Gunung Tanggamus
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Gunung Tanggamus inggih punika salah satunggaling gunung ing Indonésia ingkang dumunung ing Kacamatan Kota Agung, Kabupatèn Tanggamus, Provinsi Lampung. Gunung Tanggamus mapan ing sisih wétan radi lor saking Kota Agung, jarakipun 10 km.
Gunung Tanggamus |
---|
Gunung Tanggamus gadhah dhuwur kirang langkung 2.100 mèter saking nginggil toya laut ingkang mapan wonten ing provinsi Lampung, mliginipun ing Kabupatèn Tanggamus, ingkang minangka kabupatèn ingkang kasil mekar saking Kabupatèn Lampung Selatan, lan dipunsebat kabupatèn Tanggamus amargi wonten gunung Tanggamus ing kabupatèn punika.[1]
Daya Tarik
besutSesawangan ingkang katingal ing Gunung Tanggamus punika éndah sanget. Saking salah setungga gigiring gunung saged dipuntingali kaendahaning Lempongan Semangka, ingkang kalebet lempongan ingkang paling ageng saha paling jero ing Lampung. Saking mriki saged katingal kapal-kapal warigaluh ingkang nembé nglaut saha kapal super tanker (kapal raksasa) ingkang ngangkud lenga bumi ingkang nembé lego jangkar. Wonten ing gunung Tanggamus punika wonten ugi papan ingkang dipunremeni déning para pendaki ingkang dipunwastani "basecamp sonokeling". Basecamp punika mapan wonten ing dhueur 700 mèter dpl ingkang mapan wonten ing alas sonokeling, ingkang isinipun las inggih wit-witan ingkang dipuntandur déning Dinas Kehutanan Provinsi Lampung 45 taun kepengker. Ing papan punika, para pendaki saged nggelar perkemahan. Manawi badhé dhateng papan punika caket sanget, namung betahaken wekdal 2 jam saking awalipun ndhaki. Ing sikiling gunung Tanggamus wonten tigang kacamatan ingkang sami ngiteri, inggih punika Kotaagung, Gisting, saha Ulubelu. Ing gigiring gunung, mapan kacamatan Ulubelum ingkang ngewrat sumber eneergi panas bumi ingkang dèrèng dipunkelola déning pamaréntah laladan. Nanging ing sak gigiring gunung kasebat sampun dipuntanduri wit kopi minangka perkebunan rakyat amargi wit-witan ingkang ageng sampun sami ical. Ingkang dados daya tarik sanèsipun saking gunung Tanggamus punika inggih amargi pucukipun mesti dipuntutupi kabut ingkang gadhah simpenan ingkang boten dipungadhahi gunung sanès, inggih punika kanthi wontenipun hutan lumut. Hutan lumut punika mapan wonten ing pucuking gunung, lan dados daya tarik piyambak kanggé para pendaki. Ing kawasan pucuking Tanggamus ugi saged kapanggih tuwuhan khas hutan hujan tropis, kados ta meranti, kruing, balau, rotan, saha pakis hutan ingkang rengket sanget tanduranipun. Ing alas sakitering gunung Tanggamus ugi saged kaprungu swantenipun kethèk-kethèk saha siamang ingkang saut-sautan guneman ing alas wau.
Jalur Dhaki
besutJalur dhaki dhateng Gunung Tanggamus wonten tiga, inggih punika, jalur normal saking gisting, jalur kobra ingkang dipunwiwiti saking watu keramat, ingkang betahaken wekdal 6 jam saking jalur dhaki punika, saha jalur énggal ingkang dipundamel déning Gamaspi Wanantra ingkang dipunwiwiti saking kutha Agung ingkang dangunipun ndhaki inggih kirang langkung 10 jam, lan dèrèng wonten ingkang ndhaki medal jalur punika malih kejawi tim kaebat.[2] Jalur dhaki ingkang umum dipunlangkungi inggih saking Désa Tanggamus. Désa punika persis wonten ing sikiling gunung ingkang ngewrat kathah cariyos mistis. Désa Tanggamus mlebet ing wewengkon kacamatan Gisting. Manawi badhé tumuju ing désa punika kedah nitih ojek saking Pasar Gisting. Manawi badhé ndhaki dhateng pucukipun gunung Tanggamus boten saged sak wekdal-wekdal. Déné wekdal ingkang paling pas kanggé ndhaki ing pucuk gunung inggih ing siyang, amargi manawi ndhaki enjing napa sonten langkung ageng resikonipun amargi pucuk gunung Tanggamus ingkang mesti ketutup kabut kandel.
Uga delengen
besutCathetan suku
besut- ↑ [1] Archived 2011-11-19 at the Wayback Machine. Gunung Tanggamus, Favorit para Pendaki Lampung (dipunundhuh tanggal 14 Januari 2013)
- ↑ [2][pranala mati permanèn] Pendakian Gunung Tanggamus (dipunundhuh tanggal 14 Januari 2013)