Jean Frédéric Joliot-Curie

Jean Frédéric Joliot-Curie (lair ing Paris, 9 Maret 1900 – pati ing Paris, 14 Agustus 1958 ing umur 58 taun) inggih punika fisikawan Prancis.

Piyambakipun lulus saking École de Physique et Chimie wonten ing Paris. Nalika taun 1925, Joliot nyambut damel dados asistèn Maria Skłodowska-Curie wonten ing Institut Radium Paris. Joliot sesarengan kaliyan puteri Marie Curie, Irène nalika nyambut damel ten lembaga instituté kaliyan punikahinya nalika 1926. Joliot angsal gelar dhoktor babagan sains nalika taun 1930 kanggé panalitèn babagan elektrokimia sarta unsur radioaktif. Joliot kaliyan garwanipun kolaborasi (sesarengan) nalika studi proyèksi inti atom, kaliyan babagan sanès. Kaya ta ing babagan fisika nuklir.

Tim Joliot-Curie ndamel penemuan monumèntal nalika taun 1934 nalika kekalih mroduksi unsur radioaktif damelan kaping pisanan. Migunakaké unsur alfa tiyang kalih punika némbaki boron, magnesium, kaliyan aluminum sarta nyiptakaké unsur gawéan. Panemuan iki ndamel tim Joliot-Curie angsal Bebungah Nobel Kimia 1935 amargi sintésis marang unsur radioaktif énggal. Sumbangan Joliot-Curie punika wigati banget kanggé kamajuan fisika nuklir sarta maringi sumbangan kanggé bom atom kaping pisanan.

Joliot nglajengaken riset ndamel kesatuan zat uranium atom migunakaké uranium sarta air keras, mula piyambakipun angsal 5 paten wataranipun taun 1939 kaliyan taun 1940. Peran sartanipun wonten ing obahan Résistance salaminipun pendudukan Nazi wonten ing Prancis, PD II ndamel Joliot dados Pimpinan Front Nasional sarta ngawontenaken Parté Kuminis Perancis. Frédéric Joliot dipunangkat dados Komisaris Tinggi kanggo Energi Atom nalika taun 1946. Taun 1948, piyambakipun ngarahaken pambangunan kesatuan zat uranium atom kaping pisanan Prancis dipunbiyantu déning garwanipun.

Iklim pulitik Perancis ingkang gonta-ganti, ikatan Joliot kaliyan Parté Kuminis ndamel Joliot dipunsingkiraken saking Komisi Energi Atom taun 1950. Sasampunipun garwanipun séda (1956), Joliot dipunangkat dados Ketua Fisika Nuklir wonten ing Universitas Paris.

Ugi pirsani

besut

Pranala njawi

besut