Kasultanan Mataram

(Kaelih saka Mataram II)

Kasultanan Mataram diadegaké déning Sutawijaya, putra Ki Ageng Pamanahan taun 1586. Sadurungé, kasultanan iki dadi pérangan kakuwasaning Kasultanan Pajang ing taun 1582, Sutawijaya wiwit misahaké laladan kakuwasané saka Pajang.

Nagari Mataram
1588–1681
Flag
Flag
Jembar wewengkon Mataram kang paling amba ing sangisoré pimpinan Sultan Agung Hanyakrakusuma (1613–1645)
Kutha krajan Kuthagedhé (1588–1613)
Karta (1613–1647)
Plèrèt (1647–1681)
Basa Jawa
Agama Islam, Kajawèn
Pamaréntahan Karajan
Sultan
 •  1588–1601 Panembahan Senapati
 •  1677–1681 Pakubuwana I
Sajarah
 •  Sédané Sultan Prabuwijaya saka Kasultanan Pajang 1588
 •  Pambrontakan Trunajaya marang Amangkurat I 28 November 1681
Sadurungé
Sawisé
Kasultanan Pajang
Kasunanan Surakarta
Kasultanan Yogyakarta

Wiwitan anane MataramBesut

Jaka Tingkir, Ki Ageng Pamanahan, Sutawijaya, Ki Penjawi diutus sultan Pajang kanggo mbedhah Kadipaten Jipang lan kasil nyidra Arya Penangsang. Ki Ageng Pamanahan banjur diparingi bebungah rupa alas ing Mentaok (saiki cedhak Kutha Gedhe, Ngayogyakarta). Laladan alas iki dibabat Ki Ageng Pamanahan lan banjur dhedhekah nèng kono. Papan anyar mau banjur ramé lan reja, dijenengi Mataram. Taun 1575 Ki Ageng Pamanahan séda, putrané ya iku Sutawijaya diréwangi Ki Juru Mertani kasil mbangun negara cilik mau dadi kuwat senajan isih klebu ing kukupan Kasultanan Pajang. Wiwit nglurahi Mataram, Sutawijaya wis wiwit ngatonake gelagat bakal mbaléla menyang Pajang kanthi ora tau séba marang sultan. Taun 1582 akhire kedadeyan perang antara Pajang lawan Mataram, panguasa Pajang wektu iku ya iku Arya Pangiri. Sutawijaya kang dibantu Pangéran Benawa kasil nelukaké lan malah banjur ngukup Pajang lan jajahane. Isiné kadhaton dipindhah menyang Mataram lan Sutawijaya jumeneng nata kang kapisan Mataram nganti taun 1601. Sutawijaya jejuluk Panembahan Sénapati.

LegitimasiBesut

Wong kang jumeneng Ratu kudu bisa aweh bukti dheweke duwé hak winisudha dadi ratu. Mula pusaka saka Pajang diboyong menyang Mataram. Saliyané iku, ratu kudu duwé drajat keturunan kang luhur. Mula para ratu ing Mataram nulisaké sarasilah werna loro, yaiku sajarah pangiwa kang nyaritakaké urutan leluhur Mataram sambung karo para ratu ing Majapahit, Singasari, Kedhiri, Pandhawa lan para dewata. Déné sejarah panengen nyaritakaké urutan sarasilah leluhur Mataram sambung karo para ratu ing Demak, para wali lan sambung ing Nabi Muhammad. Sejarah pangiwa lan panengen banjur dadi siji ing Ki Ageng Pemanahan. Anane sarasilah werna loro iki kanggo nguataké legitimasi para ratu Mataram gegayutan karo tradhisi (pangiwa) lan agama (panengen).

Raja-rajaBesut

Mundure Kasultanan MataramBesut

Kasultanan Mataram nemoni jaman keemasan nalika jumenenge Sultan Agung. Nanging sapungkure banjur wiwit mundur nalika anané peperangan rebutan kuwasa wiwit jaman Amangkurat II. Kadhaton Mataram ing kabedhah lan pindhah saka Plèrèt, Karta, Kartasura lan pungkasané ngalih ing Surakarta. Anane peperangan iki dadi luwih ruwet amarga anané VOC, kramane Trunajaya lan kramane bangsa Cina saka Batavia. Kukupan Mataram kang wis kasil nelukaké bang wetan (Surabaya lan Pasuruan), dhaérah pasisir lor lan bang kulon (Banyumas) akèh kang padha ngalih dadi kukupane Walanda. Kasultanan Mataram bubar nalika anané Prajanjèn Giyanti kang nyigar Mataram dadi negara 2 ya iku Kasunanan Surakarta lan Kasultanan Ngayogyakarta.

Uga delengenBesut

Kasultanan Pajang > Kasultanan Mataram > Kasultanan Yogyakarta lan Kasunanan Surakarta


 
Krajan ing Jawa

0-600 (Hindu-Buddha Mataram Kuna): Salakanagara | Tarumanagara | Galuh | Sundha | Kalingga | Kanjuruhan
600-1500 (Hindu-Buddha): Mataram Kuna, Medhang, Kahuripan, Janggala, Pangjalu, Singhasari, Majapahit, Pajajaran, Blambangan
1500-saiki (Islam): Demak, Pajang, Banten, Cirebon, Sumedang Larang, Mataram Enggal, Yogyakarta, Surakarta, Mangkunagaran, Pakualaman