Setan (Arab: شيطان, Shaitan) inggih punika roh awon ingkang tansah ngganggu manungsa supados nglaksanaken padamelan ingkang awon.[1] Kados ingkang sampun dipunmangertosi wonten ing agami Islam, Kristen lan Yahudi, wiwitanipun setan inggih punika saking golongan kados malaékat ingkang mempeng anggènipun ngibadah. Miturut agami Islam, setan dipunrita saking geni lan ugi dipunpratelakaken asalipun saking jin sadèrèngipun dipunpilih dados malaékat.[2] Miturut Islam, setan inggih punika iblis utawi jin ingkang dipunurak saking swarga.[2] Makluk setan bènten kaliyan makluk malaékat, amargi setan punika boten manut prentahipun Allah, setan dipunurak saking suwarga amargi mungkir saking prentahipun Allah supados sujud dhateng Nabi Adam minangka tandha urmat minangka ciptaanipun ingkang mulya.[2] Setan tansah ngganggu manungsa supados kesupen dhateng prentah-prentahipun Allah, ngejak manungsa dhateng prekawis ingkang awon.[2] Setan ngrayu manungsa dhateng keawonan, lan njrumusaken manungsa dhateng karisakan.[2] Miturut Kuran wonten ing Surat Al-Kahfi ayat nomer 50, Lan (elinga) nalika Allah mrentahaken dhateng para malaékat, 'Sumangga sujud dhateng (Nabi) Adam, mangka sadaya malaékat sujud kajawi iblis. Iblis saking golongan jin, mangka iblis ndhurhakai prentah gustinipun.[2]

St. Anthony Salah satunggalipun lukisan ingkang nggambaraken setan ingkang dipundamel déning Martin Schongauer, ing taun 1480.
Penuntun Sétan saka Swarga, Mihály Zichy, 1887.

Cathetan suku

besut
  1. Departemen Pendidikan Nasional. 2002.Kamus Besar Basa Indonesia (edhisi 3), kaca 1055. Jakarta:Balai Pustaka
  2. a b c d e f Al Jazairi, Abu Bakr Jabir. 2007. Ensiklopedi Muslim. Jakarta:Darul Falah.

Pranala njawi

besut

Pirsani Uga

besut