Kadipatèn Mangkunagaran

(Kaelih saka Praja Mangkunagaran)
Aksara Latin
     

Kadipatèn Mangkunagaran utawa Praja Mangkunagaran (Jawa: ꦑꦢꦶꦥꦠꦺꦤ꧀ꦩꦁꦑꦸꦟꦓꦫꦤ꧀) iku praja ing Jawa Tengah kang isih madeg nganti sapréné. Bebarengan karo Kasunanan Surakarta, Kasultanan Ngayogyakarta, lan Pakualaman, Praja Mangkunagaran iku ahli warisé Karajan Mataram kang tau maréntah sapérangan gedhé Tanah Jawa.

Nagari Kadipatèn Mangkunagaran

ꦟꦒꦫꦶ​ꦑꦢꦶꦥꦠꦺꦤ꧀ꦩꦁꦏꦸꦤꦒꦫꦤ꧀

1757–saiki
Flag
Flag
Surya Sumirat Lambang
Surya Sumirat
Lambang
Pernahé Mangkunagaran
Wilayah Mangkunegaran 1830 (werna jambon ing sisih kidul-wétan)
Kutha krajan Kabupatèn Kutha Mangkunagaran
Basa Jawa
Agama mayoritas Islam
Pamaréntahan Monarki
Adipati
 •  1757-1795 Mangkunagara I
 •  1944-1946 (status diudhunké); w. 1987 Mangkunagara VIII
 •  1987-2021 Mangkunagara IX
 •  2021-petahana Mangkunagara X
Sajarah
 •  Prajanjèn Salatiga 1757
 •  Pengundangan Penetapan Pemerintah No. 16/SD Tahun 1946 (pembekuan) saiki
Sadurungé
Sawisé
Kasunanan Surakarta
Provinsi Surakarta
Provinsi Jawa Tengah

Praja Mangkunagaran diadegaké sawisé Prajanjèn Salatiga ing 17 Maret 1757, déning Radèn Mas Said kang sadurungé balané ing pambalélan karo pamané Pangéran Mangkubumi kang banjur dadi Sultan Hamengkubuwana I. Praja Mangkunagaran lestari nganti jaman pendudukan Jepang lan Indonésia mardika sawisé taun 1945. Sawisé taun 1945 banjur tanah wewengkoné, yaiku Karanganyar, Wanagiri disita ing pamaréntah Indonésia lan digabung karo Jawa Tengah. Banjur tanah Mangkunagara ing Surakarta, digabung karo tanah Kasunanan lan dadi Kutha Surakarta. Banjur tanahé kang wujud enklave ing Gunungkidul, Ngawèn disrahaké marang Daerah Istimewa Yogyakarta.

Wiwit taun 1990, Praja Mangkunagaran dipanggedhèni déning KGPAA Mangkunagara IX utawa uga ditepungi mawa asma Gusti Jiwa.

Garwa présidhèn Indonésia kapindho Soeharto: Bu Tien utawa asma jangkepé R.A. Siti Hartinah iku kerabat Mangkunagaran.

Sajarah dumadiné Praja Mangkunagaran

besut

Praja Mangkunagaran diyasa ing tengahé abad kaping 18 lan persisé ing 17 Maret 1757 déning Radèn Mas Said utawa Pangéran Sambernyawa kang banjur olèh gelar KGPAA Mangkunagara I. Tanah wewengkoné dijupuk saka tanahé Kasunanan.

 
Rerenggan kang kagawé saka wesi lan kuningan ing Pura Mangkunagaran, Surakarta

Kumpeni ngepung panguwasan ing Mataram

besut

Sawisé Vereenigde Oost-Indische Compagnie (Kumpeni) bisa nguwasani papan-papan kang wigati ingatasing lakuné dagang saha lelayaran ing saindenging Nuswantara, sarta wis ngedohaké para among dagang bangsa Éropah liya-liyané kang angejori dadagangané ing tanah iki ngriki apa déné Nagara Mataram, mungsuhé kang kuwawi dhéwé sarta kang katon marsudi teka indhaking panguwasané arep madeg-adeg pribadi, iku wis kabuktèn kasoran bola-bali, adegé Kumpeni — sasambungan karo gedhéné olèh-olèhané paprangan ing Nagara Walanda, wis bisa madeg dhéwé ora kajajah déning nagara liya (Spanyol)— iku saya banjur langlung santosa.

Ora namung meneng samana baé, nanging saya suwé saya mundhak gedhé panguwasané, nganti bisa nguwasani lemah laladan tanah Jawa pérangan njero. Let saabad saka titimangsa olèhé Sinuhun Sultan Agung kasor panglurugé perang arep mbedhah bètèng Walanda ing Batavia (1628-1629), V.O.C. olèh tambahan panguwasa saka kaparengdalem Ingkang Sinuhun Pakubuwana II, bisa nguwasani tanah Mataram. Mataram banjur kaplorod drajadé, wis lugu dadi tanah jajahan (1749).

Wiwit titimangsa iku tuwuhé panguwasan pangadilané Kumpeni ing samukara bab kang sasambungan karo jeroné Nagara Mataram ; putusan-putusané ing bab prakara iku mau banjur ana panguwasané Kompeni.

Sasurud-dalem Ingkang Sinuhun Pakubuwana II ing taun 1749, Ingkang Sinuhun Pakubuwana III gumanti jumeneng Nata. Munggah jumenengé iku ora kagawa saka wewenangé gumanti, nanging lugu amarga saka „sih kadarmané Kompeni".

Mataram koncadan katentreman

besut

Ing sadurung sarta ing sawisé lelakon bab pasrah saha nampèni gumantiné kang jumeneng Nata kaya kang mau ing dhuwur mau, wis ora kurang cetha kaya ngendi munggah ing sasambungané karo bab panataning Praja, banjur ana lelakon warna-warna kang ndadèkaké tuwuhé Ngayogyakarta sarta dumadiné Praja Mangkunagaran ing tengahé tlatah Kasunanan.

Mbarengi tedhaké Gubernur-Jéndral Van Imhoff papara ing tanah Jawa rawuh ing Sala (Juni 1746) parlu yasa prajanjian taun 1743 karo Ingkang Sinuhun Pakubuwana III; ing sapérangan wosing surasané, Kompeni sanggem ngakoni Sang Pangéran Adipati Anom ing tembé arep bisa gumanti jumeneng Nata. Saka panggalihdalem Ingkang Sinuhun saha panggalihé Sang Pangéran Adipati Anom arep bisa njagakaké pitulungé Kompeni kang sajatiné ya kagalih punjul prelu, amarga kanggo anyegah panduwané para Pangéran kang rumasa padha ndarbèni wewenang gumanti jumeneng Nata ; kaya mau wis bola-bali kalakonan wis kalebu lumrah, ing saben ana rembug sapa kang arep kacalonaké gumanti jumeneng Nata, iku banjur nuwuhaké dredah ing antarané para Pangéran, rebutan wahyuning Karaton.

Sapa baé kang jumeneng Nata (Sunan) wis keéna katamtokaké ing batiné panggalihé mungsuhan karo kabèh kang padha rumangsa uga ndarbèni wenang kapilih gumanti jumeneng Nata. Bisa uga kagawa saka Kompeni olèhé njumenengaké Nata ing taun 1704, iku njalari saya gedhéné dredah lan kemèrèn ing antarané para kang padha rumangsa nduwé wewenang jumeneng Nata.

Kagawa saka Kumpeni olèhé wis kalakon njumenengaké Nata, yaiku Ingkang Sinuhun Pakubuwana I kang raket banget pamitrané karo Kompeni, nanging jumenengé mau ora ndadèkaké panarimahé para Pangéran sawatara, pranatan laku-lakuné njumenengaké Nata ing Mataram, iku banjur ilang kasingkur ora ditetepi kaya adat padatané.

Kalebu ing golonganing mungsuh-mungsuhé Ingkang Sinuhun Pakubuwana II kang isih jumeneng pribadi ing Nagari Mataram sarta durung kapecah-pecah ana loro, yaiku rakadalem dhéwé Sang Pangéran Mangkubumi lan Radèn Mas Said, putra tetilarané Kangjeng Pangéran Arya Mangkunagara, kang kacaritaké kaluputan banjur dibuwang menyang Ceylon déning Kompeni. Pangéran Mangkunagara iku ya rakadalem Ingkang Sinuhun Pakubuwana II dhéwé.

Wis ing sajeroné Gègèr Cina (1741 — 1743) Radèn Mas Said mirong kampuh jingga nglawan Kompeni lan Ingkang Sinuhun; sanadyan Von Hohendhorff ing taun 1745 wis rambah-rambah olèhé ngrerepa, meksa durung bisa ngendhakaké karsané Radèn Mas Said.

Radèn Mas Said iku wiwit timur wis kulina ulah kridhaning ngayuda, sarirané kulina ngrasakaké bot répot saha rekasané wong kang maju ing paprangan, betah tarak lan tapa-brata, mula ya banjur kajuwara mumpuni kabisanané ulah ing ngayuda. Saka puteking panggalih banjur lolos saka praja lelana mardika, njajah désa ingadésa tuwin wana-wana kang wekasané ngumpul karo barisané kang rama paman Pangéran Mangkubumi kang nalika samana uga lolos saka Praja, amarga dihina déning Jéndral Van lmhoff nalika mertamu ing Kraton Surakarta.

Wiwitan lan wekasané paprangan ngrebut wahyuning Kraton kang kaping telu

besut

Sang Pangéran Mangkubumi lan Radèn Mas Said bareng wis kumpul dadi siji banjur wiwit mangun yuda. Ya paprangan iku kang banjur diarani "Paprangan ngrebut wahyuning Kraton kang kaping telu".

Kumpulé Priyagung loro iku saya santosa lan raket, amarga tinalènan ing katresnan; Radèn Mas Said kapundhut mantu déning rama paman Sang Pangéran Mangkubumi, dhaup karo putrané putri kang pambayun asma Radèn Ayu Inten, kang ing pungkasan olèh asma Kangjeng Ratu Bendara. Pramila iku loro-loroné ya ora gampang olèhé arep nelukaké.

Sanadyan perangé karo Kumpeni kerep kalah, nanging ora padha kemba ing panggalih. Papindhané kaya alang-alang (kambengan) kang padha tumiyung ing kalané katempuh ing jawah lan angin, nanging ora suwé bali ngadeg manèh, pulih kaya wingi uni. 13).

Sajeroné ana haruhara iku Ingkang Sinuhun gerah, nalika ngarepaké séda, yaiku ing surya kaping 11 Dhésèmber 1749, nganti lila legawaning panggalihdalem, tanah tlatah Mataram saisiné kaparingaké Kumpeni, ora mawa prajanjian apa-apa. Mangka ing kala iku wis ana kang ginadhang jumeneng Pangéran Adipati Anom.

Sang Pangéran Mangkubumi kang luwih mangerti sarta mirengaké gelad-geliding rembug-rembug ing Kadhaton, ora nama anéh bilih babar pisan ora karsa ngakoni lumuntané panguwasané Karaton marang Kompeni, mula nunggal dina baé banjur dhawuh, bilih sarirané kang jumeneng Nata ngrenggani Praja Mataram jejuluk Pakubuwana, angedhaton ing Ngayogyakarta. Von Hohendhorff, Gubernur tanah Jawa pasisir lor pérangan wétan, awawaton wewenangé kang katampi nalika kaping 11 Dhésèmber; yaiku wis cedhak banget karo titimangsa surud dalem Ingkang Sinuhun Pakubuwana II (20 Dhésèmber 1749) mbyawarakaké Sang Pangéran Adipati Anom samono gumanti jumeneng Nata jujuluk Sinuhun Pakubuwana III (15 Dhésèmber).

Kajaba iku Pangéran Buminata kang uga lolos saka Kedhaton kumpul Pangéran liya-liyaé, nanging banjur pepisahan, bali menyang Karaton manèh, kajumenengaké Pangéran Adipati Anom. Menggah ganti-gumantiné kang jumeneng iku mawa katerangaké luwih cetha yèn kalakoné tetep bisa jumeneng iku ora kagawa saka wewenang-wewenangé, nanging namung mligi saka sih kadarmané Kompeni.

Kabèh Pangéran kang isih ana sajeroné Kedhaton padha manut miturut dicepengi banjur dikirim menyang Semarang. Amerga saka iku ora nama anèh, yèn sapérangan gedhé saka para manggalaning Praja padha suda pangidhep saha sumungkemé marang kang jumeneng Nata ing Surakarta, rasané nggléwang padha manah prayoga angantepi Karaton ing Ngayogyakarta. Tuwan Hartingh ngarani, yèn jumenengé Ingkang Sinuhun Pakubuwana III iku, namung kanggo jalaran anyuburaké saakèhé masalah baé[1]

Déné perangé sekawit ing antarané kang padha musuhan, namung cilik-cilikan sawarna raméning reresah baé (gerilya) nganti tekan wekasané taun 1750. Sabubaré iku Kompeni ngirim wadya-bala saka Batavia prajurit aturan akèhé ora kurang saka 1500 wadya-bala pitulungan 3400, kawewahan manèh kuli cacahé 2000.

Kanggo angluluhaké kakuwatané kang padha mbaléla, Kumpeni angondhangaké, kabèh panggedhé, para Mantri tuwin lurah dalah saandhahané wong cilik, kang padha ngrujuki pambalélané para Pangéran mungsuhé Kompeni, yèn padha gelem ndarbèni rasa kaduwung munggah ing kalakuwan saha tindaké nglakoni mbaléla, iku padha ora arep katiban ing pidana (amnesti).

Ewadéné wadya-balané Kumpeni meksa ora bisa mrantasi gawé kaya pangarep-arepé, amarga sanadyan prajurité kang padha ngraman wis rambah-rambah kalah, saka ngendi-endi gumrubyug teka babantu tanpa kendhat, yaiku para kawula kang wedi kang mituhu piyandelé marang rah-tumrahé para Nata Susuhunan kang jumeneng satuhu kaya kang wis-wis.

Wadya-bala Kompeni ya bisa mbalèkaké kuwasané ing tlatah Kedhu, Ngayogya tuwin Bagelèn, olèh-olèh saka kamenangané, nanging ing wulan Oktober 1751 kalebu ing mungsuh manèh. Mayor Clerq bisa ngukuhi Kedhu, nanging ana ing Bagelèn Sang Pangéran Mangkubumi bisa ngremuk barisané Kompeni, malah tuwan Clerq kapupuh ing yuda (12 Dhésèmber 1751) ana ing sacedhaké Kali Bagawanta.

Ing wiwitané wulan Maart 1752 Sang Pangéran ngangsahaké wadya-balané dhateng bawahé Kompeni ing pasisir lor. Pekalongan bisa karebut. Para Bupati ing Pekalongan, Batang, Wiradésa lan Pemalang padha nungkul. Nanging bareng gagal panggebugé Tegal, sang Pangéran banjur budhal kondur marang Ngayogyakarta.

Amerga saka iku Sang Pangéran Mangkubumi ana ing sisih kulon wis gedhé panguwasané, nguwasani tlatah Mataram, Sokawati lan tanah paredèn sisih kidul. Radèn Mas Said nguwasani sisih wétan, yaiku Panaraga lan Madiyun.

Sakedhap papréntahan Kumpeni ing Batawi animbang parlu narik wadya-balané, kaklumpukaké ing pasisir prelu kanggo njaga kantor-kantoré dagang ing kana. Déné jajahané kang dumunung ing tanah Jawa pérangan jero, prasasat diculaké, ora arep kapikir manèh.

Nanging rancangan ngono mau durung nganti tumindhak, saka tansah kanggeg déning rangu-ranguning ati apa paprangan mau bisané ketemu tentrem disaranani mawa rembugan apa perlu dipeksa kabanjuraké mawa gegaman. Katemuné timbangan, ingatasé luhuring Kompeni luwih migunani saupama kabanjuraké perang, karuda-peksa nuju bisané tumunten sirep perangé. Ing tengah-tengahaning taun 1752 tanah-tanah ing pasisir lor kéna karebut manèh. Déné panempuhé kang kapindho, yaiku kang disénapatèni déning Von Hohendhorff ora bisa olèh kamenangan, amarga saka bisané mungsuh, prigel olèhé nindakaké gelar sarta ngepuh kakuwatané Kompeni. Tandhangé Kompeni kabibingung déning sontan–santunging gelar, saben nempuh diéndhani, wekasan barisané Kompeni kuwalahan, entèk kakuwatané.

Ing wulan November taun 1752 Kompeni patemon karo Radèn Mas Said ana ing Banyudana, sakulon Surakarta, perlu arep bedhami, nanging kuciwa déné ora ana wohé. Patemon kang tanpa wasana mau malah nuwuhaké congkrahé Sang Pangéran Mangkubumi karo Radèn Mas Said, kang banjur padha musuhan dhéwé. Sing padha macung mungsuhan perang maju dadi telung golongan.

Ing taun 1753 Pangéran Buminata lolos saka Praja banjur kumpul karo Radèn Mas Said. Ngono mau saya nggawé ribeté Von Hohendhorff. Surasané palapurané marang Pamaréntahan Kompeni, mratélakaké yèn „mèh ora bisa ngaturaké pamrayoga apa-apa kaya ngendi olèhé arep bisa nglestarèkaké jumenengé Ingkang Sinuhun, Nata kang kajumenengaké déning Kompeni mau; mangka ora ana Nata liyané kang bisa minangkani kabèh méliké Kompeni".

Wanci patemon karo Kompeni manèh (Mèi 1753), Radèn Mas Said gadhah pamundhut marang Kompeni supaya kang rayi Pangéran Tirtakusuma, yaiku kang kalèntu kakonduraké saka Ceylon banjur katahan ing Semarang, iku banjur kaluwarana. Apa manèh mundhut supaya layoné kang rama kagawa bali menyang tanah Jawa. Kajaba iku kang perlu dhéwé anaa sihé Kompeni nyengkakaké ing ndhuwur ing sarirané. Sanadyan ora dielokaké pamundhuté, nanging sajatiné kang dikarsakaké inggih bisa-a jumeneng Susuhunan.

Ing wulan Juli 1753 Kompeni ngirim wangsulan, usul sagah arep kajumenengaké Pangéran Adipati Anom ngrangkep Papatihé kang jumeneng kanthi anyanggemi mbiyantu nelukaké mungsuhé Ingkang Sinuhun. Nanging amarga saka Radèn Mas Said mentas bisa numpes barisané kang rama marasepuh, ora karsa nampa usulé Kompeni mau.

Amerga saka ora kaleksanan pamundhuté (Radèn Mas Said) jumeneng Susuhunan iku, prasasat awèh dalan ing liya kang uga mbetahaké (Sang Pangéran Mangkubumi). Wekasan bareng Kompeni wis amupus, bisa ngundhuh wohing pandamelé.

Wis nalika surya kaping 11 April 1754 tuwan Nicolaas Hartingh kang anggentosi tuwan Hohendhorff, inggih iku panggedhéning among dagang sarta kumetiré tiyang tanah ing Batawi kang paham banget marang basa lan adat carané wong Jawa sarta bisa ngleboni kapracayan marang wong Jawa kagawa saka olèhé mulat banget marang teteping kabèh sasanggemané ora tau cidra, nganti nyebal banget karo punggawané Kompeni cukup liya-liyané, nerangaké yèn Kompeni cukup ngreksa bawah wewengkoné dhéwé, liyané namung mligi nuju menyang katentremaning Nagara sarana lampah ora mawa adus ing getih nanging rerembugan alus, mupung kang suwau padha kumpul mbaléla ing Kompeni saiki padha cecongkrahan dhéwé. Pramila ora ana dalan liya kajaba banjur bedhami karo Sang Pangéran Mangkubumi kang nrima olèh panduman separoné Nagara, ora kaya panjangkané kang putra mantu (Radèn Mas Said).

Prajanjian ing Giyanti

besut
Pirsanana uga Prajanjian Giyanti

Nalika kaping 22 Sèptèmber 1754 tuwan Hartingh patemon karo Sang Pangéran Mangkubumi ana ing Padagangan antarané Grobogan karo Demak. Sanadyan kang dikarepaké déning Paréntah Hindhia sekawit arep njumenengaké Susuhunan Sang Pangéran Mangkubumi, nanging namung ambawahaké sapéranganing tlatah Surakarta kang sisih wétan, kagawa saka pangangseging barisané Radèn Mas Said, kanthi kasesa Sang Pangéran Mangkubumi énggal-énggal kajumenengaké, jejuluk Sultan Hamengkubuwana, ngerèhaké saparoné praja.

Miturut suraosing prajanjian ing antarané Kompeni lan Pangéran Mangkubumi, katetepaké ing Giyanti ing dina Kemis 13 Fèbruari 1755 padha nglairaké pangaksama arep nglestarèkaké tata tentremé Nagari, sarana sekabatan tulung-tinulung, Nagara kapérang dadi loro, sapérang-pérangané ana 53.100 cacah. Kajaba iku Kangjeng Sultan Hamengkubuwana isih nampa wewahan 33.950 cacah dumunung ing mancanagara; kang aji yaiku ing Madiyun, Kertasana, Jipan, Japan lan Grobogan.

Déné Ingkang Sinuhun ing Surakarta isih gadhah wewengkon ing tlatah mancanagara sawatara kalebu wewengkon ing Panaraga, Kadhiri ing sisih wétan lan Banyumas ing sisih kulon, kabèh ana 32.350 cacah, semana iku durung kaétung wewengkon cilik-cilik ing sawatara panggonan.

Saparoné tetempuh ing sataun-tauné saka ilangé wewengkon kabupatèn–kabupatèn ing pasisir, diwetokaké wujud dhuwit akèhé 10.000 réyal Spanyol, arep katampa Kangjeng Sultan.

Nalika surya kaping 15 Fèbruari 1755 Kangjeng Sultan patemon karo Ingkang Sinuhun ana ing Jatisari perlu memulih rengkaning panggalih lan nyambung taliné katresnan. Wiwit iku akèh Pangéran kang padha nungkul aris menyang Kompeni; mula Kompeni banjur bisa anyuda-nyuda cacahing prajurité.

Ing salah sijiné bab ing serat prajanjiané karo Kumpeni, Kangjeng Sultan gadhah sasanggeman bebarengan karo Ingkang Sinuhun lan Kompeni sumedya nelukaké kang putra mantu Radèn Mas Said. Kanggo nenangi kekendelané wadya–bala, Hartingh ngondhangaké sayembara, sapa kang bisa nigas janggané Radèn Mas Said arep tampa ganjaran 1.000 ringgit, panigasé janggané para Pangéran pandhéréké Radèn Mas Said uga kasedyan ganjaran dhuwit separoné.

Kadereng santering panggalih Radèn Mas Said karoban tandhing, éwadéné ora kemba olèhé mbanjuraké perangé.

Sesambungané perang mungsuh Radèn Mas Said

besut

Perangé Radèn Mas Said dikroyok telu, yaiku mungsuh Ingkang Sinuhun, Kompeni lan Kangjeng Sultan. Sanajan kerep dikepung ing mungsuh arep bisa tumpes, éwadénné tansah bisa ngoncadi. Bareng campuhing perang ing sakiwa-tengené Kali Semangka lan ing sacedhaké désa Sidakersa (18 lan 29 Oktober 1755) bola-bali tansah kaseser baé, Panjenengané banjur linggar mundur menyang Pacitan. Wadya-balané akèh kang padha mbalik kumpul karo wadya-bala ing Ngayogyakarta.

Kadhèrèkaké déning para punggawa kang isih padha setya, Radèn Mas Said kasembuh suraning panggalih mbanjuraké perangé. Kaprigelan ulah sontan-santuning gelar bisa mbingungaké mungsuh kang rambah-rambah kacélik, kablasuk-blasuk. Ing alas sacedhaké Blora kalakon bisa numpes wadya-balané Kompeni sabrigadhe, nganti tindhihé nemoni pati.

Pancèné Ingkang Sinuhun, Kompeni lan Kangjeng Sultan, telu pisan wis sarembug nedya bedhami karo Radèn Mas Said, nanging Radèn Mas Said puguh ing karsa, ngantepi tékading panggalih, karsa bedhami yèn Panjenengané bisa jumeneng pribadi ngerèhaké kabèh wewengkoning Nagara. Amerga saka karsané kaya ngono, bedhaminé banjur jugar tanpa wasana.

Saya rapet pangupangé mungsuh. Pusering wadya-balané Radèn Mas Said manggon ana ing Daha sarta wis rambah-rambah ngangkataké bala nggebug mungsuh. Wadya-bala Kasultanan wis bisa angepung rapet, éwadéné Panjenengané meksa isih bisa oncad mawa anilar wadya-balané kang wis nipis banget.

Dumadiné Mangkunagaran lan bedhami karo Radèn Mas Said

besut
 
Jawa Tengah ing taun 1757

Tuwan Hartingh satunggalé panggedhé Walanda kang limpat ing budi ora niyat arep numpes utawi nyirnakaké Radèn Mas Said, pupung nyarengi mangsakala kang becik, ora kendhat ing pambudidaya angrerepa Radèn Mas Said amrih karsa-a rukun karo Ingkang Sinuhun, ngèndelana olèhé rerempon. Akèh-akèh rembugé satemah Radèn Mas Said saka sithik nyondhongi pamrayogané Hartingh, amarga gadhah pangarep-arep ing wuri sasurudé Ingkang Sinuhun bisa uga gumanti, ngerèhaké Praja Mataram kabèh.

Ingkang rayi Pangéran Timur kautus sowan ing ngarsané Ingkang Sinuhun, perlu ngaturaké kabèh panyuwuné. Ing panyuwuné katitik yèn Radèn Mas Said ing sajeroné panggalih gadhah pangangkah bisané tanah Jawa iku dirèhaké ing Nata siji baé.

Éwadéné manawa meksa ora bisa kalakon pangarep-arepé panggalihé ya arep nrimah, uger minangka papanciné bisa mengkoni tlatah Nglaroh, Matésih, Keduwang lan Pacitan. Amerga saka atur pamrayogané Hartingh, Ingkang Sinuhun paring wangsulan, yèn bab pambagéning Nagari iku wis kabanjur ditindakaké éwadéné bab prakara pamundhuté tanah-tanah ing ngarep mau, mesthiné ya arep bisa karembug manèh.

Saka adhrengé Hartingh, Ingkang Sinuhun kapeksa marengaké paturané Radèn Mas Said, nyuwun patemon ana ing Grogol, sakidulé Kutha Surakarta, kang kalakon nalika surya kaping 21 Fèbruari 1757.

Ing surya kaping 17 Maret 1757 ngaanakaké patemon manèh ana ing Salatiga uga ditunggoni déning Papatih ing Ngayogyakarta. Wigatiné patemon namtokaké kalenggahané lan papancèné Pangéran kang cilik sarirané nanging saka sura, santosa lan wantering panggalihé, bisa nggawé oyag, retuning tanah Jawa, Radèn Mas Said banjur jinunjung ing lenggah jumeneng Pangéran Miji, lenggahé sangisoré Ingkang Sinuhun caket. Kajaba iku wenang ngagem upacara saubarampéning kaluhuran luwih tinimbang karo liyané. Déné lenggahé tanah 4.000 karya dumunung ing tlatah Keduwang, Nglaroh, Matésih lan ing gunung kidul (Surakarta sisih kidul-wétan lan Ngayogyakarta sisih wétan). Déne asma lan sasebutané Pangéran Adipati Mangkunagara.

Jumenengé iku tinalènan ing sumpah kudu setya tenan marang Kangjeng Susuhunan, Kangjeng Sultan lan Kompeni. Saben dina pasowanan (Senen, Kemis lan Setu) katetepaké sowan ing Kraton Surakarta. Apa manèh kudu ngèstokaké kabèh dhawuh timbalané Ingkang Sinuhun; sarta kudu dedalem ing sajeroning Kutha Surakarta.

Kaya ngono wekasané paprangan kang lawasé taunan. Saka pratikel lan rerigené Hartingh, pecahé Mataram kabagé-bagé, yekti wis kalakon, mungguh cethané katerangaké ing gambar pepethan paméranging Nagari ing sakiwa-tengené taun 1757 iki kang kapacak ing dhuwur iki.

Kaanan lan wates-watesé tanah lenggah kang kaparingaké

besut

Sadurungé ngrembug tanah 4.000 karya paringané Ingkang Sinuhun marang Radèn Mas Said kang banjur jejuluk Pangéran Adipati Mangkunagara, kaya ora ana alané saupama banjur nyawang rekasané kaanan ing tlatah Mataram kang, kapecah-pecah mau, kalebu tanah lenggahé Radèn Mas Said.

Paprangan mau ngrusakaké tanah Mataram kang sumau gemah ripah loh jinawi, cacahing jiwa suda, akèh kang padha téwas ing paprangan, kawulané nandhang kamlaratan, kacingkrangan uripé. Akèh papan kang suwung mluwa, paceklik tuwin pageblug iku dadi tabet tetilarané paprangan. Tanah-tanah sawah, pategalan sapanunggalané diidak-idak sarta dibesmi déning musuh.

Sawisé Ingkang Sinuhun saha Kangjeng Sultan ing taun 1755 wis padha patemon ing karukunan. Gubernur-Jéndral lan Raad van Indië ngaturaké layang marang panggedhéné Kompeni, surasané:

Nata loro-loroné padha mratélaké gedhéning kasangsarané para kawula ing sabubaré perang. Kakantunaning cacah (brayat) ora ana saprapat pétung sadurungé perang ; kaanan rekasané uripé para kawula ngono mau rata, saya manèh ing tanah-tanah pagunungan.

Hartingh bisa mbuktèkaké dhéwé, isih ing sajeroné taun 1761, yèn tanah-tanah panduman kang isih dadi wewengkoné Ingkang Sinuhun saha tanah kang kairisaké dadi wewenangé Kanjeng Sultan iku namung wujud lemah; nanging kakantunané cacah jiwa ora ana saprateloné.

Tumindaking pranatan pambagining Nagari ing taun 1755 njalari kisrah-kisruhing pèngetan kahanané tanah. Munggah baku kang dikarepaké iku paron tanah sigar semangka kang padha gedhéné. Para Bupati saandhahané patuh nggawa tanah lungguhé dhéwé-dhéwé kaparingan „wewenang milih Nata endi kang arep disuwitani. Mula tanah-tanah kang dumunung ing telenging Nagari lungguhé para abdidalem ing Kadhaton, iku pamanggoné banjur campur ora karu-karuwan.

Wosé baé kerep ana lelakon, ing tanah lungguh kang sekawit dadi gadhuhané panggedhé siji banjur ana panggedhéné loro kang njalari mindhaking cacahé panggedhé. Béda karo Nagaragung saha pusering wewengkoné Ingkang Sinuhun saha Kangjeng Sultan, kaya pratélan ing dhuwur, kang siji-siji kaerèhaké déning Bupati Nayaka 12, dunungé tanah campuran ora karu-karuwan, ora ana tengeran wates-watesé kang njalari tuwuhé akèh prakara ing bab-wewenang gadhuhan tanah lungguh sarta cecongkrahiné para kawula, ing désa-désa, iku pambagéné tanah ing mancanagara, kang kabagé dadi pérangan gedhé-gedhé. Tanah-tanah ing mancanagara mau ora kapecah-pecah manèh dadi tanah lungguh cilik-cilik, nanging, banjur dadi wewengkoné para Bupati kang kuwajiban nglumpukaké paos katur Sang Nata.

Déné tanah lenggahé Pangéran Adipati Mangkunagara kagawa saka gedhéning karusakané ing wanci paprangan sarta akèhé sudané jiwa kang téwas ing paprangan, iku wis cetha ora nyukupi pawetoné: mula kala semono temtuné gadhah prajurit kang mesthi cadhongé.

Tanah Kasunanan kang kaparingaké dhateng Mangkunagaran pamanggon sarta gedhéné kapacak ing ngisor iki[2]:

Tlatah Jembar ing jung Jembar ing kilomèter pasagi
Keduwang 141 4,002426 km2
Laroh 115 ½ 3,278583 km2
Matésih 218 6,188148 km2
Wiraka 60 ½ 1,717353 km2
Haribaya 82 ½ 2,341845 km2
Hanggabayan 25 0,70965 km2
Sembuyan 133 3,775338 km2
Gunungkidul 71 ½ 2,029599 km2
Pajang
(sakidulé dalan gedhé Surakarta-Kartasura)
58 ½ 1,660581 km2
Pajang
(saloré dalan gedhé Surakarta-Kartasura)
64 ¾ 1,8379935 km2
Mataram
(tengah-tengahé Ngayogyakarta)
1 0,028386 km2
Kedhu 8 ½ 0,241281 km2
Gunggung 979 ½ 27,804087 km2

Layang piagem bab wewenang lan kuwajibané Pangéran Miji (Kangjeng Pangéran Adipati Mangkunagara) kang kira-kira digawé nalika surya kaping 17 Maret 1757 ing Salatiga, iku digolèki ora bisa katemu.[3] Saupama isih ana kaya ya ora nyebutaké cetha dunung sarta watesé tanah bawah Mangkunagaran mau.

Sadurungé ngrembug pilah-pilahing wewengkon tanah kang kapérang-pérang mau, kaya perlu kaandharaké kepriyé réka-dayané Ingkang Sinuhun saha Kangjeng Sultan olèhé padha mranata kisruhing wates ing wektu pambagéning Nagari ing taun 1755. Amerga saiki banjur mbutuhaké banget marang anané register tanah gagayutan karo anané tanah lenggah wewengkon Mangkunagaran.

Kanggo nyapih para kawula Kasunanan lan Kasultanan kang padha dredah pradanda babagan prakara lemah, nalika surya kaping 26 September 1757 wakilé Nata loro-loroné mau banjur nggawé patemon ana ing désa Klepu. Désa Klepu iku ana ing sapinggiring dalan gedhé Surakarta-Ngayogyakarta (antarané Klathèn kutha karo Delanggu). Déné wigatiné patemon arep bebarengan nggawé register gedhé (legger) bab watesing tanah-tanah mau. Buku register gedhé babagan watesing tanah-tanah mau banjur diarani Buku ing Klepu.

Buku register gedhé babagan watesing tanah (Buku ing Klepu) kang kagawé tanpa pamrayogané Kompeni, iku suwé-suwé ora nyukupi (kurang sampurna), tandhané dredah prakara watesing tanah isih ajeg ora ana mendhané. Bukakan tanah anyar sabubaring perang, njalari lungséné pèngetan tanah (Walanda legger) mau.

Owah-owahan register kang ditata déning Kompeni ana ing Semarang kalakon ing taun 1773, isi pilah-pilahé kabèh wewengkon kalebu bawah Mangkunagaran, mawa katrangan dunung lan jembaré dalah cacah jiwané, katulis ing basa Jawa lan Walanda. Register iku padha dirujuki sarta kaanggep absah déning Papatih Surakarta tuwin Ngayogyakarta, yaiku nalika surya kaping 2 November 1773.

Babagan dhuwit

besut

Kajaba sariradalem Kangjeng Gusti Mangkunagara I dhéwé, dhasar sarta adegé Praja Mangkunagaran ing pamburiné iku, sapérangan gedhé kadayan saka sikepé wewakiling Kompeni.

Uga gedhé dayané Kompeni kang ing jaman samono nduwé wawasan yèn kaleksanané mecah-mecah Nagara mau, wis kamanah prayoga banget, nganti para Karajan Jawa wis ora bisa nggawé daya kakuwatan manèh prayoga kang sajatiné kurang prayoga sasambungan karo pamrihé. Sontan-santuné lelakon, pamecah-mecahé tanah ing Nagari Mataram kang migunani banget ing ngatasé Kompeni, iku bisa anumusi kaanan kosokbaliné, saya ing jaman samono wektu swasana ing siji lan liyané isih ngemu rasa arep gedhé piwales rasaning kalara-larané sarta katitik bola-bali olèhé para Nata isih gadhah pagedhongan panjangka angrebahaké jèjèrané.

Sanadyan katoné wis tentrem nanging sajatiné ing batin isih padha ngamot rasa kurang nrima sarta pingget ing panggalih, amarga saka pranatan pambagéning praja mau anané ya namung tansah nuwuhaké rasa èwoh pakèwohing laku.

Ing taun 1777 tuwuh pasulayan ramé ing antarané Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan nunggil Kangjeng Gusti Mangkunagara, kang amarga saka prajanjiyan ing surya kaping 17 Juli 1772, saya raket sasambetané karo Ingkang Sinuhun, musuh Kangjeng Sultan ing Ngayogyakarta. Wadya-balané wis tempuh padu ngarep. Nanging saka rerigené Kompeni banjur wurung bisa sirep.

Nyarengi gerahdalem Ingkang Sinuhun Pakubuwana III kang kari dhéwé, Surakarta katempuh wadya-balané Kangjeng Sultan Ngayogyakarta, nanging banjur ditanggulangi déning Kangjeng Gusti Mangkunagara I (1788). Amerga saka panggawéné Kompeni, Kangjeng Sultan sawadya-balané kapeksa mundur bali dhateng Ngayogyakarta. Déné Pangéran Adipati Anom ing Surakarta, kala samanten banjur bisa nampèni sasanggeman tetep arep gumanti jumeneng Pakubuwana IV.

Watara rong taun manèh, dhuwuri iku sabubaré Kangjeng Gusti Mangkunagara anggalih gadhah wewenang gumanti Nata ing Ngayogyakarta, sarta ya wis kalakon nandukaké gegaman, Kangjeng Sultan ngambali panglurugé marang Surakarta.

Prakara iku tumrap Kompeni angèl banget olèhé arep nyapih; nadyan bener wis bisa nggawé prajanjiyan telu (Walanda drie ledige acte), yaiku pranatan babandhingan kaluhuran kang bisa maremaké panggalihé para Nata (basa Walanda vergelijking en bevrediging) nalika surya kaping 28 lan 29 September 1790. Ing prajanjiyan mau ana surasané kang mratélakaké ilanging pangajengé Pangéran Mangkunagara gumanti Nata ing Ngayogya, mawa dikuwataké déning prajanjiyané Pangéran Mangkunagara, dhéwé, éwadéné Kangjeng Sultan ing Ngayogya isih asring karsa damel dhadhakan njarah tanah wewengkon Surakarta, nyulayani prajanjiyan kang sinartan sumpah kanthi absah (sawisé surya kaping 6 November). Kajaba iku mbarengi wektu Ingkang SinuhunPakubuwana 1V, saka panggosoké ngulama pitu (pangajengé nama Kyahi Santri tuwin Bachman), gadhah panggalih arep mungsuh Kompeni sarta kadakwa arep nempuh perang nglurug menyang Batavia.

Réhning Kompeni ora bisa migunakaké akal taktik divide et impera, pramila banjur golèk dalan liya, yaiku ngarem-aremi Pangéran Mangkunagara kanthi alusing patrap lan akal warna-warna, kang wekasané Kangjeng Gusti Mangkunagara bisa uwal pethal saka panguwasané Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan.

Pethalé mau mawa tampa sasanggeman papanci dhuwit apanage 4.000 mat (f 8000) satauné, kasangga ing sumpah dalah para putra-putrané sanggem yasa miturut marang Kompeni. Kajaba iku kudu ngunduraké prajurit Mangkunagaran kang tinanggenah nandhingi krodhaning prajurit Kasultanan.

Amerga saka pambudidayané Gubernur Greeve Kompeni bisa olèh pitulungan saka Kangjeng Sultan Ngayogya, samangsa Kompeni tetemu èwoh-pakèwoh (pasulayan) karo Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan. Kajaba iku Kompeni ngreksa adegé tansah mewahi kakuwatané nganti ora mlèsèd pétungé bisa mrabawani kaanan ing Kedhatoné Ingkang Sinuhun ing Surakarta, ing ngendi wis katitik kurang prayoga tangkepé wekasan bisa nglestarèkaké tata-tentreming Praja.

Pranatan kang nemtokaké wewenang ganti-gumantiné kang jumeneng ing Praja Mangkunagaran

besut

Ing serat prajanjiyan mau ing ngarep kang wosing surasané mratélakaké yèn Kangjeng Gusti Mangkunagara wis pethal saka Ingkang Sinuhun, banjur memitran karo Kumpeni, ana surasané manèh kang ngangkah raketé kang jumeneng dalah kabèh putrané karo Kompeni murih bisané Kompeni olèh pambiyantu ing sawanci-wanci ana perluné apa déné tambahan pranatan bab wewenang ganti-gumantié kang jumeneng ing Praja Mangkunagaran, kang arep kalampahan watawis rong taun manèh.

Sasurudé Kangjeng Sultan Hamengkubuwana ing taun 1792, sajaké arep ana dredah manèh rebutan sapa kang arep gumanti. Ora namung sikepé Ingkang Sinuhun, luwih manèh Kangjeng Gusti Mangkunagara, apa déné Pangéran ing Ngayogyakarta sawatara. Sing banget ndadèkaké aboting kuwajibané Gubernur Van Overstraten, iku ngreksa aja nganti kadadéan ana perang manèh.

Bareng ruweding kaanan ing Ngayogyakarta, wis kalakon bisa katata apik, sang Pangéran Adipati Anom ing Ngayogyakarta kang uga jejuluk Mangkunagara (putrané Kangjeng Sultan Hamengkubuwana I) gumanti kajumenengaké Sultan Hamengkubuwana II (2 April 1792). Déné Pangéran Mangkubumi putra kang sepuh miyos saka garwa padmi kajumenengaké Pangéran Adipati Anom.

Ing Surakarta pranatan kang nemtokaké wewenang ganti-gumantiné Nata uga banjur katata, putra sepuh saka garwa padmi kajumenengaké Pangéran Adipati Anom, calon kang arep gumanti jumeneng Nata.

Ora antara suwé Gubernur Van Overstraten golèk dalan rékadaya murih bisané wayahdalem Kangjeng Gusti Mangkunagara gumanti kang Éyang darbèni tanah-tanah lenggahé. Amerga Kompeni mbutuhaké banget marang anané Pangéran ing Surakarta dadi Pangéran Mangkunagara iku, dalan samangsa ana prelu mesthi arep mbiyantu Kompeni lan tenanan. Mangka kahananing praja kapétung ora nama kalah manawa katandhing karo Ngayogya. Saupama Kompeni utawa Ingkang Sinuhun katempuh mungsuh saka Ngayogya, gampang bisané olèh pambiyantu saka Pangéran kang bisa golong siji karo Kompeni saha Ingkang Sinuhun Surakarta, Kajaba iku perluné kang baku, bisa-a tansah ngalang-alangi raket-rukuné Kraton Surakarta karo Ngayogyakarta.

Pramula wis samesthiné bilih Ingkang Sinuhun anggalih abot ngeculaké (salawasé) tanah wewengkon kang samono jembaré. Nanging Van Overstraten bisa ngobahaké panggalihdalem Ingkang Sinuhun, wekasané nglilakaké lestariné tanah 4.000 cacah kadarbé ing Pangéran rah-tumrahing Mangkunagaran pilihané Kompeni, kausulaké Ingkang Sinuhun utawa kang jumeneng anggantèni, kanthi prajanjiyan rah-tumerahé Pangéran Prangwadana arep lestari ndarbèni tanah cacah kalebu Pangéran ing Mangkunagaran kang ora utawa kang ora arep suwita Ingkang Sinuhun utawi gantiné. (8 Agustus 1792).

Sabanjuré uga dicondhongi yèn Panjenengan dalem Prangwadana namung kéna nganggo sesebutan Pangéran nadyan mawa tambahan asma Prangwadana nanging ora kéna mawa sesebutan Pangéran Adipati.

Undha-usuking pangkat kalenggahané (gelar lan status) kasapadha karo Pangéran Arya Mangkubumi (Sedulurdalem Ingkang Sinuhun) utawa Pangéran Adipati Anom ing Kraton Surakarta.

Tanah lenggahé banjur bisa turun-tumurun, déné kang gadhah tanah isih lestari Ingkang Sinuhun. (Sanajan Ingkang Sinuhun iku prasasat ya namun nggadhuh tanah saka Kompeni waé). Déné sumpahé tumuju marang Ingkang Sinuhun lan Conipagnie.

Prajurit Mangkunagaran

besut

Sasurud-dalem Kangjeng Gusti Mangkunagara I, pepanci dhuwit 4.000 mat mau semuné kacabut bali.

Ing taun 1799 tuwan Van Overstraten kang saiku wis jumeneng, Gubernur-Jéndral awèh sumerep marang para Panggedhéné, Arya Prabu Pangéran Prangwadana iku samangsa ana mungsuh marani katemtokaké bisa mbiyantu Kompeni kaya mitra kang punjul setya. Kajaba iku Gubernur Overstraten ngusulaké supaya Pangéran Arya Prabu Prangwadana mau bisa-a nampèni ijol wragad kang diwetokaké kanggo perluning prajurit Mangkunagaran sajeroné kaangsahaké perang ngréwangi karépotaning Kompeni........ amarga kapikir wis samesthiné, murih bisané Kompeni saya luwih raket pamitrané karo Pangéran Prangwadana; Gubernur banjur kawenangaké ngwetokaké dhuwit 2.000 sps. (mat Spanyol) satauné minangka ijolé wragad perang kanthi prajanjiyan kang nemtokaké beciké tatanané prajurit, kaya-kaya kahanané semono iku.

Dhuwit papancèn mau banjur kagantung manèh. Nanging ing taun 1803 bareng arep ana perang karo Inggris, pepanci 2000 mat mau kabalèkaké manèh, kaya kang wis namung kanggo ing sawatara mangsa, mawa prajanjiyan ngingah prajurit kang akèhé padha karo kabèh para prajurit jaman perang kang kapungkur iku, supaya samangsa-mangsa ana perluné, Kompeni bisa anjagèkaké olèh pambiyantu 88).

Tuwan Daendels kang kala semono nata wangun wadya-bala kanggo penjagané Nagara, uga mikir marang kahananing prajurit Mangkunagaran. Malah nalika surya kaping 29 Juli 1803 banjur nggawé putusan kang wosé nggedhèkaké kakuwatané wadya-bala prajurit Mangkunagaran, kang bisa kajagèkaké gedhéning pitulungané marang Pamaréntah Walanda; pramula Kangjeng Pangéran Arya Prabu Prangwadana banjur kawisudha jumeneng Kolonèlé Sri Maharaja Nederland, kanthi prajanjiyan kudu ngingu:

Wadya dharatan 800
Wadya jager 100
Wadya jaran (kavallerie) 200
Wadyan agaman mariyem (artillerie) 50
Gunggung 1150

Wondéné kabèh senjata dalah wragadé arep dianakaké. Apa manèh kaparingan Ajudhan Mayor supaya awèh tuntunan marang tumindak kuwajiban tetepé wadya-bala kaya mesthiné.

Déné dhuwit papancèn 2000 Sps. mat. iku bésuk 1 Agustus arep diundhaki dadi 4000 mat, padha papancèné swargi Éyang. Apa manèh isih tampa blanja Kolonèl satauné 6.540 ringgit.

Ing wiwitané taun 1811 Legiun kabantokaké wadyabala Gouvernement marang Semarang prelu nanggulangi panempuhé wadyabala Karajan Manunggal; kala campuhé perang ana ing Jatingalèh tandhangé prajurit Mangkunagaran ora nguciwani, Sabubaré Jéndral Jansen, katetepaké kalah perangé (18 September 1811), Legiun banjur kasuwak. Miturut surasané layang kakancingané Raffles surya kaping 13 Fèbruari 1812 banjur kaedegaké manèh (kabalèkaké), padha karo kang wis ditemtokaké déning Daendels kaya mau ing dhuwur.

Kajaba iku dhuwit papancèn kanggo kapreluwaning prajurit kadadèkaké 1.200 mat ing sawulané. Dhuwit semana iku tumanja wragad dalah kabutuhané Legiun kabèh.

Salungané bangsa Karajan Manunggal saka tanah Jawa, adeging Legiun isih dilestarèkaké déning Pamaréntah Indhiya Nèderlan, sarta katitik gedhé lelabetané ing jaman perang ing tanah Jawa (Perang Dipanagara utawa ing basa Walanda Java-oorlog 1825-1830) mungsuh Pangéran Dipanagara, tuwin nalika ngambah nglurug menyang Acèh (1873-1874) mungsuh Krajan Acèh kang kala semono isih mardika..

Pangelaré tanah bawah Mangkunagaran kang kapisan

besut

Minangka ganjaran nalika ngréwangi Karajan Manunggal mungsuh Sultan Sepuh ing Ngayogya, apa déné Ingkang Sinuhun Pakubuwana IV, kang mbujuk mbaléla Pamaréntah Britanias, Mangkunagaran nampa wewahan tanah 1.000 cacah (240 jung) saka Raffles. Tanah semono mau kira-kira baé dijupuk saka bawah Kasultanan.[4]

Piyagem saka Raffles (babagan tanah) mau ora bisa tinemu. Nanging nitik anané katrangan ing taun 1832 nyebutaké tanah semono iku dumunung ana ing désa:

Tlatah Jembar ing jung Jembar ing kilomèter pasagi
Keduwang 72 2,043792 km2
Sembuyan 12 0,340632 km2
Mataram 2 ½ 0,070965 km2
Sokawati (sisih wétan) 95 ½ 2,710863 km2
Sokawati (sisih kilèn) 28 ½ 0,809001 km2
Ing èrèng-èrènging gunung
Merapi sisih wétan
29 ½ 0,837387 km2
Gunggung 240 6,81264 km2

Pangelaré tanah bawah Mangkunagaran kang kapindho ing taun 1830

besut

Sajeroné perang Dipanagaran, Kangjeng Gusti Mangkunagara II mbiyantu Pamaréntah Walanda, Ingkang Sinuhun saha Kangjeng Sultan.

Kala semono Jéndral Merkus de Kock kirim layang marang Jéndral Van Geen kang surasané mengkéné:

"Wiwit tuwuhé haruhara, Pangéran Mangkunagara katitik gedhé banget lelabetané, putra-putrané kerep maju dhéwé ing paprangan kanthi kaprawiran lan wantering manah, Pramula aku pracaya banget marang sang Pangéran apa déné marang putra-putrané lan prajurit ing Mangkunagaran kabèh."

Ing wiwitan anané perang Dipanagaran, Jéndral De Kock banjur awèh palilah marang Kangjeng Gusti Mangkunagara lan Ingkang Sinuhun nganakaké prajurit brandhal (vrijbuitercorpsen) kang kadhawuhan njarah-rayah ngrusak désa-désa padunungané mungsuh.

Rèhning Jéndral mau (wewakiling Pamaréntah Indhiya Nèderlan) gedhé banget kapracayané marang Kangjeng Gusti Mangkunagara, pramula nalika surya kaping 3 April banjur kawisudha jumeneng Ridder in de Militaire Willems-orde klas III.

Nalika surya kaping 24 April 1826 wektu ing tanah Jawa kurang prayoga kahanané, Pamaréntah Walanda banjur maringi layang panguwasan marang Kangjeng Gusti Mangkunagara kang surasané mengkéné:

"Aku awèh panguwasan marang putuku (Kangjeng Gusti Mangkunagara) kéna ndarbèni tanah wawengkon Surakarta lan Ngayogyakarta kang wis utawa arep kéna karebut saka mungsuh kang mbaléla ing Pamaréntahan supaya ing tembé wuri ing Surakarta tuwin ing Ngayogyakarta ora arep ana kang ngraman manèh".

"Éwadéné manawa panjenengané (Kangjeng Gusti Mangkunagara) nggalih prelu balèkaké tanah tlatah Surakarta kang wis karebut mau, prayoga banjur kapasrahaké marang Pepatih ing Surakarta, supaya kabalèkaké marang sapa kang wajib ndarbèni".

Sajeroné ana perang Kangjeng Gusti Mangkunagara dikuwasakaké ngerèh tanah-tanah mau dalah sawongé.

Amerga saka iku para komisaris ing Nagaragung banjur ngukuhaké kanggo sawatara mangsa, sawatara désa-désa bawah Ngayogya lan kabèh désa bawah Sokawati kapernah salor-wétané Sala iku dadi kagungané Kangjeng Gusti Mangkunagara, netepi surasané layang panguwasan (saka Pamaréntah), dianakaké ing sajeroning perang tanah Jawa. Sawisé iku banjur nampani tanah ganjaran mau akèhé 500 cacah (120 jung utawa kurang luwih 3,4 km2). Nanging piyagem tanah ganjaran kang kaping telu iku uga ora bisa katemu, pramula ora bisa mratitisaké titimangsané kang cetha.

Tanah bawah Mangkunagaran sawisé dielar kang kapindho iku kabèh ana 5.500 cacah, nganti tekan saiki iku kurang luwih isih semono gedhéné.

Sambungané prakara owah-owahan tanah wewengkon manèh

besut
 
Wewengkon Mangkunagaran ing 1830

Bareng tanah ing mancanagara kabèh wis kawengkon ing Pamaréntah Walanda, apa manèh sawisé tumindak owah-owahaning pranatan bab pilah-pilahing tanah ing Nagarung bawah Kasunanan Kasultanan wis cetha wates-watesé (ora worsuh banjur isih ana owah-owahan sawatara tumrap tanah wawengkon Mangkunagaran).

Tanah Mangkunagaran 64 jung kang dumunung ana ing gunung kidul sisih kulon, yaiku ing Ponjong lan Semano, kanthi rerukunan diijolaké tanah bawah Ngayogya 60 jung, kang dumunung ing Sembuyan, sakidul-wétané Sala. Tanah ing Sembuyan, akèh guwané kang disusuhi manuk lawèt yaiku ing Rongkob, Sumbri lan Songtoya. Tanah-tanah mau banjur katebas déning Pamaréntah Walanda. Namung ana tanah bawah Mangkunagaran sapanggonan kang lestari sumlempit (eksklave) ana ing Ngayogyakarta nganti taun 1945, yaiku ing Ngawèn, jembaré ana 6 ¼ jung.

Baliné tanah Surakarta kang sumlempit ana ing bawah Mangkunagaran mawa ijol-ijolan tanah, iku kalakoné let wetara suwé manèh.

Miturut surasané layang prajanjiyan antarané Kasunanan tuwin Mangkunagaran kang katitimangsan surya kaping 8 Juni 1905 (katetepaké mawa layang kakancingan saka Pamaréntah surya kaping 7 Agustus 1905 angka: 22, kaanggep wis dhumawuh wiwit surya kaping 11 Maret 1902), tanah Kasunanan kang padha kaslempit ana ing Wanagiri padha kakukut.

Ing buku karangané Radèn Ngabei Hanggapati Tjitrahoepaja ana katrangan pranatan ijol-ijolan tanah wewengkon Mangkunagaran karo Kasunanan ing taun 1918 lan 1924.

Sesambungan karo ijol-ijolan bawah mau, tanah-tanah Hadiwijayan lan Suryamijayan, kang suwé ora bisa putus sapa kang mengkoni, ing taun 1896 sawek bisa katata ing antarané Kasunanan lan Mangkunagaran.

Prakara tanah mau ing dhuwur iku tanah Kasunanan kang banjur dikuwasani Mangkunagaran, pamburiné nuwuhaké grejeg, yaiku, wiwit tumindaké owah-owahan tanah ing Nagarung taun 1831. Katrangan ing buku karangané Radèn Ngabei Hanggapati Tjitrahoepaja mratélakaké, yènh mulabukané tanah 500 karyaiku tanah lenggah paringé Ingkang Sinuhun Pakubuwana III marang putradalem (Kangjeng Ratu Alit) sakaro putradalem mantu Kangjeng Pangéran Arya Prabuwijaya, garwané Kangjeng Ratu Alit mau, yaiku, rama-ibudalem Kangjeng Gusti Mangkunagara II.

Sasédané Kangjeng Pangéran Prabuwijaya banjur tumurun marang Kangjeng Gusti Mangkunagara II. Dadi Kangjeng Gusti Mangkunagara II ing ngatasing tanah mau, kajaba wenang nggadhuh uga banjur jeneng tanah lenggah saka Kasunanan (akèhé 4.000 karya).

Bareng Kangjeng Gusti Mangkunagara II jumeneng Kolonel suwita Raja Walanda (1808), banjur angèl olèhé netepi wajibé ing Kraton Surakarta, gandhèngané karo tanah lenggah mau, mula banjur kaparingaké nggadhuh marang putradalem mantu kakalih, Kangjeng Pangéran Arya Adiwijaya II lan Kangjeng Pangéran Arya Natakusuma, kang padha bisa netepi kuwajiban ing Karaton Surakarta.

Turun-tumuruning warisan, tanah lenggah mau banjur tiba Kangjeng Pangéran Arya Adiwijaya IV lan Kangjeng Pangéran Arya Suryahamijaya III. Sasédané Pangéran loroh mau iku nganti tekan surud-dalem Kangjeng Gusti Mangkunagara V, sadurungé ana kang gumanti jumeneng nggentosi, banjur ana tatanan baliné tanah lenggah mau marang Kasunanan kalakon ing taun 1896. Sambungan Mangkunagaran marang Kasunanan akèhé f 100.000 ing wektu Mangkunagaran kekarangan dhuwit, banjur kaputus pundhat. Sabanjuré kang jumeneng Mangkunagara sumpahé ora perlu diseksèni déning wakilé Ingkang Sinuhun kaya mbiyèn, yaiku Papatihdalem, Supati Nayaka karo Pangulu, padha kapatah nampani sumpah kasetyané kang jumeneng Mangkunagara. Kejaba iku Mangkunagaran wis banjur ora kuwajiban makilaké Pangéran karo kanggo netepi wajibé pasowanan menyang Karaton Surakarta.

Pratélan ratu Mangkunagaran

besut

Cathetan sikil

besut
  1. Ing basa Walanda de gekroonde naarheid zelve.
  2. Soetarta Hardjawahana (1939:12)
  3. A.K. Pringgadigda (1939:12)
  4. A.K. Pringgadigda (1939:19)

Sumber

besut
  • P.B.R. Carey. 1980. The Archive of Yogyakarta. Reading: Oxford University Press
  • (ing basa Walanda) A.K. Pringgadigda. 1938. De Ondernemingen van het Mangkoenagorosche Rijk. Den Haag: Martinus Nijhoff
  • Kodhe basa ora trep. A.K. Pringgadigda. 1939. Doemados saha ngrembakanaipoen Pradja Mangkoenagaran. [sl]:[sn]. Diterjemahaké déning Soetarta Hardjawahana

Deleng uga

besut

Kasunanan Surakarta > Praja Mangkunagaran


 
Krajan ing Jawa

0-600 (Hindu-Buddha Mataram Kuna): Salakanagara | Tarumanagara | Galuh | Sundha | Kalingga
600-1500 (Hindu-Buddha): Mataram Kuna, Kahuripan, Janggala, Pangjalu, Singhasari, Majapahit, Pajajaran, Blambangan
1500-saiki (Islam): Demak, Pajang, Banten, Cirebon, Sumedang Larang, Mataram Enggal, Surakarta, Ngayogyakarta, Mangkunagaran, Pakualaman