Prajanjèn ing Janti

(Kaelih saka Prajanjian Giyanti)

Prajanjèn ing Janti (Prajanjian Giyanti) iku asiling rembug bedhamèn antarané VOC, pihak Mataram (diwakili déning Sunan Pakubuwana III), lan kang kraman yaiku saka golongané Pangéran Mangkubumi. Bedhamèn iki minangka putusan kanggo ngrampungi gègèran-gègèran kang kadadèn ing Tanah Mataram sapungkuré Sultan Agung.

Layang prajanjèn ing Janti 1755

Golongané Pangéran Sambernyawa ora mèlu teka ana sajroning parembugan bedhamèn. Sawisé layang bedhamèn iki ditapakastani, Pangéran Mangkubumi wiwit nglarag golongané Pangéran Sambernya. Banjur ing pungkasané Pangéran Sambernyawa uga bakal napakastani layang bedhamèn yaiku sajroning Prajanjian Salatiga.

Prajanjian kang ditapakastani ing tanggal 13 Fèbruari 1755 iki kanthi de facto lan de jure mratandhani rampungé Kasultanan Mataram kang mandhiri. Jeneng Giyanti dijupuk saka papan ginelaré prajanjian iki, yaiku ing Désa Giyanti (saiki papan mau pernahé ana ing Dhukuh Kertèn, Désa Jantiharja), ing sisih kidul-wétan kutha Karanganyar, Jawa Tengah.

Salah siji isine prajanjian yaiku nagara Mataram dipara loro kanthi rerincèn:

  • Tlatah kang mèlu Surakarta ing bang wetan, 1. Balitar, 2. Brebeg, 3. Nganjuk, 4. Pacé, 5. Srengat, 6. Kertasana, 7. Tulungagung, 8. Trenggalèk, 9. Kadhiri, 10. Majarata, 11. Basuki, 12. Rembang, 13. Balora, 14. Wanasaba, 15. Jagaraga, 16. Magetan.
  • Déné tlatah kang mèlu Ngayogyakarta, 1. Madiun, 2. Panaraga, 3. Samarata, 4. Maèspati, 5. Sidayu, 6. Pasuruan, 7. Pacitan, 8. Kalangbrèt, lan sauruté pasisir ing Gresik.
  • Ing bang kulon, sauruté Banyumas, pasisir kulon kabèh kaparo sigar semangka.[1]

Rujukan

besut
  1. Mangkunagaran, Pakempalan. Serat Babad Panambangan - 1918 (ing basa Jawa).