Reca Dwarapala
Situs Reca Dwarapala manggon ana ing sakuloné Candhi Singosari.[1] Reca iki digawé saka watu monolitik kang dhuwuré 3,70 m.[1] Jaman biyèn reca iki minangka lawang gerbang karajan Singhasari.[1]
Jeneng Dwarapala asalé saka basa Sansekerta kang duwé teges pengawal lawang gerbang.[2] Yèn miturut ajaran Saiva kang ana gandhèngcènèngé karo ajaran rong reca kang dadi panjaga lawang gerbang, tegesé reca Dwarapala kang cacahé loro manggon ana ing sisih kuloné Karajan Singhasari.[2] Ing ajaran Saiva, katulis Siva ing pucuk Kailasa kang digambaraké ing wujud Lingga.[2] Ana ing lawang gerbang sisih wétan, ana panjaga kang utama ya iku Ganesha utawa Ganapati.[2] Ing lawang gerbang sisih lor ana panjaga kang utama ya iku Bhathari Gori.[2] Ing lawang gerbang sisih kidul ana panjaga utama ya iku Resi Agastya.[2] Kang njaga sisih kulon ya iku Kala lan Amungkala.[2] Saéngga reca Dwarapala kang dianggep dadi lawang gerbang Singosari bisa dadi panggambaran tokoh panjaga lawang gerbang sisih kulon Siva ya iku Kala lan Amungkala.[2]
Wujud situs
besutReca Dwarapala digawé saka watu monolitik kang dhuwuré 3,70 m.[1] Miturut panlitèn saka BP3 Trowulan, reca Dwarapala duwé ukuran gedhé, ngadeg nganggo sikil siji maju sajangkah.[1][2] Yèn sakliwatan, reca loro kang dadi panjaga lawang gerbang iku kaya padha, saéngga diarani raseksa kembar.[1][2] Nanging tata tangan kang mbédakaké.[1][2] Reca Dwarapala kang manggon ana ing sisih kidul, tangan kiwa manggon ing nduwuré dhengkul kiwa.[1][2] Tangan tengené nyekeli gada kang ditelungkupaké mara mengisor.[1][2] Reca Dwarapala kang manggon ana ing sisih lor, tangan kiwa nyekeli gada kang ditelungkupaké, tangan tengen kaya "ngèlingaké" kanthi driji tengah diacungké mara mendhuwur, kang telu liyané dirapetaké ing dlamakan.[1][2]
Atribut kang dianggo déning reca loro iku kaya seram lan atos.[1][2] Sirahé nganggo iket kang dihias nganggo cumplung-tengkorakan.[1][2] Talingané nganggo anting wujud cumplung kang duwé jeneng Kapala Kundala.[1][2] Hiasan bahu diarani Sarpa Keyura ya iku kelat bahu kang awujud ula.[1][2] Hiasan gelang diarani Bhujangga Valaya, wujudé uga kaya ula.[1][2] Hiasan tali bahu kang mengisor mara weteng diarani Yajnopavita ya iku tali kasta kang wujud ula gedhé.[1][2] Ing ndhuwur wetengé nganggo sabuk kang diarani Udarabandha.[1][2] Ing guluné nganggo kalung saka cumplung kang diarani Kapala Hara.[1][2] Ing sikilé uga nganggo gelang saka ula, gelang iku diarani Bhujangga Nupura.[1][2]
Loro reca iku nggawa gada awujud Wajra.[1][2] Wajra ya iku lambang gludhug kang duwé kakuwatan gedhé.[1][2] Yèn dideleng, wangun gada saka raseksa ana bédané.[1][2]
Ing ngisoré reca raseksa nganggo kain sarung motif cumplung.[1][2] Akèh rerenggan-rerenggan motif cumplung kang dadi atribut-atribut reca Dwarapala kang dadi ciri langgam utawa gaya kasenian jaman karajan Singhasari kang dhedhasar agama Siva Buda aliran Tantra.[1][2]
Reco loro iku manggon ana ing sakiwa tengené dalan désa Candirenggo.[1][2]
Gladri
besut-
Reca watu dwarapala paling gdhé ing Jawa, jaman karajan Singhasari.
Uga delengen
besutWikimedia Commons duwé médhia ngenani Dvarapala. |
Cathetan sikil
besut
Artikel ngenani yasan tinamtu iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |