Kasultanan Banten
Kesultanan Banten | ||||||||||||
Kasultanan Banten | ||||||||||||
| ||||||||||||
Flag
| ||||||||||||
Wewengkon Banten ing mangsa Maulana Hasanuddin, yang menguasai Selat Sunda padha kedua sisinya
| ||||||||||||
Kutha krajan | Surosowan, Kota Intan | |||||||||||
Basa | Jawa, Malayu, Arab,[1] Sunda | |||||||||||
Agama | Islam | |||||||||||
Pamaréntahan | Kesultanan | |||||||||||
Sultan | ||||||||||||
• | 1552–1570 ¹ | Maulana Hasanuddin | ||||||||||
• | 1651–1683 | Ageng Tirtayasa | ||||||||||
Sajarah | ||||||||||||
• | Serangan atas Karajan Sunda | 1527 | ||||||||||
• | Aneksasi olèh Hindia-Nèderlan | 1813 | ||||||||||
| ||||||||||||
¹ (1527-1552 dados andhahan Demak) | ||||||||||||
Warning: Value specified for "continent" does not comply |
Kesultanan Banten punika sebuah kraton Islam ingkang naté madég ing Provinsi Banten, Indonésia. wiwitanipun sawétawis 1526, ing Karajan Demak mperluas prabawa ing kawasan pasisir barat Pulau Jawa, kaliyan naklukakné pintén-pintén kawasan pelabuhan lajéng dadosaken ing pangkalan militèr sarta kawasan dagang.
Maulana Hasanuddin, putéra Sunan Gunung Jati[2] gadhah peran ing penaklukan kasébut. sasampunipun penaklukan tersebut, Maulana Hasanuddin madég bètèng pertahanan ingkang dipunnamani Surosowan, ingkang ing ngajéng dintén dados punjer papréntahan sasampunipun Banten dados kesultanan ingkang madeg piyambak.
Ngantos 3 abad Kesultanan Banten mampu bertahan manawi nggayuh kejayaan ingkang saé, ing wekdal sami kaliyan penjajah saking Éropah sampun berdatangan lan nanem prabawa. Perang saudara, lan persaingan kaliyan kabetahan global punika ngerubetaken sumber daya utwi dagang, sarta gumanutung badhé persenjataan sampun nglemahaken hegemoni Kesultanan Banten manawi tlatahipun. Kekuatan pulitik Kesultanan Banten pungkasan runtuh ing taun 1813 sadèrèngipun Pura Surosowan minangka simbul kekuasaan ing Kota Intan dipunahancraken, lan ing mangsa-mangsa pungkasan pemerintananipun, para Sultan Banten boten langkung saking ratu andhahn saking papréntahan kolonial ing Indhiya Nèderlan.
Pembentukan wiwit
besutIng wiwit kawasan Banten ugi dipuntepang kaliyan Banten Girang punika péranganing Karajan Sunda. Kedatangan wadyabala Karajan Demak ing ngandap pimpinan Maulana Hasanuddin ing kawasan mau sanèsipun kanggé perluasan wewengkon ugi kanggé penyebaran dakwah Islam. Lajeng dipunpicu déning wontenipun kerjasama Sunda-Portugal ing babagan ékonomi lan pulitik, hal punika dipunanggep saged mbahayakan kalungguhan Karajan Demak selepas kekalahan punika ngusir Portugal saking Melaka taun 1513. Atas dhawuh Trenggana, sami kaliyan Fatahillah nglampahi penyerangan lan penaklukkan Pelabuhan Kelapa sawatawis taun 1527, ing wekdal punika tsih merupakan pelabuhan utami saking Karajan Sunda.[4] Sanèsipun wiwit yasa bètèng pertahanan ing Banten, Maulana Hasanuddin ugi ngelanjengaken perluasan kekuasaan ing laladan penghasil lada ing Lampung. Piyambakipun gadhah peran ing penyebaran Islam ing kawasan mau, sanèsipun punika piyambakipun ugi sampun nglampahi kontak dagang kaliyan ratu Malangkabu (Minangkabau, Karajan Inderapura), Sultan Munawar Syah lan dipunanugerahi keris déning ratu mau.[5] Seiring kaliyan kemunduran Demak mliginipun sasampunipun minggal Trenggana,[6] Banten ingkang sadèrèngipun vazal saking Karajan Demak, wiwit nglepasaken piyambakipun lan dados kraton ingkang swatantra. Maulana Yusuf putra saking Maulana Hasanuddin, naik singgasana ing taun 1570[7] ngelajengaken ekspansi Banten ing kawasan pedalaman Sunda kaliyan naklukaken Pakuan Pajajaran taun 1579. Lajeng piyambakipun dipun-gantos putranipun Maulana Muhammad, ingkang nyobi nguwasani Palembang taun 1596 dados péranganing usaha Banten ing mempersempit obahan Portugal ing nusantara, nanging gagal amargi piyambakipun ninggal ing penaklukkan mau.[8]
Cathetan suku
besut- ↑ Titik Pudjiastuti, (2007), Perang, dagang, persahabatan: surat-surat Sultan Banten, Yayasan Obor Indonésia, ISBN 979-461-650-8.
- ↑ Uka Tjandrasasmita, (2009), Arkéologi Islam Nusantara, Kepustakaan Populer Gramedia, ISBN 979-9102-12-X.
- ↑ From Valentijn, Beschrijving van Groot Djava, ofte Java Major, Amsterdam, 1796. Ludwig Bachhofer, India Antiqua (1947:280) notes that Valentijn had been in Banten in 1694.
- ↑ Sejarah Cirebon, PT. Balai Pustaka.
- ↑ Titik Pudjiastuti, (2000), Sadjarah Banten: suntingan tèks lan pertalan dipunsertai tinjauan aksara lan amanat.
- ↑ Fernão Mendes Pinto, Rebecca Catz, (1989), The travels of Mendes Pinto, University of Chicago Press, ISBN 0-226-66951-3.
- ↑ Hasan Muarif Ambary, Jacques Dumarçay, (1990), The Sultanate of Banten, Gramedia Book Pub. Division, ISBN 979-403-922-5.
- ↑ Keat Gin Ooi, (2004), Southeast Asia: a historical encyclopedia, from Angkor Wat to East Timor, Volume 1, ABC-CLIO, ISBN 1-57607-770-5.
Kapustakan
besut- Hussein Jayadiningrat, Critische Beschouwing van de Sadjarah-Banten, Disertasi Dhoktor, 3 Mèi 1913, Universitas Leiden.
- Guillot, Claude, Lukman Nurhakim, Sonny Wibisono, Banten avant l'Islam-Etude archéologique de Banten Girang (Java Indonésie) 932 (?)-1526 ("Banten sebelum Islam-Studi arkéologis tentang Banten Girang 932 (?)-1526"), École française d'Extrême-Orient, 1994, ISBN 2-85539-773-1
- Guillot, Claude, Lukman Nurhakim, Sonny Wibisono, "La principauté de Banten Girang" ("Karajan Banten Girang"), Archipel, Tahun 1995, Volume 50, halaman 13-24
- Ricklefs, M. C., A History of Modern Indonesia since c. 1200, 2008 (terbitan kaping 4)
Pranala njaba
besutWikimedia Commons duwé médhia ngenani Banten. |
- Sia-sia, Kalau Bangkitkan Sosok Sultan Banten. Harian Kompas, 28 Maret 2003
- Menunggu Kembalinya Sultan Banten. Républika, 7 September 2003[pranala mati permanèn]
- Ribuan Peziarah Serbu Masjid Agung Banten. TempoInteraktif, 26 Oktober 2006
- Kesultanan Banten? Wallahualam…. Harian Kompas, 26 April 2003[pranala mati permanèn]