Pulitik Etis utawa Pulitik Bales Budi iku pamikiran kang nyatakaké yèn pamaréntah kolonial duwé tanggung jawab moral tumrap kasajahtran pribumi. Pamikiran iki minangka kritik marang pulitik tandur peksa.

Munculé kaum Etis kang di pelopori déning Pieter Brooshooft (wartawan Koran De Locomotief) lan C. van Deventer (pulitikus) nyatané bisa mbukak mata pamaréntah kolonial supaya luwih migatèkaké nasib para pribumi kang mrihatinaké banget.

Tanggal 17 September 1901, Ratu Wilhelmina kang nembé munggah tahta negasaké sajeroning pidato pambuka Parlemen Walanda, yèn pamaréntah Walanda duwèni tanggung jawab moral lan utang budi (een eerschuld) marang bangsa pribumi ing Hindia Walanda. Ratu Wilhelmina banjur minangka sawijining kawicaksanan pulitik akang diarani pulitik etis, kang karangkum sajeroning program Trias Pulitika wujud:

  1. irigasi (pangairan), yasa lan ndandani pangairan-pangairan lan bendungan kanggo tetanèn
  2. èmigrasi ya iku ngajak sing ndunungi kanggo transmigrasi
  3. èdukasi, ya iku ningkatanké pangajaran lan pendhidhikan (edukasi).

Akèh wong kang nggathukaké kawicaksanan anyar pulitik Walanda iki karo pamikiran lan tulisan-tulisan Van Deventer, saéngga Van Deventer banjur dikenal minangka wong kang nyetusaké pulitik etis iki.

Kawicaksanan pisanan lan kaloro disalah gunakan déning Pamaréntah Walanda kanthi yasa irigasi kanggo perkebunan-perkebunan Walanda lan èmigrasi dilakokaké kanggo mindahaké sing ndunungi menyang laladan perkebunan Walanda lan didadèkaké pekerja rodi. Mung babagan èdukasi kang ana maknanébkanggo kamajuan bangsa Indonésia.

Prabawa pulitik etis sajeroning babagan pengajaran lan pendhidhikan duwé peran wigati kanggo ngembangaké lan njembaraké jagad pendhidhikan lan pangajaran ing Hindia Walanda. Salah sawijining tokoh saka golongan etis kang duwé jasa sajeroning babagan iki ya iku Mr. J.H. Abendanon (1852-1925) kang dadi Mantri Kabudayan, Agama, lan Kerajinan sajeroning limang taun (1900-1905). Wiwit taun 1900 iki madeg sekolah-sekolah, kanggo para priyayi lan rakyat biyasa kang mèh warata ing laladan-laladan.

Pranala njaba

besut