Gunungan inggih punika gambar wayang ingkang wujudipun kados gunung.[1][2] Salebetipun gunungan wonten gambar lawang kados déné gerbang, ingkang dipunjagi déning buta cacah kalih cepengan gada lan tébéng.[2] Gunungan ing pawayangan ugi asring sinebat Kayon.[2] Sanésipun gunungan punika nggambaraken karajan, gunungan ugi kanggé pratandha giyaran wayang badhé dipunwiwiti.[1] Gunungan utawi kayon wiwitanipun dipunripta déning Radèn Patah.[3] Winastan gunungan amargi wujudipun mèmper gunung limrahipun.[3] Gambar wayang punika dipun-ginakaken saben pagelaran wayang (wayang purwa, wayang krucil, wayang golèk, wayang gedhog, wayang suluh, lan sanèsipun).[3]

Gunungan

Jinisipun Gunungan besut

Mituhu wujudipun, gunungan utawi kayon saged dipunpérang dados kalih, inggih punika:

  • Kayon Gapuran, wujudipun radi alit kanthi gambar gapura.[3] Sisih kiwa tengenipun dipunjagi déning buta utawi raseksa. Sisih wingking kayon wonten gambaran utawi wewujudan geni warna abrit.[3]
  • Kayon Blumbangan, wujudipun radi ageng lan langkung endhèp upami dipunbandhingaken kaliyan kayon gapuran.[3] Sisih ngandhapipun wonten gambar kolam kanthi toya wening, samadyanipun kayon wonten gambar ulam cacahipun kalih ingkang sami adhep-adhepan, lan sisih wingkingipun wonten gambar sagara ingkang warninipun sami kaliyan warni langit.[3]

Gambar Salebetipun Gunungan besut

Sedaya gambar ing salebetipun gunungan inggih punika:

  • griya éndah kanthi undhag-undhagan ingkang cacahipun tiga lan korinipun dipunrengga gambaripun Bethara Kamajaya ingkang adhep-adhepan kaliyan Dèwi Ratih,
  • buta utawi raseksa ingkang sami adhep-adhepan, kanthi mbekta gada utawi pedhang jangkep kaliyan taméngipun,
  • naga ingkang ngghadhahi swiwi kalih,
  • alas ingkang dipunrengga déning para kéwan,
  • macan ingkang adhep-adhepan kaliyan banthèng,
  • wit-witan ageng ing tengahipun alas, dipunubeti déning sawer,
  • makara ing tengahipun wit,
  • kethèk cacahipun kalih lan lutung ingkang mapan ing wit,
  • pitik alas cacah kalih ing sanginggilipun wit-witan.[3]

Ginanipun Gunungan besut

Barkas:Wayang Kulit Indonésia, Yogyakarta.jpg
Gunungan ing pagelaran wayang gagrag Yogyakarta.

Gambar-gambar salebetipun gunungan nggambaraken saisining jagad raya jangkep kaliyan isinipun. Gunungan ing pagelaran wayang gadhah jejer ingkang wigati.[3]

  • Minangka tandha pagelaran wayang badhé dipunwiwiti, inggih nalikanipun gunungan dipunbedhol ing tengah-tengahipun kelir, lajeng dipuntancepaken ing sisih tengen.
  • Minangka tandha gantosipun jejer lan ugi dipun-ginakaken dhalang kanggé nggambaraken owah-owahanipun swasana.
  • Minangka tandha gantosipun pathet.
  • Nggambaraken tumuruning wahyu saking déwa, angin, lan sanèsipun.
  • Nggambaraken geni, inggih punika kanthi malik gunungan ingkang sisihipun gadhah gambar geni.
  • Minangka sarana dhalang anggènipun nggambaraken medalipun kekiyataning paraga wayang.
  • Minangka tandha purnanipun pagelaran wayang, kanthi nancepaken gunungan ing tengah-tengahipun kelir.

Werdinipun Gunungan besut

Gunungan saged dipunmaknani:[4]

  • Gunungan saged dipunmaknani minangka lambang pancer, inggih punika jiwa utawi sukma.[4] Kajawi punika, wujudipun ingkang wujud wajik (segitiga) gadhah teges manungsa punika gadhah unsur cipta, rasa, lan karsa. Lambang gambar pesagi (segiempat) ngemu werdi, manungsa gadhah sekawan sadhérék. Sadhérék kasebat inggih punika (1) siti, (2) geni, (3) toya, lan (4) hawa utawi angin.[4]
  • Gunungan minangka lambang alam ing pawayangan. Mituhu kapitayanipun Hindhu, segi makrokosmos gunungan ingkang dipunputer-puteraken kaliyan dhalang, ngetingalaken campuhipun sadaya piranti dados satunggal. Salajengipun, samudayanipun dados wewujudan donya saisinipun.[4]
  • Gunungan ngadhahi werdi, minangka tandha panguripan. Saben gambar ing gunungan, ngetingalaken saisining piranti ing sajeroning jagad. Wiwit saking manungsa, kéwan, alas, lan samudayanipun.[5] Wujud gunungan wujud limas (segilima), nggambaraken gangsal wekdal ingkang kedah dipunlampahaken déning manungsa muslim. Wujud lancip punika gadhah werdi gandhéng cénéng antawisipun manungsa kaliyan gustinipun.[5] Gambar wit minangka pratandha ingkang mbabaraken digdayanipun Gusti Ingkang Maha Wikan, ingkang sampun maringi pangayoman dhumateng sadaya titah ing ngalam donya.[5] Sedaya kéwan ingkang karipta ing gunungan gadhah 3 (tigang) teges, (1) sipat, (2) bebudén, lan (3) watek, ingkang dipungadhahi saben manungsa.[5] Gambar sirah raseksa utawi buta nggambaraken kaanan manungsa ingkang gesangipun ing ngalam donya gadhah sipat rakus lan awon kados sétan.[5] Gambar ilu-ilu geni nggambaraken lampahipun gesang manungsa karidhu déning manéka warna godha, coba, bebaya, lan sanès-sanèsipun.[5] Gambar sagara ngemu pratandha ingkang njléntrehaken pikiranipun manungsa.[5] Gambar buta nyepeng gada gadhah werdi panjagining rasa ing ngalam peteng lan padhang.[5] Gambar Joglo mbabaraken kahananipun nagari ingkang aman lan tenterem, awit sampun kinayoman déning ngrembakanipun wit-witan lan isén-isén sanèsipun.[5] Gambar raseksa minangka lambangipun manungsa ingkang kirang tata.[5]

Cathetan suku besut

  1. a b Hardjowirogo. (1982). Sajarah Wayang Purwa. Jakarta: Balai Pustaka
  2. a b c Triwidodo (23 November 2008). "Makna Gunungan". OneEarthMedia. Dibukak ing 5 Maret 2011.
  3. a b c d e f g h i "Kayon/Gunungan, Budaya Wayang "World Masterpiece"". Media Berbagi Paguyuban Pecinta Wayang. Diarsip saka sing asli ing 28 May 2011. Dibukak ing 28 April 2011.
  4. a b c d Setya Amrih Prasaja, S.S (27 Juni 2009). "Makna Gunungan atau Kayon". E - Learning Basa Jawa di SMA Negeri 1 Sanden, Kabupatèn Bantul - DIY. Diarsip saka asliné ing 2010-09-05. Dibukak ing 28 April 2011.
  5. a b c d e f g h i j Eko Stiyono (2007). "Simbolisme Dalam Ukiran Gunungan "Kayon" Wayang Kulit (Telaah Semiotika Budaya)". UMM Institutional Repository, University Of Muhammadiyah Malang. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 11 October 2013. Dibukak ing 29 April 2011.

Pranala njawi besut