Ruan(阮) ya iku jeneng piranti musik pethik kanthi wujud bunder, duwé senar cacah papat, lan asalé saka Cina.[1][2] Ing Dinasti Qin sinebut Qin Pipa (ategesPipa Dinasti Qin) amarga rupané kang mirib karo piranti musik Pipa nanging duwé gulu dawa.[1] Jeneng Ruan asalé saka Ruan Xian, salah sawijining saka Tujuh Orang Bijak Rumpun Bambu ing mangsa Dinasti Jin Barat.[1] Amarga keahliane, jeneng Ruan didadèkaké jeneng piranti musik iki lan wiwit misuwur ing mangsa Dinasti Song.[1] Ing jaman iku, senar Ruan digawé saka sutra, nanging Ruan modern duwé senar baja.[2] Déné awake Ruan biyèn digawé saka gadhing, nanging saiki digawé saka kayu kang dipasang ing logam.[2]

Ruan

Jinis Ruan modern ana lima, ya iku Gaoyinruan (高音阮, Ruan bernada tinggi) kang ngasilaké swara sopran, Xiaoruan (小阮, Ruan Kecil) kang ngasilaké swara alto, Zhongruan (中阮, Ruan tengah) kang ngasilaké swara tenor, Daruan (大阮,Ruan Besar) kang ngasilaké swara bass lan Diyinruan (低音阮, Ruan bernada cendhèk) kang ngasilaké swaracontabass.[2] Ruan modern kang kang akèh digunakaké Opera CIna lan Orkestra Cina kalebu jinis piranti musik pethik (chordophone).[2]

Cathetan suku

besut
  1. a b c d Lim SK. (2008). Origins of Chinese Music. Jakarta: PT Elex Media Komputindo. Hal.87
  2. a b c d e Ruan Archived 2009-04-21 at the Wayback Machine., Cultural China. Diundhuh tanggal 1 Juni 2010.