Kwee Tek Hoay ingkang miyos wonten ing Bogor, Jawa Barat ing tanggal 31 Juli 1886 lan séda ing Cicurug, Sukabumi, Jawa Kulon ing tanggal 4 Juli 1952 inggih punika salah satunggaling sastrawan Indonésia, Melayu Tionghoa saha tokoh ajaran Tridharma (Sam Kauw Hwee).

Kwee Tek Hoay
Pakaryapenulis novèl, drama, agama
BangsaIndonesia
SukuTionghoa
GènreDrama, novèl

Piyambakipun kathah nyerat karya sastra mliginipun novèl saha drama, pagesangan sosial, saha agaman masarakat Tionghoa peranakan. Karyanipun ingkang misuwur inggih punika Drama di Boven Digoel, Boenga Roos dari Tjikembang, Atsal Moelahnja Timboel Perobahan Tionghoa jang Modern di Indonesia, saha Drama dari Krakatau.[1]

Riwayat Pagesanganipun besut

Kwee Tek Hoay inggih punika putra ingkang paling mbarep saking pasangan Kwee Tjiam Hong saha Tan Ay Nio. Wiwit yuswanipun 8 taun, Kwee Tek Hoay mlebet sekolah Tionghoa ingkang ngginakaken basa pengantar Hokkian. Pendhidhikanipun ingkang kaping pungkasan sami kaliyan tingkat sekolah dhasar ing wekdal sapunika. Sasampunipun lulus saking sekolah kasebat lajeng piyambakipun sinau kaliyan satunggaling guru. Ing wekdal kasebat, keturunan Tionghoa boten kénging mlebet sekolah Walanda, amargi ingkang pareng mlebet sekolah punika inggih namung putra bangsawan utawi gadhah pangkat.[2] Kwee Tek Hoay nikah kaliyan Oei Hiang Nio ing sasi Pebruari 1906 lan pinaringan tigang putra. Putranipun ingkang mbarep inggih putri kanthi nama Kwee Yat Nio ingkang ugi remen kaliyan babagan jurnalistik. Déné kalih rayinipun, Kwee Tjun Gin saha Kwee Tjun Kouw langkung remen ing babagan dagang. Ing tanggal 4 Juli 1952, Kwee Tek Hoay séda ing Cicurug, Sukabumi amargi dipunperjaya kaliyan saklompok prampok. Piyambakipun inggih tiyang ingkang sepisanan nyuwun supados jenasahipun dipunbakar lan wiwit wekdal punika kathah tiyang Tionghoa ingkang ndhèrèk jejakipun.[3]

Karya-karyanipun besut

Drama besut

  • Korbannja Kong Ek (1926)
  • Plesiran hari Minggoe (1927)
  • Korbannya Yi Yung Toan (1928)
  • The ordeal of general Chiang Kai Shek (1929)
  • Mait Hidoep (1931)
  • Pentjoeri (1935)
  • Bingkisan taoen baroe (1935)
  • Barang perhiasan jang paling berharga (1936)
  • Bidji Lada (1936)

Novèl besut

  • Boenga Roos dari Tjikembang (1927) Pernah dibuatkan filem dua kali padha taun 1931 olèh Wong Brothers, dan 1976 olèh Fred Young.
  • Drama dari Krakatau (1928)
  • Drama di Boven Digoel (1938).
  • Nonton Capgome (1930)
  • Zonder Lentera (1930)
  • Penghidoepannja satoe sri panggung (1931)
  • Drama dari Merapi (1931)
  • Soemangetnja boenga tjempaka (1932)
  • Pendekar dari Chapei (1932)
  • Bajangan dari Kehidoepan jang laloe (1932) diterbitkan dalam kalawarta Moestika Romans, belum dibukukan.
  • Pengalamannja satoe boenga anjelir (1938)
  • Asepnja Hio dan kajoe garoe (1940)
  • Lelakonnja boekoe (1940)
  • Itoe nona jang bertopeng biroe (1942)

Agama besut

  • Buda Gotama (1931-1933)
  • Sembahjang dan meditatie (1932)
  • Omong-omong tentang agama Buda (1935)

Sosial Pulitik besut

  • Atsal Moelahnja Timboel Perobahan Tionghoa yang Modern di Indonesia (1936-1937)diterjemahkan ke dalam basa Inggris olèh Lea Williams, The Origins of the Modern Chinese Movement in Indonesia (Southeast Asia Program, Cornell University, 1969

Cathetan suku besut

  1. [1][pranala mati permanèn] Dari China Town Jadi Kwee Tek Hoay (dipunundhuh tanggal 24 Januari 2013)
  2. 100 taun Kwee Tek Hoay: dari penjaja tekstil sampai ke pendekar pena. Penyunting Myra Sidharta. Sinar Harapan, 1989, Jakarta. Kaca 260.
  3. [2] Archived 2012-07-19 at the Wayback Machine. Kwee Tek Hoay (dipunundhuh tanggal 24 Januari 2013)