Kerak bumi iku lapisan paling njaba planit bumi sing kasusun saka pirang-pirang lèmpèng téktonik. Lapisan iki ana 2 wujudé yaiku kerak/lèmpèng samodra lan lèmpèng bawana. Lèmpèng samodra iku lumrahé luwih tipis tinimbang lèmpèng bawana. Lèmpèng-lèmpèng téktonik iku obah terus, siji lan sijiné padha tetubrukan. Kerak bumi iku lapisan pérangan bumi sing paling dhuwur dhéwé.[1] Pérangan kerak bumi iku subur amarga ngandhut lemah lemèn kang akèh sing gawé tuwuhan thukul subur. Kerak bumi iku adhem lan padhet ngambang ing dhuwur lapisan mantel sing awujud cuwèr awuled.[2]

Gambar lapisan-lapisan bumi

Tumpukan kerak bumi kandelé udakara 5-7 kilomèter saka ngisor samodra lan 30-80 kilomèter ing ngisor dharatan bawana.[3] Ing ngisor kerak bumi ana slubung kang sipaté lembèk. Wates tumpukan kerak bumi karo lapisan slubung tinemu marang èlmuwan saka Nagara Krowasia jenenge Andrija Mohorovicic taun 1909.[3]

Kerak Bumi saged disebut crust. Tumpukan kerak bumi iki kang ana ing pérangan paling jaba kandelé 6-50 kilomèter.[2] Kandelé tumpukan iki ora padha ing panggonan liyané, ing bawana kandel tumpukan 20-50 kilomèter, ing samodra 0-5 kilomèter utawa bebarengan karo banyu kang saka dhuwur udakara 6-12 kilomèter.[2]

Kerak bumi kang kasusun saka matèri-matèri padhet sing akèh silium lan aluminium. Kerak bumi dibagi dadi 2 pérangan, yaiku:

  1. Lapisan Granitis yaiku lapisan sing kaya watu granit, lapisan iki uga boten ditemuake ing dhasar samodra.[2]
  2. Lapisan Basaltis yaiku lapisan sing duwé material basalt[2]

Kerak bumi saged owah saka asalé lan uga bisa dadi bencana alam kanggo makluk hidup. Miturut, kasimpulan para panliti saka tim Géologi Bandung yaiku geseranipun kerak bumi ing Fatuleu uga terus dadi kanyatan. Kanthi mungkinake kadadéan putusan kang gedhé sing bisa dadi wewengkon Kabupatèn Kupang kabelah dadi loro pérangan.[4]

Mupangat kerak bumi

besut

mupangat kerak bumi yaiku saka watu kang diasilake saka jero kerak bumi iki. Watu-watu sing ana ing kerak bumi, miturut kahanane kadhapur saged dikelompokake dadi telu, yaiku:

  • Watu endapan (sedimen), yaiku watu asil pangendapan material-material alus sing digawa karo banyu kali, sateruse diendapke ing ngisor samodra. Tambah suwé watu mau madet lan dadi watu.[3]
  • Watu beku (igneous), yaiku watu kang kadhapur saka magma sing dadi adem lan dadi atos. Watu iki kadhapur sakjalur pinggir lempeng lan ing laladan panas kang asilake magma.[3]
  • Watu malihan (metamorf), yaiku watu kang kadhapur saka desekan lan kaanan suhu sing dhuwur. Desekan lan suhu kang dhuwur iku saged mampetake lan ngremukake watu kang wis ana sadurungé, wujudé watu beku utawa watu endapan.[3]

Rujukan

besut
  1. Azmiyawati, Choiril. 2008. IPA 5. Jakarta: Pusat Perbukuan Departemen Wiyata Nasional.
  2. a b c d e Mengenal Struktur Lapisan Bumi[pranala mati permanèn](kaunduh 8 Juni 2012)
  3. a b c d e Lapisan Kerak Bumi Archived 2012-12-09 at the Wayback Machine. (kaunduh 9 Juni 2012)
  4. Patahan Kerak Bumi Ancam Warga Kupang Archived 2010-08-09 at the Wayback Machine. (kaunduh 9 Juni 2012)