Ivan Petrovich Pavlov (basa Ruslan: Иван Петрович Павлов) (14 September 184927 Fèbruari 1936) inggh punika satunggaling tiyang fisiolog lan dhokter saking Ruslan. Piyambakipun dipunlairaken ing sawijining désa alit ing Ruslan tengah. Kulawarganipun kepéngén piyambakipun dados pendeta, saéngga piyambakipun sekolah ing Seminari Téyologi. Sabibaripun maos Charles Darwin, piyambakipun sadhar bilih piyambakipun langkung kathah peduli saperlu pados babagan ilmiah saéngga piyambakipun ninggalaken seminari tumuju Universitas St. Petersburg. Wonten ing mria piyambakiun sinau kimia lan fisiologi, lan nampi gelar dhoktor nalika taun 1879. Piyambakipun nglajengaken studinipun lan miwiti riset piyambak ing salebeting toik ingkang narik tumrapipun : sistem pencernaan lan peredaran darah. Karyanipun ingkang misuwur, lan dipunangkat minangka profesor fisiologi ing Akademi Kedhokteran Kamaharajan Ruslan.[1]

Ivan Petrovich Pavlov
Иван Петрович Павлов
Lair26 September 1849
Ryazan, Ruslan
Pati27 Fèbruari 1936 (umur 86 taun)
Leningrad, Uni Soviet
PadununganKarajan Ruslan, Uni Soviet
KabangsanRuslan, Uni Soviet
BabaganFisiolog
InstitusiMilitary Medical Academy
Alma materUniversitas Saint Petersburg
Misuwur amarga(Insert key topics/areas of science that made them famous)
Notable awardsBebungah Nobel babagan Fisiologi atau Kedhokteran (1904)

Karya ingkang damel Pavlov gadhah reputasi sajatosipun wiwit minangka studi babagan pencernaan. Piyambakipun saweg pados prosès pencernaan wonten ing kirik, mliginipun gayutan timbal balik antawiwisipun idu lan makarya padharan. Piyambakipun sadhar kekalih bab punika gegayutan sanget kaliyan refleks wonten ing sistem saraf otonom. Tanpa idu, padharan boten mbekta pesen saperlu miwiti pencernaan. Pavlov kapéngén pirsa bilih rangsangan saking njawi saged gadhah prabawa wonten ing prosès punika, saéngga piyambakipun ngunékaken metronom lan wonten wekdal ingkang sareng piyambakipun ngawontenaken percobaan tetedhan kirik. Sabibaripun sawetais wekdal, kirik punika badhé medalaken idu nalika metronom punika medalaken swanten, malahan manawi boten wonten tetedhan. Nalika 1903 Pavlov nerbitakan kasil eksperimenipun lan nyebut minangka "refleks terkondisi," bènten kaliyan refleks alus, kados ta. Pavlov nyebut prosès "pembelajaran" punika (minangka tuladha, nalika sistem saraf kirik ngubungaken swanten metronom kaliyan tetedhan) "pengkondisian". Piyambakipun ugi manggihaken bilih "refleks terkondisi" badhé tertekan manawi rangsanganipun asring "lepat". Manawi metronom swantenipun dipunambali lan boten wonten tetedhan, kirik bakal mandheg medalaken idu.[2]

Pavlov langkung tertarik babagan fisiologi tinimbang psikologi. Piyambakipun ningali wonten ing ngèlmu psikiatri ingkang taksih énggal nalika punika sedkedhik damel ragu. Nanging piyambakipun saéstu mikir bilih refleks terkondisi saged ngandharaken tumindakipun tiyang stres. Minangka tuladha, piyambakipun gadhah pamanggih sinten ing narik dhiri saking donya biyasa saged ngubungaken sadaya rangsangan kaliyan "luka" utawi anceman ingkang mungkin. Papamanggihipun gadhah peran ingkang ageng wonten ing téyori psikologi behavioris, dipunkenalaken déning John Watson antawis 1913.[3]

Pavlov dipunhurmati sanget ing nagaranipun lan ugi wonten ing dona. Nalika 1904, piyambakipun menangaken Penghargaan Nobel wonten ing Fisiologi utawi Kedhokteran wonten ing panalitén babagan pencernaan. Piyambakipun minangka tiyang ingkang terang-terangan lan asring gadhah pamanggih ingkang bènten kaliyan pamaréntah Soviet wonten ing gesangipun, nanging amargi reputasinipun, lan ugi amargi bombongipun panduduk nagara kaliyan piyambakipun, damel piyambakipun luput saking panganiayaan. Piyambakipun aktip makarya ing laboratorium dumugi sédanipun ing yuswa 86.[4]

Cathetan suku

besut

Pranala njaba

besut
Wikiquote kagungan koléksi kutipan ingkang wonten kaitanipun kaliyan: