Grobag sapi
Grobag sapi menika salah setunggaling titihan tradhisional ingkang dipun tarik déning sapi utawi lembu. Grobag sapi saged ngangkut 4 - 6 tiyang.
Grobag sapi tasih saged kita panggihi wonten ing Bantul, Yogyakarta.
Grobag sapi ing jaman semanten dipun ginakaken kanggé ngangkut pusakanipun para prajurit. Grobag sapi kadamel saking kajeng, sisih nginggil dipun tutup nganggé ron arèn ingkang dipun anyam, rodanipun kadamel saking kajeng dipun lapisi plat wesi.
Grobag sapi mboten mbetahaken bensin mila grobag menika dados titihan ingkang ramah lingkungan. Lethongipun sapi dipun damel pupuk organik ingkang nyuburaken taneman. Grobag sapi kala rumiyin dados titihan baken kanggé ngangkut panènan ingkang dipunastha kondur menapa déné dipun sadé dhateng peken. Grobag sapi menika dipun cepeng setunggal tiyang ingkang dipunsebat bajingan, singkatan saking bagusing jiwa angen-angening pangéran artosipun tiyang sae ingkang dipun tresnani Gusti Allah. Dangu-dangu tembung bajingan dados awon maknanipun amargi kala semanten kathah tiyang sampun dangu sanget nengga bajingan miyos, ananging malah mboten dugi-dugi. Lajeng tiyang-tiyang menika anyel lajeng ndadosaken tembung menika kados-kados pisuhan.
Ing jaman perjuangan, grobag sapi dados titihan ingkang mupangati sanget kanggé para gerilyawan amargi grobag menika ageng lan tutupan. Grobag sapi cocog sanget kangge ngangkut pusaka, bahan mentahan saha kanggé ndelik para gerilyawan.
Grobag sapi samenika sampun awis-awis dipun panggihi wonten ing masarakat moderen. Ewasemanten, grobag sapi menika nggadhahi nilai seni inggil. Seni menika amargi wonten swanten saking klunthungan ingkang dipun anggé ing gulunipun sapi.
Éwah-ewahan Grobag Sapi
besutIng jaman nalika Indonésia dereng mardhika, grobag sapi naming dados titihan tradhisional.
Ing jaman kolonial, wiwit sistem tanam paksa dipun leksanakaken dipun lajengaken sistem eksploitasi -- sistem liberal (1870-1900) lan sistem etis (1900 – 1942) eksploitasi agraris langkung intensif lan para tani dados nelangsa lan kaliren. Tanam paksa kanggé indigo, kopi, tebu, mbako, lan taneman sadéyan sanèsipun dipun leksanakaken wonten ing wilayah Jawi. Wonten wilayah vorstenlanden atau daerah Yogyakarta lan Surakarta, dipun leksanakaken sistem sewa pasitèn kanggé perkebunan swasta ingkang praktèkipun kados sistem tanam paksa. Wonten Sleman lan Bantul wonten kathah perkebunan, utaminipun tebu, saéngga dipun betahaken kathah grobag kanggé ngangkut-ngangkut tebu saking perkebunan dhateng pabrik.
Ing jaman Jepang njajah Indonésia, grobag-grobag sapi dipun wadahi ing pakempalan kanthi nama kongzo. Grobag sapi dipun ginakaken kanggé ngangkut barang-barang saking dhusun dhateng padaleman tiyang-tiyang Jepang. Para bajingan ingkang nyambut damel kanggé tiyang Jepang dipun paringi artha, tetedhan, unjukan, lan rasukan.
Rujukan
besut- Warisan Budaya Takbenda Archived 2023-09-07 at the Wayback Machine.
- Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2014). Buku Panduan Penetapan Warisan Budaya Takbenda Indonesia Tahun 2014 (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
- Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2018). Katalog Warisan Budaya Takbenda Indonesia 2018 (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
- Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2015). Panduan Pencatatan, Penetapan, dan Pengusulan Warisan Budaya Takbenda Indonesia (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
- Mancacaritadipura, Gaura; Wirakartakusumah, Daryl Neng (2019). Warisan Budaya Takbenda dan Pembangunan Berkelanjutan (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.