhèwèké tansah duwé argumentasi ngenani iman sing diyakini.[2] Ing Efesus, dhèwèké ketemu karo Tryfo.[2] Ing Roma, dhèwèké ketemu Marcion, pamimpin golongan Gnostik.[2] Ing sawijining lelakuné menyang Roma, dhèwèké tau ora gapyak marang sawijining wong sing jenengé Crescens, sawijining Cynic.[2] Nalika Yustinus bali menyang Roma ing taun 165, Crescens madulaké dhèwèké marang panguwasa kanthi tutuhan gawé pitenah.[2] Yustinus banjur dicekel, disiksa lan akiré ditigas sirahé bebarengan enem wong percaya liyané.[2]
Réferènsi
besut- ↑ Thomas Whitlaw, Commentary on John (1885), p. xl
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t F.D. Wellem. 1993. Riwayat Hidup Singkat Tokoh-tokoh Dalam Sajarah Gréja. Jakarta: BPK Gunung Mulia. Hal.149.
- ↑ a b c A. Kenneth Curtis, J. Stephen Lang & Randy Petersen. 2001. 100 Peristiwa Penting dalam Sajarah Kristen. Jakarta: BPK Gunung Mulia. Hlm.5-6.
- ↑ Lane,Tonny. 2005. Runtut Pijar Sajarah Pemikiran Kristiani. Jakarta:BPK Gunung Mulia. ISBN 979-9290-92-9. Hal. 7-9.
- ↑ a b c d e f g h F.D. Wellem. 2003. Hidupku Bagi Kristus. Jakarta: BPK Gunung Mulia. hal. 86.
- ↑ Eddy Kristiyanto. 2006. Gagasan yang menjadi Peristiwa: Sketsa Sajarah Gréja Abad I-XV. Yogyakarta: Kanisius. hal.72.
- ↑ Emily J. Hunt. 2003. Christianity in The Second century. London: Routledge Taylor&Francis Group. hal.55