Ludwig Wittgenstein

Ludwig Josef Johann Wittgenstein (dipunlafalaken [luːtvɪç ˈjoːzɛf ˈjoːhan ˈvɪtgənʃtaɪn], lair ing Wina, Ostenrik, 26 April 1889 – pati ing Cambridge, 29 April 1951 ing umur 62 taun)[1] inggih punika salah satunggaling filsuf paling gadhah prabawa wonten ing abad 20 lan gadhah kontribusi ingkang ageng wonten ing filsafat basa, filsafat matematika[2], lan logika. Piyambakipun gadhah pamanggih bilih prakawis filsafat sajatosipun minangka prakawis basa.[3]

Ludwig Wittgenstein rikala taun 1930

Ludwig Wittgenstein minangka filsuf ingkang miyos wonten ing Ostenrik ingkang lajeng nglajengaken studinipun wonten ing Inggris. Karya wiwitanipun, Tractatus-Logico-Philosophicus gadhah prabawa ingkang ageng sanget wonten ing obahan Lingkaran Wina, mliginipun Ruldof Carnap lan Moritz Schick.

Piyambakipun minangka satunggaling murid Bertrand Russell, salah satunggaling filsuf Inggris ingkang kawéntar ing Universitas Cambridge, ingkang gadhah prabawa ageng sanget wonten ing pandangan ing ngajeng. Wittgenstein mulang wonten ing Trinity College, Cambridge lan dumugi pungkasaning gesang dumunung wonten ing kutha punika.

Asal-usul

besut

Wittgenstein inggih punika putra satunggaling industriawan ingkang sugih sanget. Nanging Ludwig Wittgenstein boten remen kaliyan bab-bab kadonyan lan piyambakipun boten nuntut warisaning bapakipun.

Éwadéné bapakipun nganut agama Protèstan lan ibunipun nganut agama Katolik, ingkang lajeng ndhèrèk agama ibunipun, sajatosipun kekalih tiyang sepuhipun taksih minangka keturunan Yahudi.

Wittgenstein ingkang utama dipunkenal amargi paham filsafatipun nalika gesangipun éwah lan dados bènten kanthi total saèngga kadang kala tiyang nyebutipun minangka Wittgenstein I lan Wittgenstein II.

Paham

besut

Wittgenstein inggih punika panulis Tractatus Logico-Philosophicus ingkang minangka sumber inspirasi kaum logis-positivis wonten ing bab analisis antawising pernyataan ingkang gadhah makna kaliyan pernyataan ingkang boten gadhah makna. Piyambakipun ngandharaken punika lumantar téyori pemaknaan ingkang dipunkenal minangka téyori gambar. Wonten ing karya salajengipun, Philosphical Investigations, piyambakipun ngoreksi pamanggih wiwitanipun wonten ing bab Tractatus lan langkung nengenaken pendekatan holistik-praktis wonten ing pendekatan tumrap prakawis basa. Pamanggih punika mangaruhi para filsuf ingkang nganut paham ordinary language philosophy, kados déné Gilbert Ryle.[4]

Karya

besut
  • Logisch-Philosophische Abhandlung, Annalen der Naturphilosophie, 14 (1921)
    • Tractatus Logico-Philosophicus, (1922)
  • Philosophische Untersuchungen (1953)
  • Bemerkungen über die Grundlagen der Mathematik, (1956)
    • Remarks on the Foundations of Mathematics, alih basa Inggris déning G.E.M. Anscombe, rev. ed. (1978)
  • The Blue and Brown Books (1958) (Bahan kuliah wonten ing basa Inggris dhateng mahasiswa Cambridge taun 1933-1935)
  • Philosophische Bemerkungen, ed. by Rush Rhees (1964)
    • Philosophical Remarks (1975)

Cathetan suku

besut