Kitab Andharaning Torèt
Kitab Andharaning Torèt iku kitab kaping lima tanakh lan uga kitab Torèt. Ing basa Ibrani, diarani Devarim ("tetembungan"), saka ukara pamulan "Eleh ha-devarim."
Ing sawatara basa ing Éropah, kitab iki diarani Deuteronomium, saka basa Latin kang njupuk saka septuaginta saka basa Yunani: Δευτερουόμιου. Sajatine bab iki siji kaluputan ing alihbasa saka asliné ing basa Ibrani saka pasal 17:18; “Yèn wong dikukuhaké dadi ratu, wong mau kudu diwènèhi Kitab Angger-anggeré Allah kang isi dhawuh-dhawuh lan piwulangé Allah, kang diturun saka kitab asli, kang disimpen déning para Imam Lèwi.” Déning para panulis septuaginta ukara iki dipretalaké dadi: “nulis kanggo awaké dhéwé salinan kukum iki”. Nanging kalepatan iki ora patiya parah.
Kitab Andharaning Torèt iki kabangun saka sarèntènging khotbah-khotbah kang diucapaké déning Nabi Musa ing ngarepé bangsa Israèl nalika kabèh ana ing tanah Moab. Kabèh padha mandheg ing kono sawisé ngrampungaké lelungan dawa ngliwati ara-ara samun amba lan sadhurunge lumebu tanah Kanaan kanggo ngepèk nagara iki.
Isi
besutSawetara prakara wigati saka kitab iki iku:
- Musa ngélingaké bangsa Israèl kadadéan-kadadéan gedhé salawasé 40 taun pungkasan. Panjenengané njaluk marang bangsa Israèl supaya kabèh éling kepriyé Allah tau mimpin kabèh ngliwati tegal wedhi. Mula iku kabèh dijaluk padha setyaa marang Gustine.
- Musa mbalèni isining Sepuluh Perintah Allah, lan menekankan tegesing Paréntah kang pisan. Panjenengané dhawuh supaya wong Israèl ngibadah marang Allah waé. Banjur mbalèni manèh isining sawatara kukum lan paréntah kang nata kahuripaning bangsa Israèl ing tanah kang wis dijanjeaké.
- Musa ngélingaké bangsa Israèl prakara tegesing 'Iketan Janji Gusti karo wong-wong Israèl. Musa dhawuh bangsa Israèl supaya nganyaraké kasadyané kanggo netepi kawajibané kabèh.
- Yosua diangkat dadi gantiné nabi Musa kanggo mimpin umat Gusti. Sawisé ngidungaké tembang pepujèn kanggo kasetyaning Allah, lan mangucap berkah kanggo bangsa Israèl, Musa séda ing Moab, ing sisih wétan kali Yordan.
Amanat kitab iki Allah wis nylametaké lan maringi berkah umat pilihan-É, bangsa kang ditresnani. Dadi bangsa Israèl ora olèh nglalèkaké bab iku. Kabèh kudu tundhuk lan ngestokaké dhawuhing Gusti, supaya urip terus lan diparingi berkah.