Pasola
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Pasola ya iku dolanan perang-pérangan antarané rong golongan kang numpaki jaran lan padha mbalang lembing utawa tombak ing sawijining tanah sesuketan ing Sumba Nusa Tenggara Wétan.[1] Jeneng Pasola asalé saka tembung sola sing tegesé tombak kayu, banjur éntuk ater-ater pa- saéngga tegesé dadi dolanan kang nggunakaké tombak.[1] Pasola dadi péranganing rantaman upacara tradhisional sing ditindakaké déning wong Sumba sing isih ngenut agama asli sing diarani Marapu.[1] Padatan dolanan Pasola dianakaké ing patang désa sing ana ing Kabupatèn Sumbar Barat, ya iku ing Kodi, Lamboya, Wonokala, lan Gaura.[1] Déné upacara iki kaleksanan kanthi cara giliran ing antarané wulan Fèbruari nganti Maret saben tauné.[1] Pasola ditindakaké ing latar sing amba, ditonton warga saka rong golongan sing tandhing, masarakat umum, uga wisatawan asing utawa lokal.[1] Saben golongan ana 100 wong enom kanthi gegaman tombak sing digawé saka kayu pucuké bujel lan diamèteré kira-kira 1,5 cm.[1]
Sajarah
besutMiturut carita rakyat Sumba sing ngrembaka kanthi cara turun-tumurun, tradhisi Pasola diwiwiti saka carita sawijining randha ayu sing jenengé Rabu Kaba saka désa Waiwuang.[2] Rabu Kaba duwé garwa jenengé Umbu Dulla, salah sawijiné pemimpin ing Désa Waiwuang.[2] Ing sawijining dina, Umbu Dulla pamit marang garwané arep lunga nglaut karo pemimpin adat loro liyané ya iku Ngongo Tau Masusu lan Yagi Waikareri.[2] Nanging, ing tengah dalan wong telu mau owah pamikirané lan pungkasané milih lunga menyang sisih kidul pasisir Sumba kanggo nandur pari.[2] Mula, wong telu mau ora bali suwé banget saéngga rakyaté padha nganggep yèn wis mati ing sagara.[2] Rakyat nganakaké upacara perkabungan.[2] Ing kaanan iku, randha saka Umbu Dulla ya iku Rabu Kaba kasmaran karo Teda Gaiparona, salah sawijiné wong lanang saka Désa Kodi.[2]
Teda Gaiparona kepéngin ndhaup Rabu Kaba nanging dipenging déning kulawarga saka Rabu Kaba lan Teda Gaiparona. Ing pungkasané Teda Gaiparona lan Rabu Kaba kawin lari.[2] Ora suwé, Umbu Dulla bali karo pemimpin loro liyané.[2] Saiba kagèté Umbu Dulla nalika ngerti garwané wis didhaup wong liya.[2] Dhèwèké nyoba ngajak garwané bali nanging nulak amarga wis kadhung tresna marang Teda Gaiparona.[2] Kanggo nglancaraké bebojoané, Teda Gaiparona mènèhi ngganti marang Umbu Dulla sawatara belis (mahar) sing biyèn dibayaraké marang Rabu Kaba wujud jaran, sapi, kebo, lan piranti liyané.[2] Sawisé kabèh belis dilunasi, upacara panganténan Rabu Kaba lan Teda Gaiparona bisa kaleksanan.[2] Ing pungkasané adicara panganténan, Umbu Dulla njaluk warga Waiwuang nganakaké pista nangkep nyale (cacing laut) kanthi nindakaké tradhisi Pasola kanggo nglalèkaké rasa sedhihé amarga kélangan garwa.[2]
Prosèsi
besutUpacara pasola mesthi diwiwiti karo rantaman prosèsi adat nangkep nyale minangka wujud rasa syukur marang kanugrahaning Tuhan sing akèh kaya ta kasilé panèn.[2] Nyale ya iku basa tlatah Sumba kanggo cacing laut sing yèn metu kanthi gunggung akèh ing pinggir pasisir, iki dadi pratandha sing apik kanggo warga. Anané nyale dadi lambang kamakmuran kanggo masarakat Sumba lan masarakat ing saubengé.[2] Upacara nangkep nyale ing bengi wulan purnama lan dipandhégani déning Para Rato, pemuka adat Sumba.[2] Sawisé nangkep nyale sing kasil bisa nangkep nyale akèh banjur disidhangaké ing ngarep Majlis Rara Rato.[2] Yèn nyale lemu, saras, lan warni-warni mratandhakaké yèn taun mau bakal éntuk kabecikan lan panèné kasil.[3] Sawisé iku nembé upacara pasola bisa kaleksanan.[3] Nanging yèn nyale gering lan ringkih, bakal nekakaké bebaya lan Pasola ora bisa kaleksanan.[3]
Saben golongan ana 100 pamuda sing agegaman sola (tombak) sing kagawé saka kayu sing pucuké bujel lan diamèteré kira-kira 1,5 cm.[2] Rong golongan mau padha adhep-adhepan lan padha nyerang kaya paprangan tenanan antarané rong golongan ksatria Sumba.[2] Tradhisi pasola trakadhang gawé tiwas.[2] Nanging, kapitayan Marapu, kurban sing tiba utawa tatu minangka wong sing éntuk ukuman saka para Déwa amarga wis tumindak dosa utawa salah.[2] Getih sing metu dianggep bisa nyuburaké lemah lan tetuwuhan ing mangsa tandur saterusé.[2]
Mupangat
besutPasola duwé aji sakral amarga ritual-ritual sing kudu ditindakaké déning para tetua adat uga para peserta pasola dadi ritual njaluk pangestu.[4] Upacara adat Pasola uga bisa dadi cara kanggo nyawijikaké masarakat Sumba.[4] Nalika pasola kaleksanan, getih sing metu saka wong sing kena tombak dianggep bisa nyuburaké lemah lan kasil panèn bisa apik.[5]
Pranala njaba
besutCathetan suku
besut- ↑ a b c d e f g Pasola, Permainan Perang di Sumba(dipunundhuh 8 Dhésèmber 2012)
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w Tentang Tradisi Pasola Archived 2016-03-05 at the Wayback Machine.(dipunundhuh 8 desember 2012)
- ↑ a b c Tradisi Pasola, Sumba[pranala mati permanèn](diundhuh 8 Dhésèmber 2012)
- ↑ a b Tradisi Pasola[pranala mati permanèn](diundhuh 8 Dhésèmber 2012)
- ↑ Cerita tentang Pasola[pranala mati permanèn](diundhuh 8 Dhésèmber 2012)