Maulana Hasanuddin
Maulana Hasanuddin iku kang dadi cikal bakalé Kasultanan Banten. Dhèwèké uga diarani Pangeran Sabakingkin lan nyekel panguwasa ing laladan Banten ing antarané taun 1552 - 1570.
Maulana Hasanuddin | |
---|---|
Sultan Banten | |
Panjenengan | 1552–1570 |
Leluhur | Sunan Gunung Jati (sultan Cirebon) |
Panerus | Maulana Yusuf |
Surud | 1570 Kasultanan Banten |
Astana | Masjid Agung Banten |
Putra | Maulana Yusuf Pangeran Sunyararas |
Wangsa | id:Azmatkhan |
Bapa | Sunan Gunung Jati |
Ibu | Nyi Kawunganten |
Agama | Sunni Islam |
Biografi
besutAdhedhasar Sajarah Banten, Maulana Hasanuddin iku putra saka Sunan Gunung Jati.[1] Bebarengan karo Karajaan Demak, Maulana Hasanuddin mèlu nelukaké Pelabuhan Kelapa udakara taun 1527. Nalika iku, pelabuhan mau isih dadi pelabuhan utama saka Karajan Sundha.
Sabanjuré, wewengkoné sumrambah tekan Lampung kanggo nguwasani asil tetanèn wujud mrica. Nalika iku, diadegaké bètèng Surosowan lan dadi kutharaja sawisé Banten madeg dadi karajan dhéwé.
Cathetan suku
besut- ↑ Hasan Muarif Ambary, Jacques Dumarçay, (1990), The Sultanate of Banten, Gramedia Book Pub. Division, ISBN 979-403-922-5
Artikel biografi Indonésia iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |