Prejanjèn Giyanti

Perjanjèn Giyanti iku kesepakatan antarane VOC, pihak Mataram (diwakili déning Sunan Pakubuwana III), lan pihak pambrontak saka golongan Pangéran Mangkubumi sing dadi solusi kanggo salah sawijining prahara kang terus kadadéan ing Mataram sapungkuré Sultan Agung. Perjanjèn sing ditapakastani ing tanggal 13 Fèbruari 1755 iki kanthi de facto lan de jure mratandhani rampungé Karajan Mataram sing mandhiri. Jeneng Giyanti dijupuk saka papan dianakakéné prajanjèn iki, ya iku ing Désa Giyanti (saiki papan mau pernahé ana ing Dhukuh Kertèn, Désa Jantiharja), ing sisih kidul-wétan kutha Karanganyar, Jawa Tengah.

Naskah Perjanjian Giyanti 1755

Salah siji isine prangjanjen yaiku negara Mataram dipara loro kanthi rerincen :

Kang milu ing Surakarta ing bang wetan, 1. Balitar, 2. Brêbêg, 3. Nganjuk, 4. Pace, 5. Srêngat, 6. Kêrtasana, 7. Tulungagung, 8. Trênggalèk, 9. Kadhiri, 10. Majarata, 11. Basuki, 12. Rêmbang, 13. Balora, 14. Wanasaba, 15. Jagaraga, 16. Magêtan.

Dene bumi kang milu ing Ngayogyakarta, 1. Madiun, 2. Panaraga, 3. Samarata, 4. Maèspati, 5. Sidayu, 6. Pasuruan, 7. Pacitan, 8. Kalangbrèt, lan saurute pasisir ing Grêsik.

Ing bang kulon, saurute Banyumas, pasisir kulon kabèh kaparo sigar sêmăngka.[1]

RujukanBesut

Soedarisman Poerwokoesoemo, KPH, Mr (1985) KADIPATEN PAKUALAMAN, Yogyakarta: Gadjah Mada University Press.

  1. Mangkunagaran, Pakempalan. Serat Babad Panambangan - 1918.