Sedhèrèk Trendingusaha, Sugeng Rawuh wonten ing Wikipedia basa Jawi!
Jawa-wiki-21.png
Memulai
Miwiti
Bantuan
Pitulungan
  • Pitulung:Isi - papan kanggo nggolèk informasi carané cawé-cawé ing Wikipedia, sakdurungé takon karo panganggo liyané.
  • FAQ - pitakonan sing asring ditakokaké babakan Wikipedia.
  • Wikipedia:Portal komunitas - informasi kegiatan ing Wikipedia.
  • Supaya ora salah nggawé artikel wacanana larangan iki
Tips
Pituduh praktis
Membuat kesalahan?
Gawé Keluputan?
  • Aja wedi.! Panjenengan ora usah wedi nggawé kesalahan nalikané nggawé artikel utawa kaca anyar, utawa nyunting lan mbusak tulisan.

    Pengurus lan para panganggo liyané bakal ngawasi owah-owahan anyar lan mbalèkaké tulisan asliné menawa ana kaluputan tulisan.

Welcome! If you are not an Javanese speaker, you may want to visit the Javanese Wikipedia embassy or a slight info to find users speaking your language. Enjoy!
Sugeng makarya, mangga sami-sami nyunting lan ngrembaka aken Wikipedia basa Jawi!

--HsfBot (rembugan) 22 Maret 2017 13.01 (UTC)

SetrupBesut

Setrup iku wedang gulo ditambahi sirup roso strowberry. Cara nggawene gampang. Setrup biasane di suguhno kanggo poro tamu wayahe riyoyo utowo lagi ono nduwe gawe. Biasane nganggo banyu anget koyo nggawe teh. Strup sing paling terkenal Cap Kapal Layar sing di kemas botolan.

ArtikelBesut

Sugeng énjang Mas. Artikel panjenengan kula pindhah dhateng ngriki. Panjenengan angsal nyobi ngothak-athik artikel wonten ing riku. Sumangga :) Wirjadisastra (rembugan) 16 April 2017 00.58 (UTC)

MbudugBesut

Mbudug nggih meniko patilasan wonten kuburanipun ing Desa Jadi Kecamatan semanding Kabupaten Tuban. panggenanipun wonten ing tengah sabin. Posisinipun kados wajan ingkang kemurep.Sangking critanipun wargo Njadi, Mbuduk meniko dados asal usul Desa Njadi , nggih meniko singkatan saking Wajan Gedi (Jadi)

PRAWAN JAWA SURINAMEBesut

Ing tahun 1880 tumeka tahun 1930, kira-kira 50 ewunan wong Jawa digawa dening Pamarentah Walanda menyang Guyana Walanda (saiki Republik Suriname) dadi kuli perkebunan ing kana. Nak kumanak nganti saiki, wong Jawa ing kana ngetrepake Budaya Jawa lan tetep nggunakake Basa Jawa saben ndinane. Wektu iki kira-kira 25 % warga Republik Suriname keturunan Jawa, kaya gambar “Prawan Jawa Suriname” iki. Menika ugi nggadahi asma campuran, kados Catty Atmodimejo, Ngamen Kromomarto. Amarga nenek moyangipun saking Jawi, asmanipun taksih dipun agem

CARIYOS RAMAYANABesut

Cariyos ramayana menika isinipun nyariosaken perang ageng antawisipun Rama Wijaya kaliyan Dasamuka, amargi rebutan garwa. Cariyos ramayana boten dipunmangertosi sinten ingkang nganggit. Ringkesaning cariyos miturut peranganipun kanda, inggih punika:

1. Balakanda

Balakanda inggih menika nyariosaken prabu Rama lan adhi-adhinipun uruhita utawa suwiti sekolah wonten ing pangginanipun begawan Wasesta. Wonten ing mriku Rama lan adhi-adhinipun wulang babagan olah ridaning kaprajuritan lan pamarentahan.

2. Ayodyakanda

Ayodyakanda inggih menika nyariosaken sasampunipun mumpuni (pinter) piyambakipun dipuntimbali begawan yugiswara lan begawan mitra supados wangsul dhateng Ayodya amargi wonten reresah wadya balanipun Dasamuka.

3. Aranyakakanda (warakanda)

Aranyakakanda (warakanda) isinipun nyariosaken Rama lan Shinta dipuntindhung saking Ayodya, dipundherekaken kaliyan adhinipun inggih punika Lesmana. Wonten ing wana Dewi Shinta dipuncolong kaliyan Dasamuka (Rahwana) lan Rama kepanggeh kaliyan Jatayu. Dewi Shinta ingkang dipuncolong dening Dasamuka banjur kabekta dhateng Alengka.

4. Kiskendha kanda

Kiskendha kanda isinipun nyariosaken Rama lan Lesmana kepanggih kaliyan Subali ingkang banjur dipunsirnakaken supados Sugriwa gelem ngrewangi perang lawan Dasamuka. Sasampunipun Subali musna, Sugriwa dipunwisuda dados rajanipun para kapi (ketek/wanara). Banjur Anoman dados duta (utusan supados madosi Shinta ing Alengka.

5. Sundarakanda

Sundarakanda isinipun nyariosaken persiapan perang, didal saking redi maliyawan lajeng/ lereng wonten ing redi mahendra. Sundarakanda menika ugi kawastanan nyariosaken Rama tambak, sasampunipun nambak Rama lajeng menggen ing redi sundara ngantos sawatawis kangge nata gelaring perang.

6. Yudhakanda

Yudhakanda isinipun nyariosaken kawontenanipun perang ngantos sirnanipun Dasamuka. Ugi nyariosaken Shinta obong kangge mbuktiaken kasucianipun.Shinta pangajak wangsul dhateng negari ayodya lan Rama Wijaya kawisuda dados Raja Ayodya.

KukusanBesut

Kukusan yaiku piranti kang digawe saka iratan pring kang dinam (Indonesia:dianyam). Wujude kaya kerucut utawa kaya tumpeng. Bagean pucuke bolong-bolong, gunane supaya sumupe banyu bisa mlebu ngeneki beras kang dikukus. Gunane pancen pas karo jenenge yaiku kanggo ngukus utawa adang. Carane, kukusan ditumpangne dandang banjur diwenehi nyaton, tujuane supaya sega utawa apa wae sing dikukus ora kacelup ing banyu wantu dandang. Jinising kukusan ana loro (2) yaiku kukusan lanang lan kukusan wedok. Kukusan wedok luwih dawa tinimbang kukusan lanang. Jaman saiki wis jarang wong nggunakne kukusan. Amarga saiki wis ana dandang kang digawe saka alumunium, banjur kukusane nganggo sarangan kang uga digawe saka alumunium. Dandang iki ora susah nganggo nyaton

Gotong royongBesut

Gotong royong kathah ingkang nyebut holobis kuntul baris,Paribasan menika wonten sejarahipin inggih menika rikala semanten tiyang tiyang jaler sami dipun peksa damel margi utawi mbabat alas kalih kumpeni walanda. Para tiyang jaler sami urut urutan kalih ngulungaken sesanggenipun kados selo, kajeng lan sak panunggalanipun. Piyambaipun sami cucul rasukan, namung ngangge awer awer kemawon amargi kraos benter, sumuk. Kangge mbakar semangat sami sanjang holobis kuntul baris. Artosipun kirang langkung kuntul nggih meniko kewan manuk ingkang tansah nggrombol sayuk rukun wonten pundi kemawon. Milo holobis kuntul baris saget kangge nyemangati kanti dipun langgemaken supados tenogo kangge gotong royong saget sami sayuk wedal ngangkat utawi nyurung ingkang awrat sanget. Sak menika filsafat gotong royong dipun kagumi kalih bongso lintu. Milo saget dados aset pariwisoto wonten ing Indonesia

Khasiyat Uwoh GedangBesut

Tanduran gedang mujudake tanduran paling akeh dhewe ing antarane tanduran woh-wohan liyane.. Tandhuran gedang (Musa spp.) asale saka Asia Tenggara, Afrika (Madagaskar), Amerika Serikat, lan Amerika Tengah. Macem-maceme tandhuran gedang ana papat, yaiku: sepisan, tandhuran gedang sing dimaem wohe tanpa dimasak dhisik, umpamane: Gedang Ambon, Susu, Raja, Cavendish, Barangan, lan Mas. Kapindho, jenis gedang sing dimaem sawise wohe dimasak, kaya ta: Gedang Nangka, Tanduk, lan Kepok. Katelu, gedang kang duwe isi kaya Gedang kluthuk lan Batu, kang luwih dimanfaatake godhonge. Kapapat, gedang  kang dijupuk serate kaya Gedang Manilla (Abaca). Tanduran gedang bisa urip ing iklim tropis, subtropis, lembab, panas, ing dataran rendah lan dataran tinggi kang dhuwure ora luwih saka 1600 saka lumahing segara Tanduran iki nyenengi lemah kang sugih humus/rabuk. Kira-kira umur 1 tahun, gedang wis bisa woh. Woh gedang kang mateng bisa awet nganti 10 dina ing tangane konsumen.

Tandhuran gedang bisa dimanfaatake saka ngisor menyang dhuwur. Wit gedhang bisa diolah dadi serat bahan klambi lan kertas. Banyu bonggol wit Gedang Gepok bisa digunakake kanggo obat disentri lan obat lara saluran kencing. Dekorasi manten umume uga migunakake wit gedang. Sakliyane kuwi wit gedang kang ora kanggo bisa dadi pakan kewan kaya wedhus ing musim ketiga, wayah angel sukete. Mendhuwur maneh, perangan liya saka tanduran gedang yaiku godhong. Godhong gedhang wis lumrah digunakake kanggo bungkus panganan kaya ta: arem-arem, meniran, bothok, garang asem, lan liya-liya. Godhong gedang kang diobong, awune dicampur minyak klethik (klapa) bisa kanggo tamba tatu kobong amarga duwe sipat ngademake kulit. Perangan sabanjure yakuwi woh gedang. Sakdurunge gedang dipangan, mesti kita langsung buka kulite gedang, lan buwang kulit gedang ing tempat sampah. Pranyata kulit gedhang bisa dimanfaatake kanggo gawe cuka. Kulit gedang kuwi mau difermentasi alkohol lan asam cuka saengga ngasilake cuka. Sakwise kulit gedang, kita ngrembug wohe. Sacara umum, kandhutan gizi ana ing woh gedang kang mateng antarane: kalori 99 kalori, protein 1,2 gram, lemak 0,2 gram, karbohidrat 25,8 mg, serat 0,7 gram, kalsium 8 mg, fosfor 28 mg, besi 0,5 mg, vitamin A 44 RE, vitamin B 0,08 mg, vitamin C 3 mg, dan banyu 72 mg. Woh gedang duwe telung gula alami yaiku sukrosa, fruktosa, lan glukosa kang menehi energi kanggo makarya. Kandhutan zat besi ing gedang dhuwur saengga nyegah anemia. Becike wong sing anemia dhahar pisang sedina kaping pindho. Gedang duwe kandhutan kalium kang dhuwur nanging endek kandhutan uyahe saengga bisa nyegah lan nyuda tensi. Mungguhe bocah sekolah, luwih becik mangan pisang sakdurunge budhal sekolah amarga gedang duwe kandhutan kalsium kang dhuwur saengga bisa mundhakake daya konsentrasi. Menawa lagi susah utawa stress, becike maem gedang amarga bisa ndandani mood kang ala, nenangake sistem saraf amarga kandhutan tryptofan lan kandhutan vitamin B kang dhuwur. Vitamin B6 lan B12 kang dhuwur ing gedang iku uga bisa netralisir racun nikotin saka wong-wong kang ngrokok saengga bisa ngusadani saka kecanduan rokok. Kanggo wong kang gerah liver, dhahar gedang karo madu bisa ngundhakake nafsu maem saengga bisa cepet sehat. Tumrap ibu-ibu kang lagi wiwitan ngandhut ngalami muntah-muntah saben esuk utawa kasebut morning sickness, becike uga ngakeh-ngakehi maem gedang. Sakliyane kuwi gedang duwe asam folat kang becik kanggo perkembangan saraf janin. Kanggo remaja putri becike migunakake gedang kanggo maskeran amarga bisa ngalusake kulit. Cara gawe masker gedang yaiku gedang dijur dadi bubur, ditambahi susu lan madu, banjur dienggo maskeran 30-40 menit. Banjur diraupi nganggo banyu anget, dibilas banyu adem. Maskeran gedang iki bisa dilakoni sesasi kaping pindho. Rambut kang rontok uga bisa diusadani nganggo gedang. Gedang uga duwe khasiat kaya antasida saengga bisa netralake keasaman lambung banjur bisa ngentengake kang duwe lara weteng. Kandhutan serat kang dhuwur ing gedang uga becik kanggo nglancarake bebuwang. Manawa pengen awet, gedang bisa diirisi cilik-cilik tipis, digoreng, lan didadekake kripik. Bisa uga digawe sale gedang, tepung gedang, ledre, lan getuk gedang. Bonggole gedang bisa digawe dhendheng. Dene jantunge gedang bisa dimasak sayur. Dipecel nganggo sambel kemiri, woalah....nyamplenge ora jamak. Gedang pancen duwe kasiyat sakgudang akehe, nanging becike yen dhahar sakcukupe wae. Amarga barang kang keladuk mesti ora becik.