Tuduhaké menu pokok
Organisasi Kemahasiswaan ing Lithuania

Lembaga utawa luwih asring karan Organisasi (Yunani: ὄργανον, organon-piranti) ya iku kelompok wong-wong ing siji wadhah kanggo nuju siji tujuan bebarengan.

Ing ngèlmu-ngèlmu sosial, organisasi disinau dhèning periset saka akèh babagan ngèlmu, kang utama ya iku sosiologi, ékonomi, ngèlmu pulitik, psikologi, lan manajemen.[1] Kajian organisasi asring karan studi organisasi (organizational studies), perilaku organisasi (organizational behaviour), utawa analisis organisasi (organization analysis).[1]

DèfinisiBesut

Ana akèh téyori lan pèrspèktif kang ngomongaké organisasi, ana kang cocog siji lan liyané, lan uga ana kang béda-béda.[1] Organisasi minangka papan utawa wadhah wong-wong supaya bisa kumpul, kerja bareng kanthi rasional lan sistematis, kanthi rencana kang mateng, lan ana pemimpin kang ngendaliaké, nalika manfaataké sumber daya (duit, material, mesin, métodhe, lingkungan), sarana-parasarana, data, lan liya-liyané kang digunakaké kanthi èfisièen lan èfèktif kanggo nggayuh tujuan organisasi.[1]

Para njabaraké organisasi ana ing pirang-pirang arti, kaya ta:

  • Stoner ngandaaké manawa organisasi ya iku pola gayutan-gayutan kang kanthi cara kepiye wong-wong ing ngisor penawasan bisa nggayuh tujuané bebarengan [2].
  • James D. Mooney ngendaaké manawa organisasi ya iku wujud saka perserikatan manungsa kanggo nggayuh tujuan bebarengan [3].
  • Chester I. Bernard ngandaaké manawa organisasi ya iku sistem aktivitas kerja bareng kang dilakuaké dhèning wong loro utawa luwih[4].
  • Stephen P. Robbins ngandaaké manawa organisasi ya iku kesatuan (entity) sosial kang dikoordinasiaké kanthi sadar, kanthi batesan-batesan kang rélatif bisa diidentifikasiaké, kang kerja kanthi dhasar kang rélatif terus-terusan kanggo nggayuh siji tujuan bareng utawa sekelompok tujuan[5].

Sawijining organisasi bisa dumadi amaraga kadayan dhèning aspèk-aspèk kaya ta: penyatuan visi lan misi sarta tujuan kang padha karo perwujudan èksistènsi sekelompok wong mau marang masarakat.[1] Organisasi kang dianggep apik ya iku organisasi kang diakoni kaananané dhèning masarakat ing sekitaré, amarga mènèhi kontribusi kaya ta: njupuk sumber daya manungsa ing masarakat kanggo dadi anggotané saingga bisa ngurangi angka pengangguran [1]

Wong-wong kang ana ing jero siji organisasi duwé siji keterkaitan kang terus-terusan.[1] Rasa keterkaitan iki, ora berarti keanggotaan seumur urip[1]. Nanging organisasi ngadhepi owah-owahan kang konstan ing keanggotaané.[1]

PartisipasiBesut

Ing organisasi tiap individu bisa interaksi karo kabèhing struktur kang terkait karo organisasi kang dipilih[6]. Supaya bisa interaksi kanthi èfèktif ing organisasi kang kesangkut[1]. Kanthi partisipasi iku individu bisa luwih ngerti hal-hal apa baé kang kudu dilakuakè[1].

Partisipasi didefinisiaké keterlibatan méntal utawa pikiran lan émosi utawa perasaan siji wong ong situasi kelompok kang ndorong kanggo mènèhi sumbangan marang kelompok kanthi usaha nggayuh tujuan[1].

Unsur-unsurBesut

Miturut Keith Davis adaana 3 unsur wigati ing partisipasi[1]:

  1. Unsur no 1, ya iku partisipasi utawa keikutsertaan sakbeneré ya iku keterlibatan méntal lan perasaan, punjul namung keterlibatan kanthi jasmaniah.
  2. Unsur no 2 ya iku keikhlasan mènèhi sumbangan marang usaha kanggo nggayuh tujuan kelompok. Berarti, manawa ana rasa seneng, ksukarela kanggo mbantu kelompok.
  3. Unsur no 3 ya iku unsur tanggung jawab. Unsur mau awujud segi kang nonjol saka rasa dadi anggota. iki diakoni dadi anggota artiné ana rasa “sense of belongingness”.

Jinis-jinisBesut

Keith Davis uga ngandaaké jinis-jinis partisipasi, ya iku[1]:

  1. Pikiran (psychological participation)
  2. Tenaga (physical partisipation)
  3. Pikiran lan tenaga
  4. Keahlian
  5. Barang
  6. Duit

Syarat-syaratBesut

Supaya siji partisipasi ing organisasi bisa mlaku kanthi èfektif, dibutuhaké persyaratan kang mutlak, ya iku:

  • Wektu. Supaya bisa partisipasi diperluaké wektu. Wektu kang dimaksud ya iku bisa ngertèni pesan kang diaturaké dhéning pemimpin[1].
  • dana perangsang, diperluaké ing siji partisipasi, nanging kudi dibatesi saperluné supaya ora nyiptaaké kesan négatif [1].
  • Subyek partisipasi kudu rélevan utawa ana kaitané karo organisasi[1].
  • Partisipasi kudu duwè kemampuan kanggo partisipasi, ya iku duwé lingkup pamikir kang amba dal pengalaman uga komunikasi kang lancar[1].
  • Partisipasi kudu bisa komunikasi timbal balik, tuladhané nggunakaké basa kang padha kang dipahami, saingga bisa kacipta tukaran pikiran kang èfètif[1]
  • Pihak kesangkut bébas nalika nglakoaké peran sarta sesuai karo persyaratan kang wus ditentuaké[1].
  • Nalika partisipasi nemtokaké siji kagiyatan kudu didasarké kebebasan ing kelompok, artiné ora maksa lan ota nimbulaké kategangan utawa gangguan ing pikiran jiwa pihak-pihak anggota. Hal iki didasaraké prinsip ya iku partisipasi duwé sipat persuatif.[1]

Partisipasi ing organisasi nekanaé ing pembagian wewenang utawa tugas-tugas ing nglaksanaaké kagiyatan kanthi maksud ngundhakaké èfèktif tugas kang diwènèhaké kanthi struktur kang luwih jelas[1].

Bentuk-bentuk organisasiBesut

RujukanBesut

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v Keith Davis, Human Relations at Work, (New York, San Francisco, Toronto, London: 1962).Hlm.15-19
  2. Singarimbun, Masri dan Sofyan Efendi. 1976. Understanding Practice and Analysis. New York: Random House.Hlm. 132
  3. D, Ratna Wilis. 1996. Teori-Teori Belajar. Jakarta: Penerbit Erlangga.Hlm. 56
  4. Horton, Paul B. dan Chester L. Hunt. 1984. Sociology. Edisi keenam. International Student Edition. Tokyo: Mc.Graw-Hill Book Company Inc.Hlm. 89
  5. Stephen P.Robbins. Teori Organisasi Struktur, Desain, dan Aplikasi, (Jakarta: Arcan: 1994), hlm.4
  6. WS, Winkel. 1997. Psikologi Pendidikan dan Evaluasi Belajar. Jakarta: Gramedia.Hlm.75