Gottlob Frege
Friedrich Ludwig Gottlob Frege (8 Nopèmber 1848 – 26 Juli 1925) inggih punika filsuf, ahli logika, saha matematikawan Jerman. Panjenenganipun minangka profèsor matematika ing Universitas Jena, saha dipunpitadosi déning kathah tiyang minangka bapak filsafat analitis, ingkang nliti filsafat basa, logika, saha matematika. Sinaosa panjenenganipun sakedhik dipungatosaken ing masanipun, Giuseppe Peano (1858-1932), Bertrand Russell (1872-1970), saha, sakedik dipunjalari déning Ludwig Wittgenstein (1889-1951) ngandharaken karyanipun dhumateng generasi filsuf salajengipun. Frege dipunwastani logikus ageng sasampunipun Aristoteles, saha salah satunggaling filsuf matematika ingkang paling wigati.[2]
Gottlob Frege | |
---|---|
Lair | 8 November 1848 Wismar, Grand Duchy of Mecklenburg-Schwerin, German Confederation |
Pati | 26 Juli 1925 Bad Kleinen, Free State of Mecklenburg-Schwerin, German Reich | (umur 76)
Wiyata | University of Göttingen (PhD, 1873) University of Jena (Dr. phil. hab., 1874) |
Kala | Filsafat abad kaping 19 saha 20 |
Tlatah | Filsafat barat |
Aliran | Filsafat analitik[1] Logisisme Filsafat basa |
Bebadan | Universitas of Jena |
Sumbanganipun kalebet pengembangan logika modern ing Begriffsschrift saha karya ing dasar-dasar matematika. Bukunipun Foundations of Arithmetic inggih punika teks utami proyek logisisme, saha dipuncitir déning Michael Dummett minangka pundi enggal dipunmangertosi bab putaran basa. Makalah filosofinipun "On Sense and Reference" saha "The Thought" ugi asring dipuncitir. Ingkang rumiyin ngrembag kalih jinis teges ingkang beda saha deskriptivisme. Ing Foundations saha "The Thought", Frege ngrembag Platonisme nglawan psikologisme utawi formalisme, bab wilangan saha preposisi ingkang sami.
Makalah Frege 1892, "On Sense and Reference" ("Über Sinn und Bedeutung"), ngandharaken panganggitanipun ingkang wigati antawisipun sense ("Sinn") saha reference ("Bedeutung", ingkang ugi dipunalihbasaaken dados "makna", utawi "denotasi"). Nalika pandangan konvensional bab makna ngginakaken pangandikan gadhah satunggal aspek (referensi), Frege ngandharaken pamanggih bilih pangandikan gadhah kalih aspek makna ingkang beda: sense saha referensinipun. Reference (utawi "Bedeutung") dipunginakaken kangge jeneng jalaran, pundi pangandikan tartamtu (upaminipun "Tom") namung ngreferensikaken dhumateng entitas ingkang dipunwastani (tiyang ingkang namanipun Tom). Frege ugi ngandharaken bilih preposisi gadhah gegayutan referensial kaliyan leres utawi lepat (inggih punika, pratelan "ngreferensikaken" dhumateng nilai kabeneranipun). Kosok balinipun, sense (utawi "Sinn") ingkang kasandingan kaliyan pratelan lengkap inggih punika gagasan ingkang dipunandharaken. Sense saking pangandikan dipunwastani "cara persembahan" saking barang ingkang dipunreferensikaken, saha saged wonten cara representasi kathah kangge referensi ingkang sami.
Sitiran
besut- ↑ Balaguer, Mark (25 July 2016). Zalta, Edward N. (èd.). Platonism in Metaphysics. Metaphysics Research Lab, Stanford University – lumantar Stanford Encyclopedia of Philosophy.
- ↑ Wehmeier, Kai F. (2006). "Frege, Gottlob". Ing Borchert, Donald M. (èd.). Encyclopedia of Philosophy. Vol. 3 (édhisi ka-2). Macmillan Reference USA. ISBN 0-02-866072-2.